Perang Enem Dinten

(Kaelih saka Perang enem dinten)

Perang Enem Dinten utawi Perang 1967 utawi Perang Juni (Arab:حرب يونيو, ħarb yunio ; Ibrani: מלחמת ששת הימים, Milhemet Sheshet Ha‑Yamim), ugi kawentar kanthi sesulih Perang Arab-Israèl 1967, Perang Arab-Israèl katiga, an‑Naksah ("Kamunduran"), punika perang antawis Israèl lan tetangginipun nagari-nagari Arab inggih punika Mesir, Yordania, lan Suriah. Negari-nagari Irak, Arab Saudi, Kuwait, lan Aljazair ugi ndhèrèk ngintun prajurit lan gaman dhumateng wadyabala Arab.

Perang Enem Dinten

Tentara Angkatan Pertahanan Israèl ing Tembok Wétan Yerusalem boten dangu satelasipun sadaya dipun-culaken saking panawanan.
Titimangsa5 Juni 1967 – 10 Juni 1967
PernahWétan Tengah
Asil Kamenangan Israèl
Owah-owahan
laladan
Israèl ngrebat Lurung Gaza lan Ujung Sinai saking Mesir, Gisik Kilèn (kalebet Yerusalem Timur) saking Yordania, lan Dhataran Inggil Golan saking Suriah.
Péhak kang perang
 Israèl
 Mesir
 Suriah
 Yordania
 Irak
 Arab Saudi
 Kuwait
 Sudan
 Aljazair
Pangarep
Israèl Yitzhak Rabin
Israèl Moshe Dayan
Israèl Uzi Narkiss
Israèl Israèl Tal
Israèl Mordechai Hod
Israèl Ariel Sharon

Mesir Abdel Hakim Amer
Mesir Abdul Munim Riad
Yordania Zaid ibn Shaker

Suriah Hafez al-Assad
Kakuwatan
264.000, 197 pesawat tempur 280.000 wadyabala
 Mesir: 150.000
 Suriah 75.000
 Yordania 55.000
 Arab Saudi 20.000
812 pesawat tempur
Kurban

779 pejah
2.563 tatu

15 dipuntawan

21.000 pejah
45.000 tatu
6.000 dipuntawan

langkung saking 400 pesawat dipun-musnahaken

Wonten ing wulan Mèi 1967, Mesir ngusir Pasukan Bedhamèn PBB (UNEF) ingkang sampun dipungelar wonten ing Ujung Sinai, wiwit taun 1957 (sakrampungipun serangan Israèl utawi Krisis Suez taun 1956). Minangka réaksi dhumateng kategangan antawis Israèl-Siria, Mesir lajeng nyiapaken 1000 tank lan 100.000 prajurit wonten ing tapel wates, nutup Selat Tiran kanggé kapal-kapal mawi gendéra Israèl lan kapal-kapal ingkang amot material strategis, lan ngajak aksi sesarengan nagari-nagari Arab nglawan Israèl. Wonten ing tanggal 5 Juni 1967, Israèl lajeng ngluncuraken serangan ngrumiyini (pre-emptive) dhumateng Angkatan Udara Mesir, amargi sumelang bilih pikantuk serangan saking Mesir.[1]

Latar wingking

besut

Buntut Krisis Suez

besut

Krisis Suez taun 1956 nggambaraken kakawonan militèr Mesir nanging wujud kamenangan politis. Bab punika lajeng dados prakawis ingkang nuwuhaken Perang Enem Dinten. Tekanan diplomatik ingkang awrat saking Amérikah Sarékat lan Uni Soviet meksa Israèl narik tentaranipun saking Ujung Sinai. Sakrampungipun perang 1956, Mesir sarujuk dhumateng panggelaran wadyabala PBB wonten ing Sinai, ingkang dipunwastani United Nations Emergency Force, kanggé njagi wewengkon bébas militèr, lan nyegah gerilyawan supados boten nyebrang dhateng tlatah Israèl. Mesir ugi sarujuk mbikak malih Selat Tiran, salajengipun, tapel wates antawis Mesir lan Israèl kanggé sementawis dados kawontenan radi tentrem.[2] Sabibaripun perang 1956, tlatah punika taksih kisruh, dèrèng wonten solusi ingkang maton. Wekdal punika, boten wonten nagari Arab ingkang ngakeni Israèl. Siria, ingkang dipunbiyantu déning Blok Sovièt, wiwit nyeponsori serangan gerilya dhumateng Israèl ing taun 1960, minangka wujud lan péranganing "perang pembebasan rakyat", ingkang dipunrancang kanggé ngadhepi oposisi Parté Ba'ath.[3]

Bab toya

besut

Ing taun 1964, Israèl wiwit narik toya saking Lèpèn Jordan kanggé saluran toya nasional (National Water Carrier). Taun sklajengipun, negar-nagari Arab lajeng ndamel rencana pengaturan konstruksi sumber toya (Headwater Diversion Plan), ingkang manawi sampun dados, lajeng ménggokaken toya Lèpèn Banias sadèrèngipun mlebet Israèl lan Seganten Galiléa, supados mili mlebet dam ing Mukhaiba kanggé Yordania lan Suriah, lan ménggokaken toya Lèpèn Hasbani dhumateng Lèpèn Litani, ing Libanon. Pengalihan ilèn toya kalawau saged ngirangi kapasitas saluran toya Israèl kirang langkung 35%, lan total sumber toya Israèl kinten-kinten 11%.[4] Tentara Israèl utawi Israèli Defense Forces (IDF) lajeng nyerang proyèk pengalihan toya wau ingkang wonten ing Suriah, ing wulan Maret, Mèi, lan Agustus 1965, wujud rangkéan kakerasan tapel wates ingkang lajeng nuwuhaken perang.[5]

Israèl lan Yordania

besut
Artikel utama: Prastawa Samu

Tanggal 12 November 1966 patroli tapel wates Israèl ngidak ranjau saéngga, tiga prajurit pejah lan enem tatu. Israèl pitados manawi ranjau punika dipunpasang déning militan saking Es Samu ing tlatah Gisik Kilèn (West Bank). Énjang-énjang sanget, tanggal 13 November, Raja Hussein saking Yordania, ingkang nembé ngawontenaken pepanggihan rahasia sareng Abba Eban lan Golda Meir bab pengamanan tapel wates, pikantuk pesen langsung saking kontakipun tiyang Israèl manawi Israèl boten gadhah maksad badhé nyerang Yordania.[6]

Wonten ing "Operasi Shredder", operasi militèr Israèl paling ageng wiwit taun 1956, wadyabala kanthi kakiyatan antawis 3.000-4.000 prajurit dipunbiyantu déning tank lan montor mabur dipunsebar wonten ing wadyabala-wadyabala cadhangan, tetep wonten ing lebet wates Israèl, déné kalih kelompok penyerang, nyebrang tlatah Gisik Kilèn.

Israèl lan Suriah

besut

Sanèsipun nyponsori serangan gerilya dhumateng Israèl (asring nglangkungi tlatah Yordania), Suriah ugi miwiti némbak (nganggé mortir tlatah wétan-lèr Galilee saking Dhataran Inggil Golan, minangka péranganing rebat unggul tlatah demiliterisasi (Demilitarized Zone (DMZ)), ingkang dipunaken déning Israèl lan Suriah.[7]

Suriah ndakwa manawi Israèl tansah ngganggu para among tani Arab wonten ing DMZ, lan némbaki posisi militèr Suriah, kamangka traktor-traktor Israèl nanemi tlatah Arab ingkang wonten ing DMZ, dipunréncangi déning wadyabala Israèl ingkang kanthi boten sah dipungelar wonten ing tlatah punika. Suriah lapur dhumateng Dewan Keamanan (PBB) manawi pangrisakan makam saubengipun garis démarkasi punika karepipun Israèl kanggé ningkataken kategangan kanggé alesan badhé nyerang Siria lan miyaraken tlatah ingkang dipunkuwaosi wonten ing DMZ kanthi ngicalaken hak para wong tani Arab ing mrika. Suriah mratélaaken manawi sawenèh témbakan saking Suriah punika wujud walesan tumrap témbakan provokatif Israèl dhumateng para among tani Arab utawi pos-pos militèr Suriah.[8]

Penarikan mundur Pasukan PBB

besut

Wonten ing tanggal 16 Mèi jam 22:00, pimpinan United Nations Emergency Force, Jenderal Indar Jit Rikhye, pikantuk serat saking Jenderal Mohammed Fawzy, Kepala Staf Republik Persatuan Arab, ingkang suraosipun: To your information, I gave my instructions to all U.A.R. armed forces to be ready for action against Israèl, the moment it might carry out any aggressive action against any Arab country. Due to these instructions our troops are already concentrated in Sinai on our eastern border. For the sake of complete security of all U.N. troops which install OPs along our borders, I request that you issue your orders to withdraw all these troops immediately. Rikhye nyarios manawi badhé lapur dhumateng Sekjen PBB bab parintah punika.[9]

Sekjen PBB U Thant, nyobi ngrundhingaken bab punika kaliyan pamaréntah Mesir, nanging wonten ing tanggal 18 Mèi Mantri Luar Negeri Mesir ngaturi pirsa dhumateng nagari-nagari ingkang gadhah wadyabala wonten ing UNEF, manawi tugas UNEF ing Mesir lan Gaza sampun dipunendhegaken, wadyabala kedah énggal késah. Pamaréntah India lan Yugoslavia mutusaken narik mundur pasukanipun saking UNEF, badhé menapa kémawon keputusanipun U Thant. Sementawis U Thant ngusulaken supados wadyabala UNEF dipungelar malih wonten ing tlatah tapel wates ing nglebet tlatah Israèl, nanging Israèl boten sarujuk, kanthi alesan manawi kontingen PBB saking nagari-nagari ingkang mengsahi Israèl mangké badhé ngalang-alangi respon wadyabala Israèl dhumateng serangan Mesir tinimbang ngalang-alangi serangan wadyabala Mesir.[10]

Selat Tiran

besut

Tanggal 22 Mèi, Mesir ngumumaken manawi Selat Tiran badhé dipuntutup kanggé sadaya kapal kanthi gendéra Israèl utawi ngamot material strategis, wiwit tanggal 23 Mèi.[11] Republik Arab Mesir sampun netepaken wiyaripun seganten teritorial 12 mil seganten, sumbut kaliyan pasal 5 Ordinance 18 Januari 1951 ingkang dipun éwahi déning Dekrit tanggal 17 Fèbruari 1958, rujuk kaliyan pasal 3 UNCLOS (United Nations Convention on the Law of the Sea).[1] Archived 2007-10-12 at the Wayback Machine. Sementawis pasal 23 UNCLOS mratélaaken manawi kapal-kapal ingkang migunaaken hak liwat damai nglangkungi seganten teritorial, kedah gadhah dhokumèn lan ngakeni aturan mirunggan ingkang dipuntetepaken déning perjanjian internasional, kamangka pamaréntah Mesir ngumumaken manawi kapal-kapal wau kedah pikantuk palilah sadèrèngipun mlebet seganten teritorial Mesir.

Negari-nagari Arab boten ngakeni hak Israèl nglangkungi selat, amargi Israèl boten ndhèrèk napakastani Konvensi Seganten Teritorial utawi (Convention on the Territorial Sea and Contiguous Zone), mliginipun pasal 16(4) ingkang maringi hak dhumateng Israèl.[12] Sanajan makaten, sampun dados kabiasaan internasional manawi kapal saking pundi kémawon gadhah hak lintas damai langkung ing seganten teritorial.[13][14]

Mesir lan Yordania

besut

Salami wulan Mèi lan Juni, pamaréntah Israèl ngupayaaken supados Yordania boten ndhèrèk perang; supados boten dipunkepung saking pundhi-pundhi lan boten kepéngin rundhingan kaliyan kang ndunungi Palestina saking tlatah Gisik Kilèn. Nanging, Raja Yordania King Hussein kaiket déning nasionalisme pan-Arab; saéngga, ing tanggal 30 Mèi, Yordania napakastani kerjasama pertahanan kaliyan Mesir, pramila ndhèrèk gabung kaliyan aliansi militèr ingkang sampun kawangun antawis Mesir lan Siria.. Présidhèn Nasser, mratelaaken: Our basic objective will be the destruction of Israèl. The Arab people want to fight.[15]

Paprangan

besut

Serangan wiwitan

besut
Artikel utama: Operasi Focus

Gerakan wiwitan Israèl ingkang paling wigati wujud serangan kejut tangkal (preemptive surprise attack) dhumateng Bala langit (Angkatan Udara) Mesir. Bala Langit Mesir punika ingkang paling ageng lan modern ing antawis wadyabala Arab, wujud kinten-kinten 450 montor mabur tempur (combat aircraft), sadaya damelan Soviet lan kalebet taksih énggal.

Ingkang dados perhatosan lan sasaran serangan Israèl inggih punika 30 Tupolev Tu-16|Tu-16 “Badger” pembom medium, ingkang saged ndamel karisakan ageng tumrap Israèl.[16] Tanggal 5 Juni jam 7:45 wekdal Israèl, nalika siriné pertahanan ing saindhenging Israèl, bala langit Israèl (IAF) ngluncuraken Operasi Focus (Moked). Sedaya kakuatan langit Israèl wujud watawis 200 operational jet[17] mabur ninggalaken langit Israèl kanggé nyerang lapang terbang Mesir.[18] Infrastruktur pertahanan Mesir nalika samanten awon sanget, lan boten wonten montor mabur tempur ingkang dipunsingitaken wonten bunker. Montor mabur tempur Israèl muter rumiyin langkung saknginggilipun seganten Mediterranean sadèrèngipun ménggok tumuju Mesir. Sementawis punika, wadyabala Mesir malah nutup pertahanan udara amargi kuwatir serangan gerilyawan pembrontak némbak pesawatipun Marsekal Amer lan Lt-Jendral. Sidqi Mahmoud, ingkang nembé mabur saking al Maza tumuju dhumateng Bir Tamada ing Sinai badhé manggihi para komandan wadyabala ingkang wonten ing mrika. Nanging bab punika boten wonten bédanipun amargi juru anggegana-juru anggegana Israèl mabur sakngandhapipun jangkauan radar Mesir lan sakngandhapipun jangkauan témbakan bateré misil anti montor mabur SA-2.[19] Pasukan Israèl nganggé strategi serangan campuran, ngebom lan strafing (témbakan senapan mesin saking montor mabur),sarta bom dipundhawahaken wonten ing landhas pacu saéngga boten sage d dipunanggé lan nggampilaken serangan Israèl salajengipun. Serangan punika kasil langkung saking ingkang dipunkarepaken, saged ngagètaken Mesir lan ngrisak amèh sadaya kakiatan bala langit Mesir ing dharatan, kanthi kurban wnten péhak Israèl namung sakedhik.. Langkung saking 300 montor mabur Mesir risak lan 100 juru anggeganaipun kaperjaya.[20] Péhak Israèl kicalan 19 montor mabur, kathahipun amargi sabab operational kados karisakan mesin, kacilakan lan sapanunggilipun.

Lurung Gaza lan Ujung Sinai

besut
 
Penaklukan Sinai. 7 Juni-8 Juni 1967

Pasukan Mesir madeg saking pitung divisi: sekawan Divisi lapis waja, kalih Divisi infantri, lan satunggal Infantri mekanisasi. Sedaya, Mesir gadhah kinten-kinten 100,000 wadyabala lan 900-950 tank wonten ing Sinai, dipunbiyantu déning 1,100 APC lan 1,000 gaman mriem artilleri.[21] Susunan tempur kados makaten punika dhedhasar dhoktrin Soviet, ingkang ngginakaken ékan lapis waja ing kedalaman strategis kanggé mujudaken pertahanan dinamis, sementawis ékan infantri dipundhapuk kanggé ngadhepi mengsah wonten ing pertempuran pertahanan.

Pasukan Israèl ingkang dipunkonsèntrasèaken wonten ing tapel wates dumados saking enem brigade lapis waja, satunggal brigade infantri, satunggal brigade infantri mekanisasi, tiga brigade wadyabala para lan 700 tank ndadoskaen total kinten-kinten 70,000 prajurit, ingkang dipunrangkum wonten ing tigang divisi lapis waja.

Ugi pirsani

besut

Tokoh Kunci

besut

Cathetan

besut
  1. Serangan pre-emptive (ngrumiyini): Ingkang katindakaken déning Mesir:
  2. "Israèl (country)". Encarta Encyclopedia. Dibukak ing 18 Maret 2007.[pranala mati permanèn]
  3. Rabil, 2003, pp. 17-18.
  4. Murakami, Masahiro (1995) Nata toya kanggé perdamaian ing Wétan Tengah: Strategi-strategi alternatif Archived 2010-12-02 at the Wayback Machine.
  5. Koboril lan Glanting z, 1998, pp. 129-130.
  6. Bowen, 2003, p. 26 (citing Amman Cables 1456, 1457, 11 Dhésèmber 1966, National Security Files (Country File: Middle East), LBJ Library (Austin, Texas), Box 146).
  7. Hajjar, Sami G. The Israèl-Syria Track Archived 2009-05-25 at the Wayback Machine., Middle East Policy, Volume VI, February 1999, Number 3. Retrieved 30 September 2006.
  8. "Yearbook of the United Nations, 1967". Diarsip saka sing asli ing 2008-06-12. Dibukak ing 2007-11-03.
  9. Rikhye, 1980, pp. 16-19.
  10. Oren, 2002, p. 72
  11. 'Egypt Closes Gulf Of Aqaba To Israèl Ships: Defiant move by Nasser raises Middle East tension', The Times, Tuesday, May 23, 1967; pg. 1; Issue 56948; col A.
  12. Christie, 1999, p. 104.
  13. "The Corfu Channel Case (Merits), International Court of Justice, ICJ Reports, 1949, pp. 28-29" (PDF). Diarsip (PDF) saka asliné ing 2005-03-15. Dibukak ing 2005-03-15.
  14. O'Brien, John, 2001, International Law, p. 407.
  15. BBC On this Day, Mesir lan Yordania sesarengan nyerang Israèl. Diaksès 8 Oktober 2005.
  16. Pollack, 2004, p. 58.
  17. Oren, 2002, p. 172
  18. Bowen, 2003, p. 99 (author interview with Moredechai Hod, 7 Mèi 2002).
  19. Bowen, 2003, pp. 114-115 (author interview with General Salahadeen Hadidi who presided over the first court martial of the heads of the air force and the air defence system after the war).
  20. Pollack, 2005, p. 474.
  21. Pollack, 2004, p. 59.

Réferènsi

besut
  • Aloni, Shlomo (2001). Arab-Israèli Air Wars 1947-1982. Osprey Aviation. ISBN 1-84176-294-6
  • Bar-On, Mordechai, Morris, Benny and Golani, Motti (2002). Reassessing Israèl's Road to Sinai/Suez, 1956: A "Trialogue". In Gary A. Olson (Ed.). Traditions and Transitions in Israèl Studies: Books on Israèl, Volume VI (pp. 3–42). SUNY Press. ISBN 0-7914-5585-8
  • Bard, Mitchell G. (2002). The Complete Idiot's Guide to Middle East Conflict. Alpha books. ISBN 0028644107
  • Black, Ian (1992). Israèl's Secret Wars: A History of Israèl's Intelligence Services. Grove Press. ISBN 0-8021-3286-3
  • Boczek, Boleslaw Adam (2005). International Law: A Dictionary. Scarecrow Press. ISBN 0810850788
  • Bowen, Jeremy (2003). Six Days: How the 1967 War Shaped the Middle East. London: Simon & Schuster. ISBN 0-7432-3095-7
  • Bregman, Ahron (2002). Israèl's Wars: A History Since 1947. London: Routledge. ISBN 0-415-28716-2
  • Christie, Hazel (1999). Law of the Sea. Manchester: Manchester University Press. ISBN 0-7190-4382-4
  • Cristol, A Jay (2002). Liberty Incident: The 1967 Israèli Attack on the U.S. Navy Spy Ship. Brassey's. ISBN 1-57488-536-7
  • Eban, Abba (1977). Abba Eban: An Autobiography. Random House. ISBN 0-394-49302-8
  • Ehteshami, Anoushiravan and Hinnebusch, Raymond A. (1997). Syria & Iran: Middle Powers in a Penetrated Regional System. London: Routledge. ISBN 0-415-15675-0
  • Gat, Moshe (2003). Britain and the Conflict in the Middle East, 1964-1967: The Coming of the Six-Day War. Praeger/Greenwood. ISBN 0-275-97514-2
  • Gelpi, Christopher (2002). Power of Legitimacy: Assessing the Role of Norms in Crisis Bargaining. Princeton University Press. ISBN 0-691-09248-6
  • Hammel, Eric (October 2002). "Sinai air strike:June 5 1967". Military Heritage. 4 (2): 68–73.
  • Hammel, Eric (1992). Six Days in June: How Israèl Won the 1967 Arab-Israèli War. Simon & Schuster. ISBN 0-7434-7535-6
  • Hussein of Jordan (1969). My "War" with Israèl. London: Peter Owen. ISBN 0-7206-0310-2
  • Hopwood, Derek (1991). Egypt: Politics and Society. London: Routledge. ISBN 0-415-09432-1
  • International Committee of the Red Cross (1998). International Committee of the Red Cross.
  • Koboril, Iwao and Glantz, Michael H. (1998). Central Eurasian Water Crisis. United Nations University Press. ISBN 92-808-0925-3
  • Makiya, Kanan (1998). Republic of Fear: The Politics of Modern Iraq. University of California Press. ISBN 0-520-21439-0
  • Morris, Benny (1997). Israèl's Border Wars, 1949-1956. Oxford: Oxford University Press. ISBN 0-19-829262-7
  • Mutawi, Samir (2002). Jordan in the 1967 War. Cambridge: Cambridge University Press. ISBN 0-521-52858-5
  • Oren, Michael (2002). Six Days of War. Oxford University Press. ISBN 0-19-515174-7
  • Phythian, Mark (2001). The Politics of British Arms Sales Since 1964. Manchester: Manchester University Press. ISBN 0-7190-5907-0
  • Podeh, Elie (Winter, 2004). "The Lie That Won't Die: Collusion, 1967". Middle East Quarterly. 11 (1). {{cite journal}}: Check date values in: |year= (pitulung)
  • Pollack, Kenneth (2004). Arabs at War: Military Effectiveness, 1948-1991. University of Nebraska Press. ISBN 0-8032-8783-6
  • Pollack, Kenneth (2005). Air Power in the Six-Day War. The Journal of Strategic Studies. 28(3), 471-503.
  • Prior, Michael (1999). Zionism and the State of Israèl: A Moral Inquiry. London: Routledge. ISBN 0-415-20462-3
  • Quigley, John B. (2005). Case for Palestine: An International Law Perspective. Duke University Press. ISBN 0-8223-3539-5
  • Quigley, John B. (1990). Palestine and Israèl: A Challenge to Justice. Duke University Press. ISBN 0-8223-1023-6
  • Rabil, Robert G. (2003). Embattled Neighbors: Syria, Israèl, and Lebanon. Lynne Rienner Publishers. ISBN 1-58826-149-2
  • Rezun, Miron (1990). Iran and Afghanistan. In A. Kapur (Ed.). Diplomatic Ideas and Practices of Asian States (pp. 9–25). Brill Academic Publishers. ISBN 90-04-09289-7
  • Rikhye, Indar Jit (1980). The Sinai Blunder. London: Routledge. ISBN 0-7146-3136-1
  • Rubenberg, Cheryl A. (1989). Israèl and the American National Interest. University of Illinois Press. ISBN 0-252-06074-1
  • Seale, Patrick (1988). Asad: The Struggle for Peace in the Middle East. University of California Press. ISBN 0-520-06976-5
  • Segev, Tom (2005). Israèl in 1967. Keter. ISBN 965-07-1370-0.
  • Sela, Avraham (1997). The Decline of the Arab-Israèli Conflict: Middle East Politics and the Quest for Regional Order. SUNY Press. ISBN 0-7914-3537-7
  • Shlaim, Avi (2001). The Iron Wall: Israèl and the Arab World. W. W. Norton & Company. ISBN 0-393-32112-6.
  • Smith, Grant (2006). Deadly Dogma. Institute for Research: Middle Eastern Policy. ISBN 0-9764437-4-0
  • Stephens, Robert H. (1971). Nasser: A Political Biography. London: Allen Lane/The Penguin Press. ISBN 0-7139-0181-0
  • Stone, David (2004). Wars of the Cold War. Brassey's. ISBN 1-85753-342-9
  • van Creveld, Martin (2004). Defending Israèl: A Controversial Plan Toward Peace. Thomas Dunne Books. ISBN 0-312-32866-4

Wacan Terusan

besut

Pranala njawi

besut

Cithakan:Konflik Arab-Israèl