Larung Sesaji Pantai Tambakrejo
Larung Sesaji Pantai Tambakreja inggih punika salah satunggaling tradhisi kabudayan ingkang katindakaken ing kalurahan Tambakreja, kapanéwon Wanatirta, kabupatèn Blitar, propinsi Jawi Wétan saben malem satunggal Sura ingkang sampun katetepaken dados "warisan budaya takbenda" Indhonésia rikala surya kaping 16 Agustus 2019.[1][2] Larung Sesaji inggih punika kabudayan ingkang ngéntiraken maneka warni sesaji ingkang dipun tata rapi lan dipun tata ing wadhah ingkang kadamel saking deling saha isinipun sawetawis palawija saha endhas lembu ingkang lajeng dipun kambang-kambang utawi kailèkaken wonten ing seganten.[3] Kabudayan puniki dipun wontenaken setaun sepisan inggih punika tanggal 1 Muharam miturut kalender Islam, ingkang taksih dipun lestantunaken déning masyarakat Tambakreja nganti sapuniki.[4] Kabudayan ingkang wonten ing pantai Tambakreja menika minangka warisan saking leluhur.[5]
Sujarah
besutDipun cariyosake yèn tradhisi sesaji utawi larungan puniki asalipun saking kekésahan prajurit Mataram (anak buah Pangéran Dipanegara) naminipun Atmaja (Atma Wijaya) dhateng Pantai Tambakreja.[6] Sawetawis prajurit mlajar dhateng wana lan Atmaja mlajar dhateng Pasisir Kidul kanggé ngawontenaken syukuran ingkang dipun wastani minangka sesaji ngambang déning bebrayan ageng. Rikala Atmawijaya lan kanca-kancanipun 11 wonten ing papan puniku, Tambakreja taksih arupi wana ingkang kebak kalihan wit-witan ageng ingkang dipanggèni dhemit ingkang asring ngganggu manungsa. Awit saking punika Atmawijaya ngawontenaken upacara sesaji supados saged lenggah wonten ing papan kasebat tanpa dipun ganggu déning lelembut. Upacara puniki lajeng dados ritual wajib kanggé sedaya warga Tambakreja dalah anak turunipun ngantos sapuniki.[7] Tradhisi larungan puniki ugi mujudaken raos kurmati dhumateng Gusti, nganggep manungsa gesang sesarengan kalihan jagad gaib lan jagad sabuwana. Sadèrèngipun upacara adat punika, ing dalunipun dipun wontenaken Pagelaran ringgit ingkang kalebet prosèsi sesaji kanthi masrahaken seléndhang dhateng juru sesaji. Pambuka upacara kasebut ditandhani kanthi swantenipun gong lajeng dipun waosaken sujarah lan ancasipun sesaji.[8]
Lelampahan
besutUpacara sesaji ing wekdal puniki sampun bènten kaliham kawitanipun. Éwah-éwahan kalebet piranti kanggé sesaji, acara, lan wekdalipun.[9] Rikala jaman Atmawijaya awujud tumpeng mas, endhas ménda wendhit, cok bakal, 4 takir plonthang, lan areng kambang. Sesaji dipun lebetaken ing tampah lajeng dipun umbulaken (uculaken) menyang seganten sabibaripun donga. Upacara kawiwitan tabuh 10 dalu. Amarga 1 Sura puniku wiwitanipun wulan, mesthinipun langit peteng ndhedhet tanpa padhang rembulan. Wiwit taun 1984 ngantos saniki, upacara sesaji sampun owah sanget. Sesaji kanggé larung ingkang rumiyin naming satunggal, malih dados langkung kathah lan langkung ageng ukuranipun. Ing sesaji énggal wonten tumpeng gunung utawi tumpeng gelar unggul kanthi inggil 1,5 meter lan garis tengah 1 meter. Lajeng wonten woh-wohan kerucut ukuran 1,5 meter kanthi garis tengah 1,5 meter. Lajeng wonten endhas sapi kanggé ngganti endhas ménda wendhit.[10] Kajawi puniku, wonten tumpeng palawija lan menyan. Pungkasan, satunggal pikul ngemot sesaji asli saking Atmawijaya. Sesaji kasebat diarak saking Kantor Désa Tambakrejo dhateng pinggir Pasisir Tambakreja ingkang tebihipun 1,5 km. Araka-rakan kalajengaken déning 8 laré putri, 2 sing tanggel jawab mbekta 2 prau wosipun sekar seganten. Kajawi puniku, wonten wolung prajurit saking nèm-noman tukang jagi larung sesaji, inggih punika Mbah Sangkrah, kasusul sindhèn kalih ing sisih kéring. Kalajengaken déning Lurah Tambakreja, para pangrèh praja, lan warga désa. Dumugi pasisir, kathah kagiyatan ingkang dipun wontenaken kadosta pagelaran beksan. Acara ingkang utami inggih punika donga utawi mantra ingkang dipun waosaken déning Mbah Sangkrah ing sangajengipun sesaji. Sasampunipun donga, sesaji dipun arak malih dhateng pasisir Kilèn Tambakreja ingkang tebihipun kirang langkung 2 km.[11] Wonten sawetawis baita ingkang siyaga ngamot sesaji. Sinten mawon saged menyang tengah seganten kanggé ngaturaken sesaji, kajawi Mbah Sangkrah. Senadyan wonten éwah-éwahan ing jinis sesaji, prosèsi, lan péhak ingkang tumut, wonten satunggal bab ingkang boten saged kagantos, inggih punika sesaji saking Atmawijaya. Yèn wonten éwah-éwahan saking sesaji asli, tiyang-tiyang pitados bakal nemahi kadadeyan ingkang boten dipun kajengaken. Tuladhanipun, sesaji ingkang kakambangaken ing seganten bakal wangsul menyang Pasisir Tambakreja. Tegesipun sesajèn ingkang boten jangkep satemah larungipun boten katampi. Awit saking punika, para sesepuh désa kedah ngawontenaken sesaji malih kanthi kapisah lan kanthi alit-alitan.[12]
Panggénan
besutPasisir Tambakreja minangka pasisir ingkang resik lan éndah sinawang. Toya seganten biru lan wedhi pethak.[13] Wewengkon pasisir puniki gumelar dados lempongan ingkang panjangipun kirang langkung 10 km. Ombak pasisir Tambakreja boten patos ageng satemah cekap aman kanggé dolanan, utaminipun ing wayah sonten rikala toya seganten surut. Kasaénan pasisir Tambakreja inggih punika wontenipun désa warigaluh ingkang wonten baita ing gisik ingkang nambah kaendahanipun pasisir. Sami pados mina minangka pangupa boga ing sakiwa-tengenipun pasisir Tambakreja. Ing tlatah puniki ugi wonten papan palelangan ulam lan peken ulam, para rawuh saged tumbas ulam seger ingkang mentas dipun jala warigaluh.[14][15]
Rujukan
besut- ↑ Sholeh, Muhammad (2019-09-02). "Larung Sesaji Pantai Tambakreja Blitar Katetepaken Minangka Warisa Budaya Sanès Barang (saking basa Indhonésia)". Jatim Times. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Arif, Solichan (2021-08-09). "Ritual Larung Sesaji Satunggal Sura ing Pantai Kidul Bliter Ginelar Tinutup (saking basa Indhonésia)". Sindonews. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Warisan Budaya Takbenda | Beranda (kemdikbud.go.id)
- ↑ Rachmawati, Yuni (2021-08-12). "Larung Sesajèn Tradhisi 1 Sura ing Pasisir Kidul Blitar (saking basa Indhonésia)". Aksara. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-24. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Nur Ilham Hafidudin. (2020). Nilai Gotong Royong dalam Pelaksanaan Tradisi Larung Sesaji di Pantai Tambakrejo, Desa Tambakrejo, Kecamatan Wonotirto, Kabupaten Blitar, Provinsi Jawa Timur, Malang: Universitas Negeri Malang.
- ↑ Izzatunnisa, Aisyah Salma (2022-07-29). "Tradhisi Larung Sesaji Mujudaken Raos Sukur Warga Pasisir ing Blitar (saking basa Indhonésia)". Liputan 6. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Larung Sesaji 1 Suro di Pantai Tambakrejo Tahun 2019 - Info Blitar
- ↑ Yasin, Nur (2022-07-31). "Ritual Larung Sesaji Pasisir Tambakreja Blitar Rikala Wulan Sura (saking basa Indhonésia)". Pikiran Rakyat. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Riady, Erliana (2021-08-09). "Larung Sesajèn Suran Wonten ing Pasisir Tambakreja Blitar (saking basa Indhonésia)". Detik News. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Chusna, Asmaul (2019-09-02). "Warigalih Pasisir Tambakreja Blitar Gelar Larung Sesajèn (saking basa Indhonésia)". Antara. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ "Larung Sesaji Tambakrejo Blitar". Dinas Komunikasi dan Informasi Blitar. 2013-11-07. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-24. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Muhtarom, Imam (2021-01-03). "Ritual Sukur Bebrayan Tambakreja (saking basa Indhonésia)". Media Indonesia. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Ikrar, Syamsul. "Pasisir Tambakreja Blitar". Java Travel. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-24. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Daniswari, Dini (2022-05-20). "Pasisir Tambakreja ing Blitar Narik Kawigatosan (saking basa Indhonésia)". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-24.
- ↑ Larung Sesaji Pantai Tambakrejo Blitar • D'Travellers (travellersblitar.com)