Aksara Carakan

aksara kang dipigunakaké kanggo nulis basa Jawa
(Kaelih saka ꦗꦮꦶ)
Aksara Latin
     

Aksara Carakan utawa Hanacaraka (aksara jawa: ꦲꦤꦕꦫꦏ) iku sawijining aksara kang digunakaké ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Carakan iku uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Malayu.

Carakan
Jinis
BasaBasa Jawa, Basa Sundha, Basa Madura, Basa Sasak, Basa Indonesia, Basa Kawi, Basa Sansekerta
Kala
u. 15th–present
Aksara babon
Aksara sadulur
Aksara Bali
Aksara Batak
Aksara Baybayin
Aksara Lontara
Aksara Sundha
Aksara Rencong
Aksara Rejang
Arah nulisKiwa manengen
ISO 15924Java, 361
Jeneng Unicode
Javanese
Larik Unicode
Cithakan:MonospaceCithakan:Monospace

Nanging ing artikel iki ukara Carakan lan aksara Jawa dienggo loro-loroné

Étimologi lan legèndha asal

Artikel utama: Carita Aji Saka

Aksara Carakan jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki kang uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

ꦲꦤꦕꦫꦏ ha na ca ra ka
ꦢꦠꦱꦮꦭ da ta sa wa la
ꦥꦝꦗꦪꦚ pa dha ja ya nya
ꦩꦒꦧꦛꦔ ma ga ba tha nga

Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:

"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
"Data sawala" tegesé "Padha kekerengan"
"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".

Urutan aksara iki digawé miturut dongèng yèn aksara Jawa iku diasta déning Aji Saka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, kang setya nganti mati. Loro-loroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Carakan supaya bisa kanggo nulis layang.

Sajarah aksara Jawa Carakan

 
Aksara ka ing aksara Brahmi kang diwèhi sandhangan

Aksara Carakan iku baboné aksara Brahmi kang asalé saka Hindhustan. Ing anak bawana Indhia iku akèh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara kang wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidul. Aksara iki inaranan mengkéné miturut jenengé salah siji karaton ing Indhia kidul yaiku Karajan Pallawa. Aksara Pallawa iki digunakaké ing kiwa tengené abad kaping 4 Masèhi. Ing Nusantara patilasan sajarah wujud prasasti Yupa saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksara Pallawa. Aksara Pallawa iki dadi baboné kabèh aksara Nusantara, antarané aksara Carakan uga aksara Réncong (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).

Professor J.G. de Casparis, yaiku nimpuna paléografi utawa ahli ngèlmu sajarah aksara misuwur saka Walanda mérang sajarah tuwuhing aksara Carakan ing limang mangsa utama[1]:

  1. Aksara Pallawa
  2. Aksara Kawi Wiwitan
  3. Aksara Kawi Pungkasan
  4. Aksara Majapait
  5. Aksara Pasca-Majapait utawa Carakan

Aksara Pallawa iki digunakaké ing Nusantara saka abad kaping 4 nganti kurang luwih abad kaping 8. Banjur aksara Kawi Wiwitan dienggo saka abad kaping 8 nganti abad kaping 10 mligi ing Jawa Tengah. Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kaping 10 nganti kira-kira abad kaping 13 ing Jawa Wétan. Banjur aksara Majapait iku digunakaké ing Jawa Wétan nalika jaman Majapait. Banjur sawisé karajan Majapait binedhah, muncul aksara Carakan modhèren kang uga kerep diarani aksara Jawa. Aksara ini banjur dadi kanggo ing saubenging Tanah Jawa, Tatar Sundha, Madura, lan Bali. Kabèh-kabèh aksara iki dadi sakelompok lan isih sakerabat. Nanging sajatiné ugi ana aksara liyané ing Tanah Jawa kang luwih lawas lan isih dienggo. Aksara ini jenengé dadi aksara Buda.

Aksara Carakan banjur déning wong-wong Éropah digawèkaké vèrsi aksara céthak ing abad kaping 19.

Aksara Pallawa

 
Prasasti Yupa

Aksara Pallawa iku asalé saka India sisih kidul. Jinis aksara iki digunakaké ing kiwa-tengené abad kaping 4 lan abad kaping 5. Bukti kapisan panganggonan jinis aksara iki ing Nuswantara tinemu ing pulo Kalimantan sisih wétan ing cedhak tlatah kang saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundha ing prasastiné Tarumanagara kang katulis ing kiwa-tengené taun 450. Ing Tanah Jawa dhéwé aksara iki kagunakaké ing Prasasti Tuk Mas lan Prasasti Canggal.

Aksara Pallawa iki bisa dianggep baboning kabèh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara Carakan. Yèn dideleng aksara Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur mèh kabèh aksara tinulis nganggo apa kang mau mawa istilah serif. Serif-é tinulis ing sisih kiwa.[2]

Sanadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abad kaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana kang katulis ing aksara iki.

Aksara Kawi Wiwitan

Prabédan antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku mligi gayané. Aksara Pallawa iku ketara yèn sawijining aksara monumèntal kang kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katoné mligi aksara kang kanggo nulis ing rontal lan mulané dhapuré dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti kang katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabèh prasasti kang tinemu ing pulo Jawa.

Ing Tanah Jawa, aksara iki tuwa dhéwé tinemu ing Prasasti Plumpungan (cedhak Salatiga) kang kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskreta.

Aksara Kawi Pungkasan

Kira-kira sawisé taun 925, punjer kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wétan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon prabawané ing jinising aksara kang kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatiné aksara Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayané waé kang dadi rada séjé.

Ing sisih liya, gaya aksara kang kanggo ing Jawa Wétan sadurungé taun 925 uga wis béda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katoné prabédan iki ora namung prabédan ing wektu waé nanging uga ing papan.

Ing mangsa iki bisa dibédakaké papat gaya aksara kang béda-béda: 1. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka taun 910-950; 2. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka jaman prabu Airlangga (1019-1042); 3. Aksara Kawi Jawa Wétanan Kadhiri (kurang luwih 1100-1220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kadhiri (1050-1220).[3]

Aksara Majapait

 
Prasasti Singhasari 1351

Ing sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250-1450 iki ditandhani karo dhominansi Majapait ing Jawa Wétan. Aksara Majapait iki uga nuduhaké prabawa saka gaya panulisan ing rontal lan rupané éndhah. Gayané semu kaligrafis. Conto utama gaya panulisan aksara iki bisa paling becik dideleng ing Prasasti Singhasari 1351 kang gambaré ana ing sisih kiwa iki.

Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhèren.

Aksara Pasca-Majapait

 
Prasasti Ngadoman

Sawisé jaman Majapait kang miturut tradhisi Jawa nagara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalané sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abad kaping 16 utawa awal abad kaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani "jaman peteng". Amerga sawisé iku nganti awal kaping 17 mèh ora tinemu bukti panulisan. Ujug-ujug wujud aksara Jawa dadi dhapuré kang modhèren.

Sanadyan mangkono uga tinemu prasasti kang wigati amarga dianggep dadi "missing link" antara aksara Carakan saka jaman Jawa Kuna lan aksara Buda kang isih dienggo ing Tanah Jawa, mligi ing sakiwa-tengening Gunung Merapi lan Merbabu nganti abad kaping 18. Prasasti kang diomongaké iki diarani Prasasti Ngadoman kang tinemu cedhak Salatiga. Nanging conto aksara Buda kang tuwa dhéwé dinuga asalé saka Jawa Kulon lan tinemu ing naskah-naskah kang ngamot Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.

Wetoné Aksara Carakan Anyar

 
Poster filem basa Jawa Mas Soemo Bojong, 1942

Sawisé jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan kang wis nganggo aksara Carakan Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) manèh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex. Naskah-naskah iki tinemu ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha digawani menyang Éropah ing abad kaping 16 utawa 17.

Dhapuré aksara Carakan Anyar iki wis béda karo aksara sadurungé kaya ta aksara Majapaitan. Prabédan utama iku anané serif tambahan ing aksara Carakan Anyaran.

Aksara-aksara Carakan awal iki dhapuré mèmper kabèh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Carakan lan pindhah nganggo Pégon lan aksara Carakan gaya Surakartan kang dadi baku. Nanging saka kabèh aksara iku, aksara Bali kang dhapuré tetep padha nganti ing abad kaping 20.

Aksara Carakan ing média cithak

Aksara Carakan wiwit kanggo nyithak buku ing purwané abad kaping 19. Tèknik médhia cithak wiwit ditepangi purwané ing Éropah ing tengahé abad kaping 15 ing kiwa-tengené taun 1450. Sing kapisan ngripta iku Johannes Gutenberg saka Jerman. Mawa sistém Gutenberg iki, dadi sawijining tèks ora usah ditulad mawa tangan manèh déning sawijining juru tulis nanging bisa dicithak. Akibaté buku-buku bisa diprodhuksi massal lan éwadéné bisa diedol luwih murah lan panyebarané luwih jembar.

Bangsa Éropah wis padha nekani Nuswantara wiwit taun 1511, lan manyinaoni basa-basa pribumi ing tlatah kéné, nanging gagasan kanggo nyithak buku-buku mawa aksara pribumi lagi muncul ing purwané abad kaping 19. Sadurungé ana aksara kang maremi brayat umum, ana sawatara gagasan-gagasan kang muncul prekara aksara Jawa cithak kang apik saka sumber kang séjé-séjé. Ing kala semono pangripta aksara Jawa cithak iki dadi diprakarsani déning golongan kang séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah Indhiya Nèderlan, kaum panyebar agama Kristen (zending), lan para ngèlmuwan.

Kanggo aksara Carakan Jawa, priyayi kang kapisan nggawé cithakan aksara Carakan iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné kang misuwur The History of Java (Raffles 1817). Nanging aksara cithak Jawa iki namung kanggo ilustrasi ing bukuné waé, ora kanggo nyithak tèks kang akèh.[4]

Van Vlissingen

Sawisé iku ing taun 1820, kepala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutusaké supaya ana mesin pangecapan mawa aksara Jawa. Baud banjur awèh paréntah marang sawijining nimpuna basa Jawa Walanda kang nalika iku manggon ing Surakarta, P. van Vlissingen supaya bisa ngrancang sawijining aksara cithak kang praktis tur apik. Van Vlissingen sarujuk lan nggawé sawijining modhèl aksarané. Nanging dhèwèké ing taun 1821 mulih menyang Walanda. Sanadyan mangkono para penggedhé ing Batavia seneng marang rancangané lan Van Vlissingen kang wis ing Walanda dikirim layang supaya nerusaké gayuhé. Banjur wusanané ing Juni 1825 aksara cithak iki tekan ing Batavia. Wong-wong ing kana padha seneng amarga aksarané bisa kanggo nyithak tulisan tenanan lan tuladhané ya aksara kang kaanggep apik dhéwé kala iku: aksara Carakan gaya keratonan Surakarta. Nanging sanadyan mangkono uga ana kritik marang aksara cithak iki. Aksarané keciliken ukurané minangka rélatif lan akèh padha-padha saha sandhangan kang ora mèlu kacipta dadi aksara iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namung kanggo nyithak tèks-tèks biyasa waé ing koran. Kamangka rencanané mbiyèn olèhé nggawé aksara cithak iku supaya bisa nyithak buku-buku kasusastran.[5]

Brückner

Banjur kurang luwih ing mangsa kang padha ana sawijining juru dakwah Protèstan (Walanda zendeling) saka Jerman ajeneng Gottlob Brückner kang nduwé kapénginan nerjemahaké Alkitab ing basa Jawa. Brückner wis manggon wiwit taun 1814 ing Semarang. Alihbasa Alkitabé wis rampung ing taun 1821, banjur dhèwèké kepéngin nyithak naskahé lan takon menyang pamaréntah kolonial apa bisa nggawé mesin pangecapan aksara Jawa ora. Nanging suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé aksara cithakan dhéwé kang rampung ing taun 1831. Aksarané iki saliyané kanggo nyithak pretalan Alkitabé, uga dienggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristen kang diedumaké ing Semarang taun 1831. Ing Semarang kang ndunungi pribumi tibaké seneng banget marang tulisané nganti pamaréntah kolonial dadi wedi lan mbeslah apa kang turah. Banjur Brückner uga olèh pèngetan yèn Alkitab-Alkitabé uga bakal dibeslah yèn diedumaké. Wujud aksara Jawa gaya Brückner iki ditliti déning para nimpuna sastra Jawa kala iku yaiku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke. Para nimpuna iki kurang seneng marang modhèl aksarané Brückner amarga kaanggep dudu cangkokan gaya Karaton Surakartan kang kala iku kaanggep apik dhéwé.[6]

 
Hē Kainé Ḍiaṭéké: tegesipun sakaṭah ing seratipun Prajanjiyan ingkang Anyar menggah ing maagusti Yésus Kristus-Gottlob Brückner-Srirampor (Serampore) 1829
Prajangjiyan Anyar
 
Proeve eener Javaansche spraakkunst-Gottlob Brückner-Serampore 1830
 
Een klein woordenboek der Hollandsche, Engelsche, en Javaansche Talen-Gottlob Brückner-Batavia 1842
Kosakata basa Wlanda, Inggris, lan Jawa

Roorda van Eysinga lan Radèn Saleh

Roorda van Eysinga, sawijining nimpuna sastra Jawa ing nagara Walanda uga tau ditugasi nggawé aksara cithak. Roorda van Eysinga banjur ngrancang sawijining aksara, rinéwangan déning Radèn Salèh. Aksara riptan Roorda van Eysingan iki rampung ing taun 1835. Nanging kasilé dikritik amarga rupané isih ala lan wujudé wujud aksara pasisiran, dudu aksara gaya Surakartan.

 
Javaansche spraakkunst, of de wijze om op eene gemakkelijke manier de Javaansche taal te leeren schrijven lezen, en spreken-Philippus Pieter Roorda van Eysinga-Amsterdam 1835
 
De Brata Joeda of de Krijg der Bharatas-mpu Sedah, Philippus Pieter Roorda van Eysinga 1849

Taco Roorda

 
Het boek Adji Såkå-C.F. Winter Sr., Gericke, Roorda-Amsterdam 1857

Taco Roorda iku kang kapisan bisa nggawé aksara Jawa kang bisa dianggep suksès amarga aksarané ditampa déning para nimpuna sajaman lan tetep dienggo nganti punjul 100 taun. Aksara Roorda iki rampung ing taun 1838.

Taco Roorda iku sajatiné nimpuna basa Wétan Tengah kaya ta basa Ibrani, budaya Wétan Tengah, saha tapsir Prajanjian Lawas. Nanging dhèwèké dadi profésor basa lan sastra Jawa wiwit taun 1842 ing Delftsche Academie, akademi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lembaga iki dibubaraké ing taun 1864, dhèwèké dadi profésor ing lembaga penerusé ing Leiden kang diarani Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utawa 'Lembaga Nagara bagi Wiyata Pegawai Negeri Hindia'.[7]

Roorda dhéwé miturut panuturé dhéwé bisa nggawé aksara kang apik amarga bisa niliki lan sinau saka pengalaman para pendahulu-né. Kajaba iku dhèwèké bisa nggambar mawa apik, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané. Banjur jinis aksara kang dienggo déning Roorda iku jinisé pancèn tepat, yaiku aksara Jawa gaya Karaton Surakarta kang kala iku dianggep apik dhéwé.[8]

Buku-buku kang dicetak Taco Roorda
  Berigt en proeve van de nieuwe Javaansche drukletters, naar het voorschrift en onder toezigt-Taco Roorda, 1839   Nederduitsch-Maleisch en Soendasch woordenboek: Benevens twee stukken tot oefening in het Soendasch-A. de Wilde, Taco Roorda, 1841   Javaansche Spraakkunst Leesboek en Woordenboek-A.D. Cornets de Groot, J.F.C. Gericke, T. Roorda-Amsterdam 1843   Javaansche wetten: namelijk de nawålå-pradåtå, de anggĕr-sadåså, de anggĕr-agĕng, de anggĕr-goenoeng en de anggĕr-aroebiroe-T. Roorda-Amsterdam 1844
page=2 Het boek Rådjå Pirngon of de geschiedenis van Nabi Moeså, een javaansche legende; uitgegeven door T. Roorda: Legende vom Propheten Moses-T. Roorda, 1844   De Bråtå-Joedå de Råmå en de Ardjoena Såsrå-C.F. Winter Sr., T. Roorda-Amsterdam 1845   Javaansche Brieven, Berigten, Verslagen, Verzoeckschriften, Bevelschriten, Proclamaties, Publicaties, Contracten, Schuldbekentenissen, Quitanties, Processtukken, Pachtbrieven en andere soortgelijke Stukken. Naar Handschriften Uitgegeven door Taco Roorda.-Amsterdam, Johannes Müller, 1845   Javaansch Nederduitsch Woordenboek-J.F.C. Gericke, T. Roorda-Amsterdam 1847
  De Boeken des Ouden Verbonds in de Javaansche Taal deel 1-Johann Friedrich Carl Gericke, Taco Roorda-'s Gravenhage 1854   De Boeken des Ouden Verbonds in de Javaansche Taal deel 2-Johann Friedrich Carl Gericke, Taco Roorda-'s Gravenhage 1854   De Boeken des Ouden Verbonds in de Javaansche Taal deel 3-Johann Friedrich Carl Gericke, Taco Roorda-'s Gravenhage 1854   Javaansche Grammatica benevens een Leesboek tot oefening in de Javaansche taal deel 1-Taco Roorda-Amsterdam 1855
  Javaansche Grammatica benevens een Leesboek tot oefening in de Javaansche taal deel 2-Taco Roorda-Amsterdam 1855   Supplement op het Javaansch Nederduitsch Woordenboek-J.F.C. Gericke, T. Roorda, J.J. Meinsma-Amsterdam 1862   Kitab toehpah: een Javaansch handboek voor het Mohammedaansche recht-Taco Roorda, 1895   Roorda's Pandji-verhalen in het javaansch-Pañji, Taco Roorda, 1896

Komputerisasi aksara Carakan

Wiwit dasawarsa 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksara Carakan uga digawèkaké font ing kanggo panrapan ing komputer. Salah siji kang kapisan nggawé font aksara Jawa iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastra Jawa Kuna ing Univèrsitas Leiden Upaya integrasi diperlokaké supaya saben anggota aksara Jawa duwé kodhe kang mligi kang diakoni ing saindhenging donya. Jeroen Hellingman ngajokaké proposal ndaftaraké aksara iki sajeroning Unicode ing tengahan taun 1993 lan Maret 1998. Sabanjuré, Jason Glavy nggawé "font" aksara Jawa kang diédharaké kanthi bébas wiwit taun 2002 lan ngajokaké proposal uga menyang Unicode.

Ing Indonésia Ermawan Pratomo gawé font hanacaraka taun 2001, Teguh Budi Sayoga ing taun 2004 uga gawé font aksara Jawa kanggo Windows (diarani "Carakan") miturut ANSI. Matthew Arciniega gawé screen font kanggo Mac OS ing taun 1992 lan dijenengaké "Surakarta".[9] Sing anyar yaiku kang digarap déning Bayu Kusuma Purwanto (2006), kang bisa diékspor menyang html.

Nembé wiwit taun 2005 diayahi upaya nyata kanggo ngintegrasèkaké aksara Jawa sajeroning Unicode sawisé Michael Everson gawé code table sauntara kanggo didaftaraké. Kelambatan iki amarga kurangé panjurung saka masarakat pangnggo aksara iki. Sabanjuré wiwit kaimpun panjurung saka masarakat panganggo. Aksara Jawa Hanacara wektu iki wis dirilis sajeroning Unicode versi 5.2 (kagabung sajeroning Amandemen 6) kang metu tanggal 1 Oktober 2009.[10] Alokasi Memori Aksara Jawa (Javanese) ing Unicode 5.2.0 yaiku ing alamat A980 nganti A9DF[11].

Domain Internèt

Ing wulan Fèbruari 2020, PANDI kerjasama kalih Kamentrian Komunikasi lan Informatika lan Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, ngirim usul menyang ICANN supaya nggawé jeneng domain nganggo aksara Carakan. Miturut Menkominfo Johnny G. Plate, domain iki bisa digunakaké ing sasi Dhésèmber 2020.[12][13]

Aksara Carakan kanggo basa séjé saliyané Jawa

 
Tulisan basa Madura mawa Carakan

Carakan uga dienggo nulis basa-basa liya, saliyané basa Jawa. Conto kang cetha banget tamtuné basa Bali. Basa Bali Kuna ditulis nganggo sawijining aksara kang bisa diarani séjé. Nanging bokmanawa sawisé jaman Majapait, aksara Carakan gaya Jawa dadi kanggo nganti sapréné. Dadi aksara Bali modhèren iku yèn dirunut sarasilahé asalé saka aksara Majapait lan ora saka aksara Bali Kuna.

Sabanjuré aksara Carakan kang diarani Carakan uga dadi dienggo ing Tatar Sundha wiwit abad kaping 16 nalika Mataram mbedhah karajan Sundha lan ngasta budaya Jawa saha agama Islam ing Jawa Kulon. Sadurungé iku wong-wong Sundha nganggo aksara Sundha kang sanadyan isih sakrabat karo aksara Carakan, nanging séjé rupané. Aksara Sundha iki luwih cedhak lan luwih mèmper karo aksara Buda. Carakan disinaoni ing Tatar Sundha nganti sawisé Perang Donya II. Ing sawatara pirang taun pungkasan iki ana obahan ing Tatar Sundha kang nyoba nrapaké panggunané aksara Sundha Kuna manèh.

Terus saka Pulo Madura akèh tinemu naskah-naskah manuskrip ing rontal utawa dluwang. Akèhé pancèn tinulis ing basa Jawa, nanging aksara Carakan uga ditrapaké kanggo nulis basa Madura. Mliginé wiwit ing abad kaping 19. Saka pungkasané abad kaping 19 lan wiwitan abad kaping 20 uga akèh buku-buku mawa basa Madura ing aksara Carakan kang kacithak.

Banjur ing wusana, aksara Carakan uga kadhangkala dienggo nulis basa Malayu. Lumrahé wujudé layang kang tinulis déning wong-wong kang dudu kalebu wong pribumi ing Tanah Jawa utawa Bali lan dadi ora nguwasani basa lokal.

Aksara Carakan

Aksara Carakan iku bisa dipérang dadi pamérangan gaya Jawa utawa gaya Sangskreta. Ing ngisor iki loro-loroné kapacak. Nanging kang kapacak ing ngisor iki aksara Carakan baku gaya Jawa.

Pamérangan gaya Jawa

Basa Jawa bisa dipérang dadi pirang-pirang jinis.

Aksara nglegena

ha na ca ra ka
/hɔ/ /nɔ/ /tʃɔ/ /rɔ/ /kɔ/
         
da ta sa wa la
/dɔ/ /tɔ/ /sɔ/ /wɔ/ /lɔ/
         
pa dha ja ya nya
/pɔ/ /ɖɔ/ /dʒɔ/ /jɔ/ /ɲɔ/
         
ꦥ​ ꦗ​ ꦪ​
ma ga ba tha nga
/mɔ/ /gɔ/ /bɔ/ /ʈɔ/ /ŋɔ/
         

Ing aksara Carakan, aksara nglegena cacahé ana 20. Aksara iki kabèh nglambangaké foném-foném basa Jawa.

Sandhangan swara

a i u é o e
/a/ atau /ɔ/ /i/ /u/ /e/ atau /ɛ/ /o/ /ə/
           
ꦏꦶ ꦏꦸ ꦏꦺ ꦏꦺꦴ ꦏꦼ

Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.

Sandhangan panyigeging wanda

Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan kang nggawé sigeging wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.

Panyangga Cecak Wingyan Layar Pangkon
       
kaṃ kang kah kar -k
ꦏꦀ ꦏꦁ ꦏꦃ ꦏꦂ ꦏ꧀
Cecak

Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara

Wignyan

Wignyan iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara

Layar

Layar iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara

Patèn utawa pangkon

Patèn utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.

Sandhangan wyanjana

Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.

Cakra Keret Pengkal
     
kra kre kya
ꦏꦿ ꦏꦽ ꦏꦾ
Cakra

Cakra iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara kang wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.

Keret

Keret iku mènèhi wanda /re/ ing sawijining aksara.

Péngkal

Péngkal iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara kang wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya cakra.

Pasangan aksara

ha na ca ra ka
         
da ta sa wa la
         
pa dha ja ya nya
         
ma ga ba tha nga
         

Kabèh aksara uga nduwé sawijining pasangan kang bisa matèni aksara sadurungé.

Aksara swara

a i u é o re le
/a/ atau /ɔ/ /i/ /u/ /e/ atau /ɛ/ /o/ /ɽə/ /ɭə/
             

Aksara swara iku aksara swatantra kang nglambangaké vokal bébas. Ing Carakan aksara iki yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" kang tinulis lan , kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara kang nglambangaké pepet amarga ing basa Sanskreta ora ana pepet.

Aksara murda

Aksara Pasangan Font Nama
    Na murda
    Ca Murda
    Ka murda
    Ta murda
    Sa murda
    Pa murda
    Nya murda
    Ga murda
    Ba murda

Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biyasa dienggo dadi kaya déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng kang dimulèni utawa dikurmati lan jeneng panggonan utawa nagara. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo kang lumrah, amarga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep padha waé pocapané, mung gunané dadi séjé.

Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jinisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara kang diarani sa kembang.

Aksara rékan

                         
ꦱ꦳ ꦲ꦳ ꦏ꦳ ꦢ꦳ ꦗ꦳ ꦰ꦳ ꦝ꦳ ꦛ꦳ ꦘ꦳ ꦔ꦳ ꦒ꦳ ꦥ꦳
tsa ḥa kha dza za ṣa ḍa ṭa ẓa a' gha fa qa
θa ħa xa ða za sˤa ðˤa tˤa dˤa ʔ ɣa fa qa

Aksara rékan iku aksara-aksara Carakan kang ditambahi tandha dhiakritik wujud cecak telu. Cecak telu iki karepé kanggo "ngréka" foném-foném saka basa ngamanca, mligi basa Arab. Mula diarani aksara rékan. Aksara rékan iki wujudé ora béda karo aksara biyasa namung ana cecak teluné waé. Yèn ora ngerti pocapané, aksara rékan iki bisa diucapaké miturut pocapan Jawané.

Angka

1 2 3 4 5 6 7 8 9 0
siji loro telu papat lima enem pitu wolu sanga nol
                   

Carakan uga nrapaké angangka angka dhésimal.

Pada

Pada iku tandha-tandha kanggo nulis.

Pada Utama
Nama Gambar Font
Pada adeg
 
Pada adeg-adeg
 
Pada lingsa
 
Pada lungsi
 
Pada Khusus
Nama Gambar Font
Pada luhur
 
Pada madya
 
Pada andhap
 
Pada guru
 
꧋꧆꧋
Pada pancak
 
꧉꧆꧉
Purwa padha
 
꧅ ꦧ꧀ꦕ ꧅
Madya padha
 
꧅ ꦟ꧀ꦢꦿ ꧅
Wasana padha
 
꧅ ꦆ ꧅

Gagrag

Miturut wangun aksara, panulisan aksara Jawa kapérang dadi 3 yaiku:

  • Ngetumbar

 

  • Mbata Sarimbag

 

  • Mucuk eri

Miturut tlatah asal Pujangga/Manuskrip, kaloka gagrag panulisan aksara Jawa:

  • Jogjakarta

 

  • Surakarta

 

  • Liyané:

 

 

 

Filsafat Pakoeboewana IX

Filsafat hanacaraka kawedharaké déning Pakoeboewana IX dicuplik déning Yasadirupa minangka bahan saraséhan kang kagelar ing Balai Kajian dan Aji Tradisional Yogyakarta nalika tanggal 13 Juli 1992. Irah-irahan makalah kang kaasta Yasadipura yaiku 'Basa Jawi ing Tembé Wingking Sarta Aksara Jawi kang Mawa Tuntutan Panggalih Dalem Ingkang Sinuhun Paku Bawana IX' ing Kraton Surakarta Hadiningrat. Sajeroning makalah iku dingendikaké déning Yasadipura (1992:9-10) yèn Paku Bawana IX maringaké wewarah dhedhasar hanacaraka lan sabanjuré, kang kapurwakan kanthi sekar Kinanthi. Ajaran/wewarah filsafat urip dhedhasar aksara Jawa iku yaiku:

  • ha-na-ca-ra-ka ateges ana utusan yaiku utusan urip, wujudé napas kang kajibah manunggalake jiwa lan raganing manungsa. Karepe ana kang paring kapitayan, ana kang dipercaya, lan ana kang dipercaya kanggo makarya. Telung prakara iku nanging Allah, manungsa lan jejibahane manungsa (minangka titah).
  • da-ta-sa-wa-la ateges manungsa sawisé cinipta nganti tekan saaté tinimbalan, ora bisa nolak utawa éndha apa déné semaya. Manungsa lan samubarangé kudu ndhèrèk sendika dhawuh, nampa sarta nindakaké kersane Allah.
  • pa-dha-ja-ya-nya ateges manunggale Dzat Kang Paring Urip (Khalik) karo kang diparingi urip (makluk). Karepé cocog nunggal batine kang bisa disawang ing sajeroning solah bawané dhedhasar kaluhuran lan kautaman. Jayaiku menang, unggul kang sabener-benere, ora mung menang-menangan utawa menang ora sportif.
  • ma-ga-ba-tha-nga ateges nampa sakabehing dhedhawuhan sarta larangane Allah Kang Maha Kuwasa (takwa). Maksudé, manungsa kudu pasrah, sumarah marang garising diwajibake, sanajanta manungsa diparingi wenang kanggo ngiradati, budidaya kanggo nanggulangi. Wusanané, kabèh mung ana panguwasané Allah.

Cathetan sikil

  1. Miturut bukuné: Indonesian Palaeography (De Casparis 1975)
  2. De Casparis (1975:15)
  3. De Casparis (1975:38).
  4. Miturut Van der Molen (2000:134)
  5. Van der Molen (2000:136-140)
  6. Van der Molen (2000:140-149)
  7. Wieringa 1998:246
  8. Van der Molen (2000:154)
  9. Downloadable Surakarta fonts Archived 2009-07-07 at the Wayback Machine. by M. Arciniega.
  10. Unicode 5.2.0
  11. Tabel Unicode Aksara Jawa (Hanacaraka)
  12. Fauzan Jamaludin (2020-01-31). "PANDI Siapkan Domain Aksara Jawa Bisa Digunakan Pertengahan Tahun 2020". MERDEKA.com. Dibukak ing 2020-02-01.
  13. Arindra Meodia (2020-10-16). Ida Nurcahyani (èd.). "Menkominfo lestarikan budaya lewat digitalisasi aksara". ANTARA News. Dibukak ing 2020-10-16.

Deleng uga

Sumber

 
Conto gambar bausastra basa Jawa-Walanda, wetonan taun 1903.
  • J.G. de Casparis. 1975. Indonesian Palaeography. Leiden: Brill
  • Pedoman. 1996. Pedoman penulisan aksara Jawa. Yogyakarta: Yeyasan Pustaka nustamaa. ISBN 979-8628-00-4
  • W. van der Molen. 1993. Javaans schrift. Opleiding Talen en Culturen van ZuidoostAzië en Oceanië, Rijksuniversiteit Leiden. Semaian 8. ISBN 90-73084-09-1
  • W. van der Molen. 2000. 'Hoe heeft zulks kunnen geschieden? Het begin van de Javaanse typografie'. In Molen, W. van der & Arps, B. (Ed.), Woord en Schrift in de Oost. De betekenis van zending en missie voor de studie van taal en literatuur in Zuidoost-Azië. Opleiding Talen en Culturen van ZuidoostAzië en Oceanië, Rijksuniversiteit Leiden. Semaian 20. ISBN 90-73084-23-8 Prijs
  • W.J.S. Poerwadarminta. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff

Pranala njaba