Praja Tarumanagara

keraton ing Asia Kidul-wétan

Ing tengahane abad kaping 5 Masehi, ing wewengkon pinggir Kali Citarum, Jawa Kulon ana praja jenenge Tarumanegara (Praja Taruma).

Tarumanagara
358–669
Pernahé Tarumanagara
Wewengkon Tarumanagara
Kutha krajan Sundapura (cerak Tugu, Jakarta lan Bekasi)
Basa Sunda, Sansekerta
Agama Hindu, Buddha, Sunda Wiwitan
Pamaréntahan Monarki
Sajarah
 •  Established 358
 •  Dilurugi Srivijaya ing 650 669
Sadurungé
Sawisé
Praja Salakanagara
Praja Sundha
Praja Galuh
Warning: Value specified for "continent" does not comply

Ana 7 prasasti kang isine babagan Praja Tarumanegara (Prasasti Ciaruteun, Prasasti Kebon Kopi, Prasasti Jambu, Prasasti Tugu, Prasasti Pasir Awi, Prasasti Muara Cianten). Saka cathethan sawijining wong lelungan Cina, Fa-Hien, entuk katrangan yen ing taun 414, ana praja jenenge To-lo-mo (Taruma). Fa-Hien kang lagi nglakoni lelungan tumuju Indhi lan mampir ing Ye-po-ti (Jawa). Ing To-lo-mo akeh wong Hindhu, ana uga wong Buda. Dingendikakake uga yen Sang Prabu nduweni panguwasa kang gedhe banget amarga Sang Prabu dianggep minangka turuning dewa.

Patilasan sajarah

besut
 
Loro reco Déwa Wisnu kapanggih ing Cibuaya, Karawang, Jawa Kulon. Tarumanagara abad angka 7 Masehi. Makuthane sing mirib tabung padha karo reco gaya Khmer Kemboja.

Patilasan karajan iki lumrahé prasasti antarané:

  1. Prasasti Kebon Kopi, ing Kacamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
  2. Prasasti Tugu, ing Désa Tugu, Kacamatan Tarumajaya, Kabupatèn Bekasi.[1]
  3. Prasasti Munjul utawa Prasasti Cidanghiang, ing Kacamatan Munjul, Kabupatèn Pandeglang, Banten.[1]
  4. Prasasti Ciaruteun, ing Kacamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
  5. Prasasti Muara Cianten, uga ing Kacamatan Ciampea, Kabupatèn Bogor.[1]
  6. Prasasti Jambu, Nanggung, Kabupatèn Bogor.[1]
  7. Prasasti Pasir Awi, Citeureup, Kabupatèn Bogor.[1]

Saliyané iku sumber carita bab kraton iki uga ana ing Naskah Wangsakerta sing dianggep kurang mitayani déning sawatara paniliti.

Silsilah

besut

Silsilah raja-raja Tarumanagara iki miturut Naskah Wangsakerta:

Jayasingawarman

Purnawarman

besut

Purnawarman kasil ngundhakaké karaharjane kawulane, iku bisa dideleng saka prasasti Tugu déné raja Purnawarman maréntahaké gawé ilen-ilene banyu kanggo irigasi kanggo nglancaraké banyu kang tumuju menyang sawah.[1]

Turut runtut lan edi peni bisa dideleng saka pangudiné Purnawarman kanggo gawe karaharjane kabeh kawulane. Raja nggatékake kaum Brahmana amarga kaum Brahmana iku dianggep wigati ing upacara kurban kang ditindakaké ing Krajan kanggo tandha déné wong ing krajan iku ngormati para déwa.[1]. Wis ana pembageyan masarakat kang miturut undha usuke wis apik yaiku wis ana pembagéyan kasta lan tugasé dhéwé-dhéwé.

Dhawuhe Raja nggawé dalane banyu kang dawane tekan 6122 tumbak kanggo supaya ora banjir lan kanggo dalane kapal dagang jero lan jaba laladan.[2]

Kabudayan ing Tarumanagara wis dhuwur sabab bisa dideleng saka prasasti kang bisa buktekake déné wis ana kabudayan nulis ing kono.[2]

Ékonomi Sosial Budaya
Irigasi lan dedagangan[3] Undha usuke kawula wis runtut[3] wis dipara ing kasta lan wis ana pambagéyan tugasé dhéwé-dhéwé[3] wis nganggo aksara pallawa lan sansakerta[3] basa pacelathon padinan Kun Lun saka Cina[3]

Krajan Salakanagara > Krajan Tarumanagara > Krajan Galuh lan Krajan Sundha

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i (Badrika,I.W.(2006)."Sajarah Untuk SMA Jilid 2 Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.14)
  2. a b (Badrika,I.W.(2006)."Sajarah Untuk SMA Jilid 2 Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.15)
  3. a b c d e (Alfian, M.(2006)."Sejarah Untuk SMA dan MA Kelas XI Program Ilmu Sosial".Jakarta:Erlangga. Hal.25)


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunagaran, Pakualaman