Sedulur Sikep iku golongané wong sing ngupayakaké urip saben dinané jumbuh karo ajaran Samin utawa Saminisme. Sedulur Sikep mujudaké piwulang kang awujud kawruh lokal lan interaksi antarané manungsa lan alam. Sedulur Sikep dhéwé mujudaké tradhisi lan kabudayan kang kalebu ini budaya Jawa, mula Sedulur Sikep bisa ditemokaké ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan.[1][2][3][4][5][6][7]

Miturut kasebaré, ing Provinsi Jawa Wétan, masarakat Sedulur Sikep akèhé ana ing Kabupatèn Bojanegara, Kabupatèn Tuban, Kabupatèn Ngawi, Kabupatèn Blitar, Kabupatèn Gresik, lan Kabupatèn Madiun. Déné ing Provinsi Jawa Tengah, masarakat Sedulur Sikep bisa ditemokaké ing wilayah Kabupatèn Blora, Kabupatèn Rembang, Kabupatèn Grobogan, Kabupatèn Pathi, lan Kutha Kudus.[1][8][3][9][2][10]

Asal-usul besut

Anané Sedulur Sikep ora bisa uwal saka munculé ajaran Samin sing dirintis déning tokoh saka Kabupatèn Blora, Jawa Tengah sing jenengé Samin Surosentiko utawa Radèn Kohar,[8][11][3][12] mula Sedulur Sikep bisa uga diarani Sedulur Sikep Blora.[1][13][14][15][7] Radèn Kohar iku putrane Radèn Surowidjojo, kang uga kondhang perang nglawan Pamaréntah Kolonial Indhiya Nèderlan kanthi ngedegaké klompok perlawanan kang aran Tiyang Sami Amin.[16] Radèn Kohar uga dipercaya nduwèni garis katurunan saka Karajan Majapait.[8]

Ing sajarahé, Radèn Kohar tau nglakokaké kraman arupa pambrontakan marang Pamaréntah Kolonial Indhiya Nèderlan nalika taun 1890.[11] Nanging, ing buku The Samin Movement karya Henry J. Benda lan Lance Castles, perlawanan Radèn Kohar diwiwiti tanggal 4 Fèbruari 1907.[8] Kajaba iku, vèrsi liya uga ana saka antropolog Amrih Widodo ing karyané kanthi irah-irahan Samin ing The Order: The Politics of Encounter and Isolation, Radèn Kohar miwiti kraman Pamaréntah Kolonial Indhiya Nèderlan ing taun 1890-an.[16] Sanadyan ana béda wektu ing macem-macem vèrsi, nanging inti saka ajaran Samin tetep padha, yaiku mbélani hak-hak tani.[8][11][17][18][19]

Radèn Kohar banjur dicekel ing Rembang, Jawa Tengah déning Pamaréntah Kolonial Indhiya Nèderlan nalika taun 1914 lan diasingaké menyang Padang, Sumatra Kulon kanthi tuduhan kraman nganti tilar donya ing kono.[16]

Pergerakan besut

Sanajan dikenal minangka gerakan sing ciri khasé ngasingaké saka liyan, Sedulur Sikep nduwèni prinsip lan idhéologi populis, saéngga bisa nyebar lan ditampa ing pirang-pirang panggonan ing Jawa, utamané Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Ing taun 1900-an Sedulur Sikep lan ajaran Samin sing diugemi kasil nyebar tumuju maneka kutha ing jaba Blora, kayata Pathi, Bojanegara, Grobogan, Ngawi, Rembang, lan Madiun.[7][16]

Pamaréntah Kolonial Indhiya Nèderlan kang nangkep lan ngusir Radèn Kohar menyang Padang, Sumatra Kulon, ora nyuda perlawanan klompok Sedulur Sikep. Klompok Sedulur Sikep malah dadi luwih wani nggunakaké basa Jawa ngoko marang pejabat pamaréntah lan priyayi, amarga klompok Sedulur Sikep nganggep basa Jawa krama minangka wujud stratifikasi sosial sing nindhes.[11] Sakliyané iku, Sedulur Sikep uga digambaraké ora seneng karo wewenang apa waé amarga katon mbatesi.[1][16]

Prinsip besut

Ing perjuangané, Radèn Kohar mbélani hak-hak tani, salah sijine yaiku nglawan kebijakan pajeg lemah sing diputusaké dening Pamaréntah Kolonial Indhiya Nèderlan. Wiwit kuwi ajaran Samin - uga kalebu komunitas Sedulur Sikep - dikenal minangka cedhak karo unsur perlawanan lan kraman nglawan kabeh bentuk sistem kang ora adil, kalebu nglawan kolonialisme lan kapitalisme.[1][11][8][3][7]

Sawijining dina, filsuf lan élmuwan Jerman sing jenengé Karl Jaspers lan tokoh gerakan nasional, Tjipto Mangoenkoesoemo, nindakaké panelitian babagan ajaran Samin lan komunitas Sedulur Sikep. Kekarone nduweni analisis lan kesimpulan sing padha ngenani ajaran Samin lan Sedulur Sikep, yaiku ajaran kasebut minangka gabungan saka nilai-nilai agama Hindhu lan anarkisme tani utawa uga nduweni kacenderungan ekoanarkisme lan anarko-primitivisme.[1]

Konsep ajaran Samin sing diwujudaké déning Sedulur Sikep, yaiku:

  • Urip, sing dimaksud yaiku manungsa lan komponen pendukungé, yaiku panganan lan sandhangan.
  • Kabèh kegiatan manungsa kanggo nyengkuyung urip, yaiku sikep rabi (réprodhuksi) lan tata nggaata (ngasilaké panganan, sandhang, lan ngurusi lahan).
  • Dhemen janji, tegesé nalika nyambut gawé tetep janji lan ora kianat.
  • Ora ana wewenang, kayata agama utawa nagara.[1]

Ngutamakaké tetanèn besut

Kaya sing wis diandharaké sadurungé, masarakat Sedulur Sikep pancen ngutamakake tetanèn utawa agrikultur minangka pegawéan utama. Prinsip Sedulur Sikep anggoné ngatur tetanèn mung kanggo urip utawa nyukupi kabutuhan pangan saben dina, ora ana kepinginan kanggo ngéksploitasi alam kanthi skala gedhé. Étika lan etos kerja masarakat Sedulur Sikep sajroné njaga lan ngatur alam bisa diarani minangka salah sawijining sing paling apik, utamané ing upaya kanggo nanggulangi krisis pangan.

Konsep pawiyatan besut

Masarakat Sedulur Sikep uga nduwèni sistem pawiyatan dhéwé kanggo anak-anaké. Ing Sedulur Sikep, pawiyatan formal ora nggambaraké piwulangé Samin sing cedhak karo alam. Kanggone Sedulur Sikep, sekolah sing paling apik yaiku alam, salah sijiné awujud ngolah sawah. Nanging, dheweké isih mulang bocah-bocah sinau maca lan nulis ing omah.[11] Kajaba iku, konsep pawiyatan komunitas Sedulur Sikep uga mulang babagan lingkungan, katresnan, kakaluwargan, keadilan sosial, toleransi, peduli, gugur-gunung lan nilai-nilai positif liyané sing angel dipikoleh saka pandhidhikan formal.[7][8]

Bab kawinan besut

Minangka komunitas sing mandhiri, Sedulur Sikep mung ngidinake perkawinan antarane anggota utawa panganut ajaran Samin. Yen ana panganut Sedulur Sikep utawa ajaran Samin sing arep rabi karo wong saka njaba masarakaté, mula wong sing dikawinké kudu siap dadi anggota komunitas Sedulur Sikep.[8] Masarakat Sedulur Sikep tansah nganggep wewenang minangka barang sing nindhes, mula dheweké nglawan. Amarga prinsip kuwi, warga Sedulur Sikep jaman dhisik dadi kangelan anggoné kawin amarga ora gelem nglaporaké menyang Kantor Urusan Agama (KUA).[1] Nanging saiki masarakat Sedulur Sikep wis nampa wewenang agama lan nagara utamane bab perkawinan.[20][21][22][23][24][25]

Sikap pulitik besut

Sanadyan nduwèni sajarah sing kuwat anggone nglawan panguwasa, saiki komunitas Sedulur Sikep wis mulai mbukak. Masarakat Sedulur Sikep wis ngerti bab pulitik Indonésia, utamané ing Pilpres 2019 lan Pemilu Legislatif Indonesia 2019. Warga Sedulur Sikep uga nampa sosialisasi babagan pilihan umum sing ditindakaké Komisi Pemilihan Umum (KPU) ing wilayah manggoné komunitas Sedulur Sikep, kayata ing Pathi, Kudus, lan saubengé. Dheweké uga kerep ngawasi calon presiden, calon legislatif, lan partai pulitik liwat télévisi.[26][27] Iki nuduhaké tingkat kesadaran pulitik sing terus mundhak ing kalangan masarakat adat Sedulur Sikep, uga nuduhaké yen komunitas iki wis siyap ngetutaké jaman.

Perjuangan besut

 
Pagunungan Kendeng sing diperjuangaké masarakat Sedulur Sikep. Wewengkon iki misuwur kanthi watu gamping sing akeh banget, nuwuhake konflik antarane pabrik semen lan tani.

Nganti saiki, masarakat Sedulur Sikep tetep lestari njaga idéalisme ajaran Samin ing tengah-tengah arus industrialisasi, modernisasi lan globalisasi sing saya gedhe. Nalika wiwitané, Sedulur Sikep lan ajaran Samin isih konsisten merjuangaké hak-hak tani lan kalestarian lingkungan. Salah sawijiné perjuwangan sing saiki ditindakaké dening masarakat Sedulur Sikep yaiku nglawan pembangunan pabrik semèn ing Pagunungan Kendeng, Kabupatèn Rembang, Jawa Tengah. Tumindak tumrap pembangunan pabrik semèn kasebut uga diarani Aksi Petani Kendeng.[11][16][19][28][29][30]

Tumrap masarakat Sedulur Sikep, perlawanan marang pabrik semèn kuwi mau amarga industri kasebut wis ngrusak lingkungan lan ngancam kelestarian tetanèn sing dadi pagawéan utama masarakat Sedulur Sikep, utamané sing ana ing Pagunungan Kendeng. Ing saben tumindaké, masarakat Sedulur Sikep ora tau nganggo kekerasan, protesé kanthi nembangaké tembang Ibu Bumi lan sing paling parah yaiku nglarani awaké dhéwé kanthi nyemèn sikilé ing ngarep Istana Merdeka. Tumrapé masarakat Sedulur Sikep mliginé (Jawa umumé), nyiksa awaké dhéwé iku pucuking nesu. Amarga tumrapé yen nesu digawa panganiaya marang wong liya iku ala, mula luwih seneng nglarani awaké dhéwé tinimbang nglarani wong liya.[16]

Rujukan besut

  1. a b c d e f g h Direktorat Jenderal Kebudayaan, Buku Penentapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (Jakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia, 2018) hal. 219
  2. a b Kemdikbud, Pustekkom. "Komunitas Adat Samin - Peta Budaya". belajar.kemdikbud.go.id. Diarsip saka sing asli ing 2019-04-26. Dibukak ing 2019-04-26.
  3. a b c d "Kupas Tuntas Ajaran & Kehidupan Sedulur Sikep Samin, Dulu dan Kini". Direktori Pati (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2016-12-16. Diarsip saka sing asli ing 2019-04-26. Dibukak ing 2019-04-26.
  4. Sedulur Sikep Menjaga Warisan Ajaran Samin dalam https://1001indonesia.net/sedulur-sikep-menjaga-warisan-ajaran-samin/ diakses pada 26 April 2019.
  5. "Sejarah - USD". www.usd.ac.id. Dibukak ing 2019-04-26.[pranala mati permanèn]
  6. "Sedulur Sikep" - UNNES JOURNAL dalam https://journal.unnes.ac.id/sju/index.php/jess/article/download/16252/8499/ diakses pada 26 April 2019.
  7. a b c d e Munadi, Budaya Politik Masyarakat Samin (Sedulur Sikep) dalam http://ejournal.undip.ac.id/index.php/politika/article/download/6070/5178.pdf diakses pada 26 April 2019.
  8. a b c d e f g h "Mengenal Lebih Dekat Sedulur Sikep". KabarKampus.com (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-02-01. Dibukak ing 2019-04-26.
  9. seputarkudus.com (2016-10-21). "Sedulur Sikep (1), Sejarah Keberadaan Penganut Samin Surosentiko di Dukuh Kaliyoso Undaan Kudus". Seputar Kudus (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2019-04-26. Dibukak ing 2019-04-26.
  10. "Bojonegoro Gelar Budaya 'Sedulur Sikep' Samin". Republika Online. 2016-04-23. Dibukak ing 2019-04-26.
  11. a b c d e f g "Sedulur Sikep". Tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.
  12. "Komunitas Samin Usulkan Tokohnya Jadi Pahlawan Nasional". Republika Online. 2010-11-29. Dibukak ing 2019-04-26.
  13. "Kehebatan Wong Samin Blora". Phinemo (ing basa Inggris). 2015-01-22. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-01. Dibukak ing 2019-04-26.
  14. Huda, Publisher : W. (2018-04-22). "Sejarah Sedulur Sikep di Desa Karangrowo". ISKNEWS.COM (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.
  15. webadmin. "Sedulur Sikep Samin Karangpace Peringati Hari Lahir Pancasila". Pemerintah Kabupaten Blora (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-04-26.
  16. a b c d e f g Asril, Sabrina (èd.). "Air Mata Petani Kendeng dan Prinsip "Sedulur Sikep" Menjaga Ibu Bumi". Kompas.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.
  17. Pertanian Dalam Kearifan Lokal Sedulur Sikep dalam https://nusakini.com/news/pertanian-dalam-kearifan-lokal-sedulur-sikep Archived 2023-02-01 at the Wayback Machine. diakses pada 26 April 2019.
  18. Aprianto, Tri Chandra (2018-04-30). "PERAMPASAN TANAH DAN KONFLIK: KISAH PERLAWANAN SEDULUR SIKEP". BHUMI: Jurnal Agraria dan Pertanahan (ing basa Indonesia). 0 (37): 157–168. doi:10.31292/jb.v0i37.156. ISSN 2580-2151.
  19. a b Kurniawan, Joeni Arianto (2018-10-15). "Pelajaran dari Konflik Antara Komunitas Sedulur Sikep dan Industri Semen di Jawa Tengah". Mimbar Hukum - Fakultas Hukum Universitas Gadjah Mada (ing basa Indonesia). 30 (3): 504–515. doi:10.22146/jmh.37985. ISSN 2443-0994.
  20. Hazami, Akrom. "Pemerintah Resmi Catat Pernikahan Sedulur Sikep di Kudus". detikcom. Dibukak ing 2019-04-26.
  21. Sucipto, Ady. "Pernikahan Sederhana & Unik Pasangan Sedulur Sikep di Pati, Tak Ada Dekorasi Namun Penuh Makna Ini". Tribunnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.
  22. Hazami, Akrom. "Pertama Kalinya, Sedulur Sikep Akan Catat Pernikahan ke Disdukcapil Kudus". detikcom. Dibukak ing 2019-04-26.
  23. Agustina, Dewi. Agustina, Dewi (èd.). "Bahagianya Kristiyanto-Ani, Pertama Kalinya Pernikahan Penghayat Sedulur Sikep Dicatatkan Negara". Tribunnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.
  24. Tyas, Maria Novena Cahyaning. "Pertama Kali, Pernikahan Cara Adat Sedulur Sikep di Kudus akan Dicatat oleh Negara". Tribunnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.
  25. "Sah, Pernikahan Sedulur Sikep di Kudus Dicatat dalam Adminitrasi Kependudukan dan Pencatatan Sipil". MURIANEWS.com (ing basa Indonesia). 2019-04-26. Dibukak ing 2019-04-26.
  26. M, Akhmad Nazaruddin Lathif dan Achmad Zaenal. Setiawanto, Budi (èd.). "Kepastian memilih dari penghayat Sedulur Sikep". ANTARA News. Dibukak ing 2019-04-26.
  27. Hazami, Akrom. "Capres di Mata Sedulur Sikep: Ngerti Calonnya Tapi Belum kenal". detikcom. Dibukak ing 2019-04-26.
  28. Laksana, Lutfi Untung Angga. "Pegunungan Kendeng Utara, Sedulur Sikep, Kearifan Lokal dan Advokasi Kebijakan Publik" (ing basa Inggris). {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)
  29. Surabaya, Kukuh S. Wibowo (2017-02-10). Surabaya, Kukuh S Wibowo (èd.). "Penyebab Petani Rembang Blokir Pabrik PT Semen Indonesia". Tempo.co (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.
  30. "Berita Terkini REMBANG: Ritual Unik Petani Kendeng Tagih Janji Pemerintah Soal Pabrik Semen". Suara.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-26.

Pranala jaba besut