Jalak surèn

(Kaelih saka Jalak suren)
Jalak surèn​​​​​​​​​

ꦗꦭ​ꦏ꧀ꦱꦸꦫꦺꦤ꧀

Saka Bengal Kulon
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Sturnidae
Génus: Sturnus
Spésies: S. contra
Jeneng binomial
Gracupica contra
Linnaeus, 1758

Jalak surèn (Sturnus contra) utawa jalak urèn[2] ya iku spésies jalak kang tinemu ing Anak Bawana India lan Asia Kidul-wétan. Manuk iki lumrahé tinemu sajeroning golongan cilik ing ngisor lembah lan dataran endèk. Jalak surèn biyasa tinemu ing kutha utawa désa, sanajan manuk iki ora wani kaya beo. Jalak suren ngasilaké pirang-pirang jinis suwara kanti kaya swara gemericik banyu. Pirang-pirang variasi wulu ana sajeroning populasi lan sakiwa-tengené lima subspesies dijenengi.

Deskripsi awak lan suwara

besut

Jalak suren kang ukurané sedeng (24 cm), wernané ireng lan putih. bathuk, pipi, garis swiwi, tunggir, lan weteng wernané putih; dhadha, tenggorokan, lan awak pérangan nduwur ireng. Warna ireng iki isih coklat ing manuk kang isih enom.[3][4] Iris wernane klawu; kulit tanpa wulu disekitar mata berwrna jingga; paruh merah kanti ujung putih; sikil kuning.[4]

Wulu lanang lan wédok katon padha.[3] lanang: duwé awak kang lurus lan luwih gedhé ketimbang wédok. wulu ndas lan punggung ireng legam, sarta buntuté sithik luwih dawa lan dadi siji.

Wedok: awaké katon mbundher lan cendak kanti warna ireng lan putihé rada suram, kurang lincah lan agresif kaya lanang.

Taksonomi

besut
 
Ilustrasi kapisanan ngenani jalak surèn déning George Edwards (1751)

Spèsies iki kalebu sajeroning génus Sturnus lan Sturnopastor ing jaman mbièn nanging studi kang anyar ora njurung jalak suren lumebu ing génus Sturnus kang nyebapaké mbaliké jeneng génus tuwa Gracupica.[5][6] Wis didhaku jeneng spésies "contra" asalé saka jeneng India kanggo iku, sanajan iki durung ditelusuri sebanjuré.[7]

 
ndas subspesies G. c. contra (nduwur), G. c. superciliaris (tengah), lan G. c. jalla (ngisor); ilustrasi déning Joseph Smit, 1890

Subspesies kang dinominasi (andedhasar deskripsi spésies kang diwenehikan Linnaeus ing 1758) tinemu mligi di sedawane pinggiran Kali Gangga nuju sisih kidul menyang Andhra Pradesh lan nuju sisih wétan menyang Bangladesh. Populasi jalak suren ing lor kidul India (saka Sadiya menyang Tirap lan Pareden Naga) dijenengi sordida (asliné Sturnus contra sordidus) déning Sidney Dillon Ripley ing 1950. Wujudé jalak suren iki béda karo jalak suren kang ana di India, ya iku pundak lan tengkuk kurang duwé motif garis. Populasi ing Manipur marang kidul tumuju Myanmar lan maring ngétan tunuju Yunnan duwé garis mata lan kalebu subspesies superciliaris kapisanan diterangaké déning Edward Blyth ing 1863. Subspesies ing Thailand, Laos lan Kamboja kalebu sajeroning floweri (Sharpe, 1897) sewentara subspesies jalla dideskribsikaké Horsfield ing 1821 tinemu ing Sumatra, Jawa lan Bali.[3][8]

Habitat lan distribusi

besut

Spèsies iki tinemu mligi ing dataran endèk nanging katemokaké uga ing ngisor bukit nganti 70 mèter ing nduwur lumah laut. dhèwèké tinemu mligi ing wewengkon cepak banyu. Distribusi utama ing India ana ing tepian Kali Gangga nanging nyebar nganti kali Krishna. Persebaran dhèwèké mundak, kanti populasi kang nggawé akèh panggonan anyar-anyar iki kaya Lahore (saka 1997[9]), Rajkot[10] dan Bombay (wiwit taun 1953[11]), uga mungkin dibantu déning dagang manuk sangkar lan ucul kanti sengaja.[12] Pola lingkungan déweké ing India mligi ing Rajasthan wis kabantu déning irigasi lan pola tetanèn.[13] Spesies iki uga wis mapananké déwéné ing Dubai, UEA.[1] Lan uga, jalak suren diintroduksi nganti Taiwan lan Pulau Honshu.[14]

Solah tingkah

besut

Jalak surèn lumrahé tinemu ana ing golongan cilik, mligi nalika golèk pakan ing sandhuwuré lemah nanging tetep nangkring ing wit utawa wangunan. Manuk iki ora wedi marang kéwan-kéwan kang luwih gedhé, kaya ta sapi, lan sok golèk pakan ing satengahing kumpulan kéwan mau.[15] Jalak suren ing satengahe golongan tansah ngetokaké swara-swara kang saut-sautan kanthi swara kang manéka warna kaya swara sempritan, swara getaran, lan swara ndhengung, swara klik lan océhan. Jalak surèn enom kang diingu bisa dilatih kanggo niru swara manuk liyané.

Jalak surèn lumrahé golèk pakan ing sawah, padhang suket, lan wewengkon kang kabuka kanggo golèk wiji, woh-wohan, gegremet, endhog gegremet, gegremet cilik-cilik, kupu-kupu, cacing lemah, [16] lan moluska kang racaké dijupuk saka lemah. Nalika golèk pakan, jalak surèn lumrahé mudhun menyang lemah lan nyedhaki sumber banyu ing panggonan kang ora jero.​ Kaya jinis jalak kang liya, jalak surèn sok nyongkel utawa mbuka lemah, nusuk-nusuk migunakaké cucuké kanggo ngetokaké panganan kang ana ing sangisoré lemah.[17] Saliyané iku, jalak surèn uga biyasa mudhun menyang panggonan banyu kang ora jero kanggo golék pakan. Jalak surèn duwé otot protaktor kang kuwat saéngga bisa mbongkah pérangan ngisoré suket lan matané uga duwé posisi kang pas saéngga jalak iki duwé pandeleng binokular kanggo ndheleng celah ing antarané cucuké.[18][19] Nalika arep turu, manuk jalak surèn sok ngetokaké swara seru. Pakulinan urip kaya iki sok ditemoni ing golongan cilik lan kadhangkala pasang-pasangan; jalak surèn biyasa turu wengi ing golongan gedhé kang saling njaga karo jalak surèn liyané.[15]

Prekembangbiakané

besut
 
Petarangan digawé saka gumpalan jrami mapan ing pang wit bungur gedhé (Lagerstroemia speciosa).

Mangsa kawin jalak suren ing India ana ing wulan Maret tekan September. Nanging ing Jawa lan Bali, prekembangbiakane ana ing wulam Dhésèmber tekan Juni, sanajan sawatara liya ana kang prekembangbiakane terusan sasuwéné taun.[20] Ing wulan Juli-Dhésèmber kalebu mangsa kurange prekawinan Jalak suren. Ing mangsa prekaawinan, cacahé manuk kang nglompok dadi mudhun cacahé, amarga padha golèk pasangan. Kanggo golèk pasangan, manuk iki ngetokaké swara ngundhang, ngepuk-ngepukake wulune lan ngoyang-nggoyangake endhase.

Jalak suren nggawé sarang utawa tarangan saka gumpalan jraami, kang digawé dadi kubah kanthi siji lawang lumebu ing sisihihe kang digawé ing wit gedhé. (asring ing wit bringin, pelem,[21] nangka, sonokembang,[22] dan pohon aren[23]) utawa ing struktur utawa wangunan kang digawé manungsa,[24] kadhangkala cedhak karo wewangunan manungsa. Ing alam liyar, jalak suren dilaporke manggon ing sarangkang ukurane gedhé, kandhi dawa 2 kaki ln dhiameter 18 inci.

Ing sisih tengahé, ana papan kang memper gronggongan kanthi jero 9 inci lan dhiameter 3 1/2 inci.[25] Nanging miturut pamanggihe W. Blewitt, sarang/tarangan jalak suren mapan ing kadhuwuran 10-15 kaki saka lemah. F.R. Blewitt uga duwé pamanggih dhedhasar panaliten ing Delhi, bilih jalak suren kembangbiake ing wulan Juni-Agustus.[21] Ing Jawa, sarang jalak suren sok digawé ing wit palem utawi ing rumpun wit-witan epifit.[20]

Basa liya

besut

Gladri

besut

Cathetan sikil

besut
  1. a b BirdLife International (2009). "Sturnus contra". IUCN Red List of Threatened Species. Version 3.1. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 12 Juli 2011.{{cite web}}: CS1 maint: uses authors parameter (link)
  2. Cakrawala (11 Novèmber 2011). "Jalak Suren Si Penjaga Rumah kang méh Punah". Cakrawala Online.[pranala mati permanèn](Kaunduh 25/11/12)
  3. a b c Rasmussen, P.C.; Anderton, J.C. (2005). Birds of South Asia. The Ripley Guide. Volume 2. Washington DC and Barcelona: Smithsonian Institution and Lynx Edicions. kc. 583.
  4. a b "Jalak Suren". Kutilang Indonésia. 25 April 2012. Diarsip saka sing asli ing 11 June 2012. Dibukak ing 25 November 2012.(Kaunduh 25/11/12)
  5. Zuccon, Dario; Cibois, Anne; Pasquet, Eric; Ericson, Per G. P. (2006). "Nuclear and mitochondrial sequence data reveal the major lineages of starlings, mynas and related taxa". Molecular Phylogenetics and Evolution. 41 (2): 333–344. doi:10.1016/j.ympev.2006.05.007. PMID 16806992.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  6. Lovette, I., McCleery, B., Talaba, A., & Rubenstein, D. (2008). "A complete species-level molecular phylogeny for the "Eurasian" starlings (Sturnidae: Sturnus, Acridotheres, and allies): Recent diversification in a highly social and dispersive avian group" (PDF). Molecular Phylogenetics & Evolution. 47 (1): 251–260. doi:10.1016/j.ympev.2008.01.020. PMID 18321732. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-02-05. Dibukak ing 2012-11-25.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  7. Sundevall, CJ (1846). "The birds of Calcutta, collected and described by Carl J. Sundevall". Annals Mag. Nat. Hist. 18: 303–309.
  8. Ali, S & S D Ripley (1986). Handbook of the birds of India and Pakistan. Volume 5 (édhisi ka-2). New Delhi: Oxford University Press. kc. 172–175.
  9. Murtaza, Syed Ali (1997). "Record of the sightings and breeding of Pied Mynah Sturnus contra at Lahore". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 94 (3): 569–570.
  10. Raol, LM (1966). "Unexpected bird". Newsletter for Birdwatchers. 6 (7): 9–10.
  11. George, NJ (1971). "The Pied Myna, Sturnus contra (Linnaeus) in Bombay". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 68 (1): 243–244.
  12. Naik, Vasant R (1987). "Nest of the Pied Myna Sturnus contra Linnaeus". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 84 (1): 210.
  13. Sharma SK (2004). "Present distribution of Asian Pied Starling Sturnus contra in Rajasthan" (PDF). Zoos' print journal. 19 (12): 1716–1718. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2012-03-21. Dibukak ing 2012-11-25.
  14. Brazil 2009, kc. 394
  15. a b Freare & Craig 1998, kc. 167–168.
  16. Turut 2010, kc. 79.
  17. Zuccon, Dario; Pasquet, Eric; Ericson, Per G. P. (2008). "Phylogenetic relationships among Palearctic–Oriental starlings and mynas (genera Sturnus and Acridotheres: Sturnidae)" (PDF). Zoologica Scripta. 37 (5): 469–481. doi:10.1111/j.1463-6409.2008.00339.x. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2016-04-12. Dibukak ing 2013-06-19.
  18. Beecher, William J. (1953). "A phylogeny of the Oscines" (PDF). Auk. 70 (3): 270–333. doi:10.2307/4081321.
  19. Mayr, Gerald (2005). "A new eocene Chascacocolius-like mousebird (Aves: Coliiformes) with a remarkable gaping adaptation" (PDF). Organisms, Diversity & Evolution. 5 (3): 167–171. doi:10.1016/j.ode.2004.10.013.
  20. a b   Austria 1993. Panduan Lapangan Pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada Univ. Press. hal. 352
  21. a b Hume 1889, kc. 386 –&#32, 387.
  22. Pandey, Deep Narayan (1991). "Nesting habitat selection by the Pied Myna Sturnus contra Linn". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 88 (2): 285–286.
  23. Turut 2010, kc. 78.
  24. Tiwari,JK (1992). "An unusual nesting site of Pied Myna". Newsletter for Birdwatchers. 32 (3–4): 12.
  25. Hume 1889, kc. 387.
  26. a b c d Lepage, Denis. "Jalak Suren (Sturnus contra) Linnaeus, 1758". Avibase. Dibukak ing 26 Mèi 2012.

Pratélan pustaka

besut