Kopi
Kopi | |
---|---|
Wiji kopi kang wis digoreng | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Ordho: | Gentianales |
Famili: | Rubiaceae |
Subfamili: | Ixoroideae |
Tribe: | Coffeeae |
Génus: | Coffea |
Spésies tipe | |
Coffea arabica[1] |
Kopi iku ombenan kang digawé saka wiji kopi kang diobong utawa digorèng. Lumrahé wijiné iki saka tuwuhan coffea arabica utawa coffea canephora (robusta). Kopi kang asalé saka Jawa uga misuwur banget saindenging jagat. Kopi wujud sumber utama kafein.
Saiki kopi dadi komodhitas angka loro kang paling akèh didagangaké sawisé lenga bumi. Total 6,7 yuta ton kopi diprodhuksi watara taun 1998-2000 waé. Diprakirakaké ing taun 2010, Prodhuksi kopi ing donya bakal tekan 7 yuta ton per taun (saka FAO).
Sajarah
besutSajarah kopi bisa dingertèni tilasé saka watara abad kaping 9, ing dhataran dhuwur Ethiopia. Saka kana banjur nyebar menyang Mesir lan Yaman, lan banjur ing abad limalas saya mawiyar menyang Pèrsi, Mesir, Turki, lan Afrika lor.
Wiwitané kopi rada ora ditampa déning sapérangan wong. Ing taun 1511, amarga èfèk rangsangan kang njalari, dipenging panggunaané déning para imam konservatif lan otodhoks ing majelis kaagamaan ing Makkah. Nanging amarga popularitas ombèn iki, mila larangan mau ing taun 1524 diilangaké jalaran titah Sultan Selim I saka Kasultanan Utsmaniyah Turki. Ing Kairo, Mesir, larangan kang padha uga disahaké ing taun 1532, ing ngendi warung kopi lan gudhang kopi ditutup.
Saka donya Muslim, kopi nyebar dhateng Éropa, lan ombenan iki dadi populèr suwéné abad kaping 17. Wong Walanda kang sepisanan ngimpor kopi kanthi skala gedhé dhateng Éropa, lan ing sawijining wektu nylundhupaké wijiné ing taun 1690, amarga tuwuhan utawa wiji mentahé ora diidinaké metu kawasan Arab. Iki banjur diterusaké kanthi pananduran kopi ing Jawa déning wong Walanda.
Nalika kopi tekan kawasan koloni Amérika, kawitané ora kasil kaya ing Éropa, amarga dianggep kurang bisa nggantèkaké alkohol. Nanging, sawisé Perang Révolusi, panyuwunan marang kopi mundhak cukup dhuwur, nganti para panyalur kudu mbukak parsedyan cadhangan lan ngundhakaké regané kanthi dramatis; sapérangan prakara iki amarga didhasari déning mudhuné pasedyan tèh déning para pedhagang Inggris. Minat wong Amérika marang kopi tuwuh ing wiwitan abad kaping 19, nyusul dumadiné perang ing taun 1812, ing ngendi aksès impor tèh kapedhot sauntara, lan uga amarga ningkaté tèknologi panggawéan minuman, mila posisi kopi minangka komodhitas saben dina ing Amérika saya kuwat.
Jinis wiji kopi
besutJinis Kopi antarané[2]:
Kopi arabika (arabica coffee)
besut- Kopi arabika iku jinis kopi tradhisional kang duwé citarasa paling apik.[3] Kopi jinis iki asalé saka Etiopia lan saiki wis dibudidayakake ing pirang-pirang panggonan ing donya iki, wiwit saka Amérika Latin, Afrika Tengah, Afrika Timur, India, lan Indonésia.[4] Kanthi cara umum, kopi iki thukul ing panggonan kang duwé iklim tropis utawa subtropis.[4] Kopi arabika uripé ing panggonan kang dhuwuré 600-2000 m sadhuwuring laut. Tuwuhan iki bisa thukul nganti tekan 3 mèter yèn kaanan lingkungane apik. Suhu thukul optimale ya iku 18-26 oC. Wiji kopi kang diasilake ukurane cukup cilik lan awarna ijo nganti tekan abang semu ireng utawa abang tuwa.[4]
Kopi robusta
besut- Kopi robusta pisanan tinemokake ing Kongo ing taun 1898.[4] Kopi robusta bisa kaaran jinis kopi kelas 2, amarga rasané luwih pait, rada kecut, lan ngandhut kafein kanthi cacahé kang luwih akèh. Kajaba iku, cakupan laladan thukulé kopi robusta amba tinimbang kopi arabika kang kudu urip ing panggonan kang duwé dhuwur tartamtu.[3] Kopi robusta bisa urip ing panggonan kang dhuwuré 800 m sadhuwuring laut. Kajaba iku, kopi jinis iki luwih resisten karo ama lan lelara. Kaanan kaya mangkono kang ndadèkaké kopi robusta regane luwih murah. Kopi robusta akèh kang urip ing Afrika Barat, Afrika Tengah, Asia Tenggara, lan Amérika Selatan.[4]
Kopi luwak
besut- Kopi luwak iku kopi asli Indonésia kang wis misuwur.[5]
Kopi luwak minangka kopi kang didol regane paling larang ing donya.[4] Prosès gawé lan rasané kang unik banget dadi alesan utama larange rega kopi jinis iii. Jan-jane kopi iki isih kalebu jinis kopi arabika. Wiji kopi iki banjur dipangan déning luwak utawa kéwan jinis musang.[3] Nanging, ora kabèh péranganing wiji kopi iki bisa kacerna déning kéwan iki.[5] Pérangan jero wiji iki bakalan metu bebarengan karo teleke. Amarga suwéné ing sajeroning saluran pencernaan luwak, wiji kopi iki wis ngalami fermentasi singkat kang klakon déning baktèri alami ing sajeroning kang bisa mènèhi cita rasa tambahan kang unik.[5]
Jinising nginuman kopi
besutOmben-ombenan kopi saiki akèh maceme, ya iku:[6][7]
- Kopi ireng, minangka asil ekstraksi langsung saka wiji kopi kang digodhog lan disajikake tanpa tinambahan perisa.[6]
- Espresso, minangka kopi kang kagawé kanthi ngekstraksi wiji kopi kanthi migunakaké keluk kang panas ing tekanan kang dhuwur.[7]
- Latte (coffee latte), iki minangka jinis kopi espresso kang tinambahan susu kanthi rasio antara susu lan kopi 3:1.[7]
- Café au lait, arep padha karo caffe latte nanging mugunakake campuran kopi ireng.[6]
- Caffè macchiato, minangka kopi espresso kang ditambahi susu kanthi rasio antarané kopi lan susu 4:1.[7]
- Cappuccino, minangka kopi kanthi tinambahan susu, krim, lan remukan cokelat.[7]
- Dry cappuccino, minangka cappuccino kanthi diwènèhi krim sithik lan tanpa diwènèhi susu.[6]
- Frappé, minangka espresso kang disajekake kanthi cara anyes.[6]
- Kopi instan, asalé saka wiji kopi kang digaringaké lan digranulasi.[7]
- Kopi Irlandia (irish coffee), minangka kopi kang dicampur karo wiski.[6]
- Kopi tubruk, kopi asli saka Indonésia, kopi asli Indonésia kang digawé kanthi masak wiji kopi bebarengan karo gula.[6]
- Melya, isih kalebu jinis kopi kanthi nambahake bubuk cokelat lan madu.[6]
- Kopi moka, arep padha karo cappuccino lan latte, nanging diwènèhi tambahan sirup cokelat.[7]
- Oleng, kopi kas Thailand kang dimasak karo jagung, kacang kedelai, lan wijen.[6]
Mupangat Kanggo Awak
besutKandutan kafein sajeroning kopi duwé efek kang warna-warna ing saben-saben wong. Akèh wong kang bakalan ngalami efeknya kanthi cara langsung, déné wong liya ora ngrasakake babar pisan. Kaya mangkene ana gegayutane karo sipat genetika kang diduwèni saben-saben wong kang ana gegayutane karo kamampuan metabolisme awak sajeroning ncerna kafein.[8] Metabolisme kafein kedaden kanthi direwangi enzim sitokrom P450 1A2 (CYP1A2). Ana 2 jinis enzim, ya iku CYP1A2-1 lan CYP1A2-1.[9] kang duwé enzim CYP1A2-1 bisa mematabolisme kafein kanthi rikat lan efisien mula efek saka kafein bisa dirasa kanthi nyata. Enzim CYP1A2-2 duwé laju metabolisme kafein kang alon mula akèh-akèhé wong kanthi jinis iki ora ngrasakake efek kasarasan saka kafein lan malahan cenderung ndadèkaké efek kang négatif.[8][9][10]
Akeh isu kang ngrembaka ngenani efek négatif nginum kopi kanggo awak, kaya déné ngunggahna risiko kena kanker, diabetes melitus jinis 2, insomnia, lelara jantung, lan kelangan konsèntrasi.[11] Kandutan kafein sajeroning kopi jebule bisa neken thukulé sèl kanker kanthi cara bertahap.[11] Kajaba iku, kafein bisa mudhunake risiko kena diabetes melitus jinis 2 kanthi njaga sensitivitas awak marang insulin.[12] Kafein sajeroning kopi uga wis kabukti bisa ncegah lelara serangan jantung.[11][13] Ngonsumsi kopi uga bisa nggawé awak tetep kajaga lan ngunggahake konsèntrasi sanajan ora signifikan.[13][14] Ing babagan ulah raga, kopi akèh dikonsumsi déning para atlet sadurungé tandhing amarga senyawa aktif sajeroning kopi bisa ngunggahake metabolisme ènergi, mligi kanggo mecahake glikogen (gula cadangan sajeroning awak).[15]
Saliyané kafein, kopi uga duwé kandhutan senyawa antioksidan kang cacahé rada akèh.[16] Anane antioksidan bisa ncegah efek pangrusakan déning senyawa radikal bébas, kaya déné kanker, diabetes, lan penurunan respon imun.[13] Tuladhané senyawa antioksidan kang ana ing sajeroning kopi ya iku polifenol, flavonoid, proantosianidin, kumarin, asem klorogenat, lan tokoferol.[17] Kanthi digodhog, aktivitas antioksidan iki bisa diunggahaké.[16]
Wangsulan
besutRezeki Fortune minangka cara sing efektif sing mbantu ora mung prédhiksi mangsa ngarep, nanging uga ngerti sebab-sebab prekara sing isih ana.[18]
Cathetan suku
besut- ↑ "Genus Coffea". Taxonomy. UniProt. Dibukak ing 2010-05-13.
- ↑ [1]
- ↑ a b c Coffee Beans – Varieties Of Coffee: Arabica and Robusta. 2010.
- ↑ a b c d e f Coffee Plants.[pranala mati permanèn] 2009.
- ↑ a b c Coffee Plants[pranala mati permanèn]. 2009. Diakses padha 13 Mèi 2010.
- ↑ a b c d e f g h i Types Of Coffee – Coffee Varieties I & II. 2010. Diakses tanggal 14 Mèi 2010.
- ↑ a b c d e f g Brown A. 2008. Understanding Food: Principles and Preparation. Thomson Learning: AS. Halaman: 518-521.
- ↑ a b Cornelis MC, El-Sohemy A, Kabagambe EK, and Campos H. 2006. Coffee, CYP1A2 genotype, and risk of myocardial infarction. JAMA 295:1135-41.
- ↑ a b Bach C. 2008. Caffeine Metabolism DNA Testing: CaffeineGEN™.[pranala mati permanèn]
- ↑ Sata F, Yamada H, Suzuki K, Saijo Y, Kato EH, Morikawa M, Minakami H, Kishi R. 2005. Caffeine intake, CYP1A2 polymorphism and the risk of recurrent pregnancy loss. Mol Human Repro 11(5):357-60.
- ↑ a b c Yuhardin. 2009. Delapan Khasiat Minum Kopi. Archived 2016-03-12 at the Wayback Machine.
- ↑ Wildman REC.2007. Handbook of Nutraceuticals and Funtional Foods. Ed ke-2. CRC Press: AS. Halaman: 453-462.
- ↑ a b c Smith A, Whitney H, Thomas M, Brockman P. 1999. Effects of caffeine and noise on mood, performance and cardiovascular functioning. Hum Psychopharmacol Clin Experimental 12(1):27-33.
- ↑ Frewer LJ, Lader M. 2004. The effects of caffeine on two computerized tests of attention and vigilance. Hum Psychopharmacol Clin Experimental 6(2):119-128.
- ↑ McClaran, Wetter. 2007. Sports nutrition. J Int Soc 4:11.
- ↑ a b Yanagimoto K, Ochi H, Lee KG, Shibamoto T. 2004. Antioxidative activities of fractions obtained from brewed coffee. J Agric Food Chem 52(3):592-6.
- ↑ Antioxidants in Coffee. 2009.
- ↑ "Nyiapake rejeki ritual nyritakake latar kopi".
Priksani ugi
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Kopi. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |