Le Havre (pocaping cara Prancis: [lə ɑvʁ]) inggih punika salah satunggaling kitha wonten ing Seine-Maritime departemèn ing Prancis saking Haute-Normandie wonten ing laladan Prancis.[1] Le Havre mapan wonten ing Prancis sisih lèr radi ngilèn, wonten ing sisih tengen saking kali Seine ing English Channel.[1] Le Havre punika laladan ingkang kathah piyambak populasinipun Komune Prancis wonten ing laladan Haute-Normandie, sanajan cacahipun warga ingkang kathah piyambak ing konurbasi La Havre inggih langkung sakedhik tinimbang cacahipun warga ing laladan Rouen[1]. La Hevre ugi dados suprefaktur ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis sasampunipun kitha Reims[1]. Kitha punika ugi minangka kitha bisnis ingkang paling gayeng ing Prancis sasampunipun kitha Marseille[2].

Le Havre
Coat of arms of Le Havre
Lambang
NagaraFrance
RégionNormandy
DépartemènSeine-Maritime
ArondisemenRouen
InterkomunalitasCODAH
Pamaréntahan
 • Mayor (2010-2014) Edouard Phillippe (UMP)
Laladan146,95 km2 (1,813 sq mi)
 • Urban (2006)182,45 km2 (7,044 sq mi)
 • Métro (2006)615,39 km2 (23,760 sq mi)
Cacah warga (2007)2179.751
 • Urut pepadhet12th in France
 • Pepadhet38/km2 (99/sq mi)
 • Urban (2006)246,195
 • Urban density0,013/km2 (0,035/sq mi)
 • Métro (2020)291,765
 • Pepadhet métro0,0.047/km2 (0,012/sq mi)
Zona wektuCET (UTC +1) (UTC+1)
 • Usum panas (DST)CEST (UTC+2)
INSEE/Kodhe pos76351 /
1 French Land Register data, which excludes lakes, ponds, glaciers > 1 km2 (0.386 sq mi or 247 acres) and river estuaries. 2 Population without double counting: residents of multiple communes (e.g., students and military personnel) only counted once.
Sana Warisan Donya UNESCO
Le Havre, the City Rebuilt by Auguste Perret
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
Wewatonii, iv
Rujukan1181
Tlatah UNESCOEurope and North America
Sujarah prasasti
Prasasti2005 (Sési 30th)

Sajarah

besut

Le Havre naté dipun-gantos namanipun dados Franciscopolis nalika taun 1517 wekdal dipunpimpin Raja Francis I.[2] Satunggaling kapal ingkang misuwur minangka Notre-Dame-de-Grace ("Our Lady Grace") wonten ing situs sadèrèngipun kitha punika dipunyasa, lajeng denominasi ngampilaken nama mau dados nama satunggaling pelabuhan, ingkang dipunsebut Le hable de Grâce (lan sasampunipun taun 1489 namanipun dados "Plabuhan Grace").[2] Nama ingkang dawa punika lajeng dipuncekak dados Le Havre, kados nama ingkang dipun-ginakaken ing jaman modhèren, ingkang namung dipunalih aksarakaken dados port utawi pelabuhan[2].

Le Havre kala rumiyin misuwur minangka kitha ingkang mblawur lan boten cetha.[1] Manut ilining wekdal, warga ing kitha punika lajeng sami sengkut gumregut anggènipun makarya kanggé ngéwah-éwahi hawa lan swasana sereng saking kitha punika.[1]

Nama Le Havre sajatosipun inggih namung ateges palabuhan utawi port (utawi ing basa Inggris kuna ateges "swarga").[3] Le Havre dipunyasa minangka palabuhan énggal kanthi pamaréntahan saking kraton, lan sapérangan inggih kanggé nggantosaken kawontenanipun pelabuhan ingkang gadhah sujarah ing Prancis inggih punika Harfleur lan Honfleur ingkang sampun dados langkung praktis amargi wontenipun laladan ingkang dipundamel langkung ngandhap.[3] Kitha punika dipunyasa ing taun 1517, kanthi nama Franciscopolis sasampunipun pamaréntahanipun Francis I saking Prancis lan lajeng gantos namanipun dados Le Havre-de-Grace ("Harbour Grace") sasampunipun wonten kapal ingkang wonten saking Notre-Dame-de-Grace ("Our Lady of Grace").[3]

Nalika tanggal 20 April 1564, kitha punika dados satunggaling pelabuhan saking departemèn ing Prancis saking èkspèdhisi ingkang dipunpandhegani déning René Goulaine de Laudonnière dhateng satunggaling dunya énggal ingkang dipundamel déning piyambakipun ing wekdal sepisanan dados koloni Prancis wonten ing Fort Caroline, caket sapunika kaliyan kitha Jacksonville, Florida[3]. Satunggaling artis ingkang ugi misuwur inggih punika Jacques le Moyne de morgues ugi gabung kaliyan Laudonnière kanggé ngupiya lan nyipta kolonisasi sepisanan ingkang nggambarakane satunggaling gambar artistik ingkang lajeng sampun dipunmangertosi déning warga asli Amérika ing dunya ingkang énggal, mliiginipun Timicua, suku-suku wewengkon modhèren ingkang wonten ing sisih wétan radi lor saking Florida lan ing sisih wétan radi kidul saking praja Georgia.[3]

Ing abad kaping 18, Le Havre inggih wiwit tuwuh dados kitha dagang saking India Barat ingkang lajeng terus tambah ngantos dumugi Prancis lan Éropah[3]. Ing taun 1759, kitha punika dados titik kanggé mahargyakaken Rencana invasi Prancis ing taun 1759[3]. Déné ing perang ewunan wadya, jaran, lan kapal sami kempal dados satunggal namung kanggé ngrusak kathah tongkang wonten ing palabuhan ing Raid on Le Havre lan salajengipun invasi kedah dipuntilar sasampunipun wadya lautan Prancis kasoran ing wadyabala Quiberon[3].

Nagara Jerman inggih nguaosi warga ing kitha Le Havre ing sadangunipun wonten invasi saking Normandia ing Perang Dunya II ingkang asilipun inggih saged damel tiwas 5.000 tiyang lan cacahipun kirang langung 12.000 griya kagunganipun warga kitha mau risak tumemen, mliginipun amargi serangan saking udara ingkang dipuntindakaken déning Sakuthu[4]. Sanajan ta makaten, Le Havre inggih dados satunggaling lokasi ingkang dados salah satunggaling papan Depot ingkang paling ageng dipun-gantos utawi Repple Depples wonten ing operasi teater Éropah ing Perang dunya kaping II punika[4]. Èwunan wadya Amérika ingkang nyuliri kawontenanipun wadya sekuthu dipundhatengaken ing kitha punika kanggé nggantosaken sapérangan papan ingkang risak sadèrèngipun dipunprentah kanggé merangi operasi ingkang wonten.[4]

Le Havre inggih dipunkurmati kanthi wontenipun bebungah Legion of Honor ingkang dipuncaosaken ing tanggal 18 Juli 1949[4]. Sasampunipun perangipun rampung, kitha punika lajeng dipunyasa malih kanthi gaya ingkang langkung modhèren malih ingkang dipunrancang déning Auguste Perret[4]. UNESCO lajeng paring uninga bilih punjering kitha Le Havre inggih dados salah satunggaling bandha tilaran sujarah ing dunya Situs Warisan Dunya utawi World Heritage Site ing tanggal 15 Juli 2005, kanggé ngurmati kitha punika minangka kitha ingkang gadhah potensi ingkang nyata lan saged langkung inovatif malih[4]. Wontenipun siti kothong kanthi ambanipun saged dumugi 133 hèktar, miturut tim UNESCO inggih minangka satunggaling tuladha blih kitha punika gadhah arsitèktur saha tata kitha ingkang dipunrencanakaken kanthi saé ing jaman sasampunipun kaleksenan perang[4]. Punika inggih ingkang minangka salah satunggaling situs warisan dunya kontemporer ingkang arang kapanggih ing Éropah[4].

Rekonstruksi

besut

Kitha palabuhan Le Havre kénging risak ingkang parah ing sadangunipun kènging memala nalika kadadosan Perang dunya kaping kalih[5]. Kados kitha-kitha pasisir sanèsipun ing Prancis, palabuhan Le Havre saged dipunrebat lan dipunkuaosi déning nagara Jerman ing taun 1940[5]. Èwunan masarakat sami ngungsi dhateng pos-pos pengungsèn, dhateng kitha-kitha ing sakéring tengenipun lan ing papan pengungsen samantara ing sadangunipun wekdal punika[5]. Sapérangan ageng warga milih kanggé ngungsi ing wekdal énjing mumun kanthi mlampah, mawi pit onthel utawi nganggé grobak, lan namung purun wangsul ing wekdal siyang sasampunipun pihak Sakuthu ngebom laladan mau saking udara[5]. Anggènipun ngancuraken kitha Le Havre, puncakipun inggih nalika wonten pertepuran Normandia[5]. Ing tanggal 5 lan 6 Dhésèmber 1944, wadyabala Sekuti miwiti seranganipun kanggé mbébasaken kitha[5]. Sapérangan ageng, saking 132 bom dipunjeblugaken wonten ing kitha punika ing salebeting perang, lan kaanan punika asring dipungambaraken minangka pajeblug wesi lan geni[5]. Ing pungkasanipun, kitha punika saged dipunbebasaken saking jajahanipun Jerman ing tanggal 12 Dhésèmber 1944[5].

Le Havre ingkang minangka kitha palabuhan ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis, kénging risak ingkang ageng tinimbang kitha sanès ing nagara punika[6]. Langkung saking 90% saking kitha punika inggih ancur tumemen ingkang kasisa namung runtuhan bangunannipun[6]. Sedaya yasan publik ingkang wigati ing punjering administrasi kalebet bursa saham, bale kitha, lan kantor pos, saha gréja, kalih griya sakit, sekolah, toko-toko, lan perumahan ugi sami remuk[6]. Plabuhan punika inggih sampun boten saged dipun-ginakaken malih amargi bangké kapal kasebar mblokir saluranipun lan ugi boten wonten akses tumuju dhateng dermaga[6]. Kebakaran ingkang ageng njeblug ing kitha punika ing dinten-dinten salajengipun, ngancuraken punapa sakedhik ingkang kasisakaken saking makna sujarahipun[6]. Listik saha toya ing kitha punika sampun dipunicalaken amargi dipunbom déning RAF, saéngga tugas kanggé nyirnakaken geni ingkang mburap-mburap boten saged dipuntindakaken[6]. Ing pungkasaning perang, cacahipun warga sipil ingkang tiwas inggih dumugi 500 tiyang, 12.500 yasan ancur lan 80.000 tiyang boten gadhah papan dumunung[6]. Sapérangan ageng wosing bumi punika ugi dipunkeruk ngantos telas, margi ingkang asli dipunbusak saking memori fisik[6]. Sapérangan ageng saham perumahan ing pinggiran sisih lor lan wétan Aplemont lan Graville sampun sadaya dipunbubrah lan dpunremuk[6]. Tugas kanggé ndandosi malih lan ngrekonstruksi kitha punika badhé mbetahaken rencana ingkang ageng, saé punika saking pihak lokal utawi saking pihak Paris piyambak[6]. Lan sapunika inggih sampun dumugi tahap ngrencanakaken lan damel kabijakan kanggé ndandosi kitha Le Havre ingkang risak[6].

 
Kitha Le Havre ingkang risak ing salebeting perang dunya kalih ing mangsa asrep taun 1944-1945

Satunggaling pamanggih lan rencana kanggé ndandani kitha Le Havre supados tatanan ruwang kithanipun langkung saé inggih sampun dipunsamektakaken tebih-tebih dinten sadèrèngipun wonten peran dunya kaping kalih[7]. Pamarèntah Prancis sampun netepaken bilih saben kitha ingkang cacahipun warga langkung saking 10.000 tiyang kedah dipunwontenaken satunggaling rencana kanggé ndandosi lan ngrembakakaken kitha punika supados langkung saé malih[7]. Kalebet ugi palabuhan Le Havre punika ingkang kedah tumemen rekaos njangkepi sadaya kekirangan ingkang taksih kathah ing kitha-kitha ing Éropah ing wekdal punika[7]. Sasampunipun jaman révolusi indhustri ing abad kaping sangalas, gunggungipun warga kitha punika tambah langkung kathah tanpa manggihaken kaanan kitha ingkang nembé dipuntata malih[7]. Wontenipun baku ingkang radi medèni bab resikipun lingkungan lan kaanan gesangipun warga ingkang wonten, ndadosaken latar ing sangajenging griya langkung ciyut, kathah polusi udara, lan basement ing sakitering lingkungan perumahanipun warga kènging banjir[7]. Anggènipun ngrencanakaken kanggé nata kitha dhedhasar wontenipun spekulasi properti ingkang ngasilaken kualitas konstruksi andhap saking yasan-yasan lan margi ing kitha punika[7]. Wonten sakedhik pangrembakan ingkang kadadosan nalika perang inggih punika kanthi wontenipun pamanggih lan panyaruwé wontenipun rencana kanggé nindakaken sanitasi ingkang badhé dipunsamektakaken déning pihak swasta[7]. Pamarèntah Vichy ugi ngawontenaken malih master plan ing sadangunipun perang kanggé yasa mali kitha ingkang sapun risak ing taun 1941 ing sak ngandhapipun lembaga CRI kanggé ngrekonsruksi kitha punika, déné ingkang dipuntunjuk kanggé mandhegani lampahing prakawis kanggé nata kitha punika inggih Felix Brunau[7]. Amargi kitha Le Havre punika sampun risak lan bubrah total, mila rencana ingkang sampun dipunsusun punika lajeng dipunsimpen malih dumugi tanggal 16 Dhésèmber 1944, nalika pamarèntah Prancis maujud kamentrian rekonstruksi lan perncanaan (MRU) kanggé ndandosi kitha ingkang sampun risak parah punika[7]. Perkawis ingkang medal salajengipun inggih punika bab kanggé damel perumahan samentara ing tanah pribadinipun ingkang lajeng badhé dipunpadosi dalan tengahipun kanthi medal saking pamaréntahan lan kedah ngurbanaken nagara kanggé nguaosi sadaya prakawis ingkang wonten[7]. Auguste Perret (1874–1954), satunggaling arsitèk formatif ingkang ugi minangka ingkang dados designer tata rancang kitha dipunparingi tugas kanggé ngawasi rekontruksi punjering kitha lan ngrampungaken anggènipun nata kitha ing sasi Januari 1945 déning Raoul Dautry saking MRU.[5] Dewan kitha Le Havre nyuwun supados Brunau damel pérangan perencanaan ing tim ingkang ngrancang kanggé nata kitha punika, nanging lajeng sapérangan wekdal candhakipun malah nilar tugasipun amargi piyambakipun gadhah prakawis babagan idé kreatif kanggé nata kitha kaliyan Perret.[6] Kanthi tradhisional dipunyasa wonten ing sak nginggiling siti ingkang minangka tilas rawa-rawa, déné grid énggal Le Havre ingkang dipunangen-angen déning Perret inggih badhé dipunangkat déning beton ingkang kandelipun 3,5 mèter.[7] Sanajan ta rencana punika boten saged dipunkasilaken amargi wragad ingkang dipunbetahaken ageng sanget lan ugi bahan ingkang dipun-ginakaken kanggé yasa kitha punika kira, mila tilasing ambruking yasan ing kitha punika lajeng dipun-ginakaken kanggé ningkataken punjering kitha[7]. Anggènipun ngginakaken beton kanggé lulangipun sadaya yasan ing kitha punika lajeng prakawis punika ingkang meksakaken kekiyataning karakter lan dominasi palabuhan[7]. Kanthi akses relatif bébas kanggé siti lan ruanganipun, Perret lan timipun ingkang kapérang saking 60 arsitèk lan perencana kitha gadhah kaprigelan kanggé napsiraken turahan ambanipun kitha kados ingkang dipunbetahaken kémawon[7].

Papan Administratip

besut

Le Havre inggih kalebet subfaktur saking nagara Prancis ingkang paling ageng nomer kalih lan minangka punjering kitha ingkang ngiteri komune Sainte-Adresse[8]. Le Havre inggih mapan wonten ing sisih kidul radi kulon saking laladan Pays de Caux[8]. Kitha punika inggih dipunkiteri kaliyan pasisir English Channel ing sisih kulon, muara kali Seine ing sisih kidul, lan pasisir Seine ing sisih lor[8]. Ing sujarahipun, kali Seine inggih minangka wates alami ingkang ngiteri antawisipun Haute-Normandie lan Basse-Normandie; kitha Honfleur sampun asring dipunsebut déning Havrais minangka pasisir sanèsipun[8]. Minangka kitha palabuhan, temtu pasisir punika ugi kapérang saking rawa-rawa ing sapérangan pérangan pasisirnipun, Le Havre sampun dangu kènging sebutan gadhah siti ingkang kirang saé[9] · [10]. Margi kanggé ngubungaken laladan satunggal kaliyan laladan sanèsipun ingakng énggal inggih sampun dipundamel lan ing antawisipun margi ingkang paling wigati inggih punika Pont de Normandie, ingkang ngubungaken kalih gigiring kali Seine saéngga saged ngirangi wekdal mlampah saking Honfleur lan Le Havre kirang langkung saged suda ing atawisipun 15 menit[9]. Le Havre kanthi alami inggih dipunpisah saking kalih laladan déning tebing ingkang inggil[11].

 
Le Havre ingkang katutup salju
  • Villa basse utawi kitha ngandhap, kaperng saking palabuhan, punjering kitha, lan laladan perifer[12]. Laladan punika dipunyasa saking laladan rawa ing jaman kuna ingkang lajeng dipunsat ing abad enem welas[12]. Sitinipun inggih kapérang saking jinis alluvium ingkang muasalipun saking kali Seine[12]. Punjering kitha punika lajeng dipunyasa malih sasampunipun Perang dunya II, madeg ing siti ingkang langkung inggil satunggal mater (3,3 kaki) saking runtuhan yasan ingkang sampun dipunratakaken[12].
  • Villa haute utawi kitha nginggil, inggih kapérang saking laladan kitha ingkang sènsitip utawi PDI (Mont-Gaillard, Caucriauville, lan Mare-Rouge[13]). Laladan ingkang sugih inggih mapan ing sisih lor dumugi kulon saking kitha nginggil inggih punika laladan (Sainte-Adresse lan Dollemard) inggih punika laladan ingkang aling inggil ingkang mapan wonten ing siti ingkang dhuwuripun ing antawisipun 90 dumugi 115 mèter[14].

Satunggaling trowongan marfi, lan satunggaling tram kabel sepur ingkang dipunyasa wiwit taun 2012 damel trem trowongan punika langkung nggampilaken kanggé piranti transportasi ing antawisipun kitha nginggil lan kitha ngandhap[12].

Walikota

besut
Mayor Term start Term end   Party
René Cance Januari 1956 Maret 1959 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
Robert Monguillon Maret 1959 Maret 1965 bgcolor=Cithakan:French Section of the Workers' International/meta/color| SFIO
René Cance Maret 1965 Maret 1971 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
André Duromea Maret 1971 Oktober 1994 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
Daniel Colliard Oktober 1994 Juni 1995 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
Antoine Rufenacht Juni 1995 Oktober 2008 bgcolor=Cithakan:Union for a Popular Movement/meta/color| RPR, UMP
Édouard Philippe Oktober 2008 sapunika bgcolor=Cithakan:Union for a Popular Movement/meta/color| UMP

Iklim

besut
Dhata iklim Le Havre
Sasi Jan Fèb Mar Apr Mèi Jun Jul Agu Sèp Okt Nov Dhès Taun
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) 6
(43)
6
(43)
8
(46)
10
(50)
13
(55)
16
(61)
18
(64)
18
(64)
17
(63)
13
(55)
9
(48)
7
(45)
12
(54)
Rerata suhu sing dhuwur °C (°F) 3
(37)
3
(37)
5
(41)
7
(45)
12
(54)
15
(59)
13
(55)
7
(45)
9
(48)
Sumber: [15]

Amargi papan dumunung kitha punika ingkang celak kaliyan pasisir Channel, mila kitha Le Havre gadhah iklim samodra[16]. Boten wonten dinten tanpa wontenipun angin. Maneka jinis angin temtu kadadosan ing kitha punika. Angin punika saged sumilir ajeg saben taunipun amargi kénging pangaribawa mianangka laladan maritim[16]. Miturut cathetan saking stasiun cuaca singkang wonten ing Cap de la Hève ing taun 1970-1999, témperatur suhunipun mandhap ing sak ngandhaping Cithakan:Unit 24 dinten saben warsanipun, lan minggah ing sak nginggiling Cithakan:Unit 14 dinten saben warsanipun[16]. Déné dangunipun cahya srengéngé rata-rata saben taunipun inggih dumugi Cithakan:Unit jam saben warsa[16].

Presipitasi cahyaning srengéngé dipunsebaraken saben taun, kanthi presipitasi maksimal kadadosan ing mangsa palastra lan mangsa asrep[16]. Déné ing sasi Juni lan Juli inggih asring kadadosan badai[17]. Déné angin ingkang wonten sumilir saking sèktor sisih kulon radi kidul inggih wonten angin ingkang kenceng-kenceng lan angin kanthi posisi andhap saking sisih lor dumugi wétan[18]. Lan angin ingkang ageng asring kadadosan ing mangsa asrep mliginipun ing sasi Januari[17]. Bantering angin ingkang dipunukur paling banter ingakng kadadosan ing Le Havre ingkang kacathet wonten ing aglomerasi inggih kadadosan ing tanggal 16 Oktober 1987 ingkang tumuju dhateng Cape Le Have kanthi bantering angin Cithakan:Unit saben jam[19].

Déné marabaya saking alam ingkang paling mbebayani lan asring kadadosan inggih kanthi wontenipun banjir ingkang kadadosan saking wontenipun angin ageng lan Badai Surge utawi glombang pasang laut[20]. Déné sansaya andhap posiis satunggulaing kitha lajeng saged dipun-ginakaken kanggé ngadani ski ing siti[21].

Boten wontenipun kali ing salebeting kitha mila boten wonten ingkang saged nahan wontenipun banjir ageng ingkang mlebet dhateng kitha[21]. Ing pasisir Le Havre ugi radi arang kènging banjir utawi ingkang asring dipunsebut minangka banjir ingkang kadadosan amarga wontenipun angin banter[21]. Perkawis punika saged kadadosan amargi wontenpun gabungan saking angin banter, glombang inggil lan ageng saking laut ingkang dadosaken wontenipun koefisien pasang surut[21]. Déné saking tilas wontenipun pemanasan global lan rainipun laut ingkang paling inggil ingkang mindhak, mila prastawa punika saged lajeng tambah kiyat ing jaman wekdal ngajeng[21].

Mois Jan Feb Mar Apr Mèi Jun Jul Ags Sep Okt Nov Des Taun
Températur (°C) 4,6 4,9 6,8 8,8 12,1 14,8 17 17,2 15,7 12,6 8,2 5,6 10,7
Précipitasi (mm) 62,6 49 54,3 42,9 52,7 52,6 50,2 48,5 64,5 74,1 88,1 69,4 708,6
rata-rata (h) 62,9 87,7 136,2 179,5 214,6 224,4 237,8 218,5 168,3 124,5 74,7 56,7 1.878 Source: Infoclimat[22]

Lingkungan Sakiteripun

besut
 
taman Saint-Roch.

Satunggaling studi kanthi mnandhingaken Aphekom lan sadaya kitha ing Prancis nedahaken bilih Le Havre inggih minangka satunggaling kitah ingkang boten patos kénging kathah polusi ing Prancis[23]. Le Havre ugi minangka kitha ingkang paling ageng nomer tiga ing Prancis ing sadangunipun pendhudhukipun saged ngonversi kualitas udaranipun ngantos 100000[24]. Nalika gas karbon dipunrembakakaken ing taun 2009 saged nedahaken bilih kitha punika kanthi otomatis saged nolak konversi 32.500 ton CO2 saben taunipun[25]. Ing taun 2011, rilis saben taunipun kanggé rata-rata wontenipun gas sulfur dioksida ingkang dipunasilaken déning indhustri-indhustri ingakng wonten inggih ing antawisipun tigang mikrogram saben mèter kubik ing punjering kitha Le Havre ngantos kalih welas mikrogram saben mèter kubik ing lingkungan sakiteripun Caucriauville[26]. Lan pamarèntah kitha LE Havre piyambak sampun netepaken target kanggé ngirangi emisi gas CO2 saben taunipun ngantos 3%[25]. Kanggé njurung program punika, mila sampun dipunpasang panèl surya ing sapérangan yasan kitha inggih punika ing Balé Kitha Le Havre, ugi Hanging Gardens (Le Havre)[27].

Wiwit taun 2008, Le Havre inggih minangka péranganing jaringan Energy Cities utawi ènergi kitha lan ing konteks punika inggih sampun netepaken tata cara ingkang sampun kaserat wonten ing agenda 21 lan mawi pendhekatan lingkungan saking wontenipun urbanisme[26]. Kitha punika sampun pinaringan label Energi Wekdal Ngajeng ing sapérangan wekdal déning eco-label saking taun 2009-2011, label ènergi ingkang terus lumampah ing taun taun 2009[26]. Wiwit taun 1998, pasisir Le Havre inggih nampi saben taunipun gendéra biru minangka tandha matur nuwun dhateng sadaya fasilitas ingkang sampun dipunsamektakaken dhateng kitha punika ingkang dipundawakaken ngantos 3000 m2[28]. Le Havre ugi sampun damel lahan ijem ingkang ambanipun dumugi (Cithakan:Unit utawi 41 m2 saben kapita, déné kalih siti ijem ingkang paling ageng inggih punika wonten ing alas Montgeon lan Taman Roulles, ingkang kekalihipun mapan wonten ing kitha nginggil[28]. Taman-taman Priory Graville lan Hanging Gardens ugi nyamektakaken pemandhangan kitha pérangan ngandhap ingkang ugi saé[28]. Ing punjering kitha Le Havre piyambak, alun-alun Saint-Roch lan taman bale kitha Le Havre ugi nyamektakaken satunggaling papan kanggé piknik ing laladan kitha[28]. Ekosistem miscellaneous ingkang dipunwakili déning wontenipun taman pasisir Le Havre lan taman Hauser (guwa Hauser)[27]. Ing pungkasanipun, sèt Dollemard inggih dipundadosaken minangka laladan sènsitip ing nagara alam utawi Sensitive in Country Natural Area nalika taun 2001 kanggé njagi postur lan konstruk ékosistem dindhing tebing jurang[27]. Déné ing sak pinggiring margi inggih dipunkiteri déning manéka warna jinis wit-witan ingkang béda-béda ingkang ngantos 150 varietas kanthi cacahipun tuwuhan ngantos 13000 wit[29].

Dhémografi

besut
 
Kitha ngandhap ing Le Havre

Cacahipun warga ing Le Havre ing taun 1999 inggih kirang langkung 191.000 tiyang, ingkang daml kitha punika inggih kitha nomer kalih welas ingkang kathah pendhudhukipun ing Prancis lan kitha ingkang kathah piyambak pendhudhukipun ing Haute-Normandie (sananjan to cacahipun warga ingkang ageng ing Le Havre inggih langkung sakedhik tinimbang cacahipun warga ing Rouen)[30]. Cacahipun warga ingkang ageng pnika lajeng saged mandhap saking taun 1975-1982; ingkang ing sadangunipun taun punika, indhustri ingkang wonten ing mriki sami bangkrut, lan cacahipun warga suda ngantos 18.000 tiyang[30]. Ing sadangunipun taun 1980-nan, cacahipun warga ing kitha punika lajeng minggah malih sanajan ta boten patos rikat sanget anggènipun mindhak[30]. Kitha Le Havre paring watesan dhateng cacahipun warga ing taun 1999 inggih kirang langkung 249.000 tiyang (cacahipun warga ingkang paling ageng nomer selangkung ing Prancis) lan laladan urban inggih gadhah warga kirang langkung 297.000 tiyang[31]. Kanthi sudanipun cacahipun warga ing kitha punika ingkang dumugi 20% ing sadangunipun wekdal 20 taun, kitha Le Havre mila inggih kaangep taksih enem; kanthi cacahipun warga ugi tambah suda[30]. Déné cacahipun warga ingkang asalipun saking ngamanca ingkang miyos wonten ing kitha punika inggih kirang langkung wonten 8.200 tiyang utawi kirang langkung 4% saking total warga ingkang wonten[30]. Amargi wonten éwah-éwahan saking babagan ékonomi ingkang mratah kitha punika, mila jinising pakaryan ingkang wonten ing masarakat ugi lajeng ngalami éwah-éwahan ingkang ageng ing taun 1980 nan; ing antawisipun taun 1982 lan 1999, cacahipun tiyang kerah biru ingkang makarya suda lipet ping tiga inggih ngantos 11.000 tiyang[30]. Ing wekdal ingkang sami, cacahipun tiyang ingkang makarya ing pabrik utawi kantor lan para profesionalis inggih mindhak ngantos 25%, ingkang sapéranganipun inggih minangka asiling dipuncipta lan dipunbangunipun Universitas Le Havre[32].

Wisata utama

besut
 
Satunggaling griya sepuh ing Le Havre, ingkang sapunika dados Musée du Vieux Havre
 
Biara Graville, Le Havre
 
Greja Saint-Vincent
 
Lapangan Saint Roch

Le Havre inggih dados laladan ingkang dipunbom nalika Perang dunya kaping kalih. Mila kathah yasan ingkang gadhah sujarah ingkang inggil ingkang wonten lajeng sami ical amargi sami ambruk.

Greja

besut
  • Katedral Le Havre: Watu ingkang sepisanan ingkang kanggé yasa inggih dipunsukakaken sepisanan ing taun 1536[33]. Punika inggih minangka papan panggènipun biskop ing Le Havre[34].
  • Greja St. Joseph, Le Havre, salah satunggaling simbul kitha ingkang paling misuwur[34]. Beltower inggih kalebet salah satunggaling menara ingkang paling inggil ing Prancis, minggah inggih dhuwuripun ngantos 107 mèter. Menara punika inggih dipunrancang déning Auguste Perret[34].
  • Gréja St. Michael[34]
  • Gréja St. Vincent [Église St. Vincent:[34]
  • Greja St. François [Église St. François:[35]
  • Greja St. Anne [Église St. Anne:[36]
  • Greja St. Marie[34]
  • Kapel St. Michel d'Ingouville (ingkang dipunyasa ing abad 15) [St. Michel Chapel:[37]
  • Biara Graville, satunggaling biara ingkang dipunyasa kanggé ngurmati Sainte Honorine, ingkang dipuntetepaken ing lebet dhasar ing pinggiring lor kali Seine[37].
  • Greja Presbyterian Reformasi (Église Réformée), 47 rue Anatole France ingkang dipunyasa ing taun 1857, lajeng dipunbom ing taun 1941m lan payon saha langit-langit gréja dipunyasa malih ing taun 1953 déning kalih arsitèk kantor ingkang misuwur inggih punika Auguste Perret: Jacques Lamy lan Gérard Dupasquier[37]. Namung satunggal yasan ing kitha punika ingkang dipunanggep saé: yasan kina lan arsitèk sekolah Perret ingkang énggal ingkang dipunyasa ing wekdal ingkang sami[37]. Kantor sucinipun inggih bikak saben dinten Minggu enjing jam 10.30[37].

Musèum

besut
  • Musèum des Beaux-Arts André Malraux: musiyum punika gadhah satunggaling koleksi kagunan ingkang dipunkempalaken wiwit abad kaping gangsal, ingkang kapérang saking; lukisan-lukisan ingkang impresionis inggih ingkang paling amba bangunanipun ing Prancis sasampunipun Museum Orsay ing Paris[38]. Ing mriki wonten lukisan-lukisan karyanipun Claude Monet lan pelukis sanèsipun ingkang dumunung saha makarya wonten ing laladan Normandia[38]. Sapérangan lukisan sanèsipun inggih kagunganipun Eugène Boudin, Eugène Delacroix, Gustave Courbet, Edgar Degas, Édouard Manet, Pierre-Auguste Renoir, Georges Seurat, Raoul Dufy, lan Alfred Sisley[38]. Salah satunggaling bandha ingkang paling énggal dipuntumbas déning pihak musiyum inggih punika Vague, par temps d'orage déning Gustava Courbet. Koleksinipun Oliver Senn (1864-1959), dipunparingaken dhateng musiyum punika ing taun 2004, ingkang ngewrat langkung saking 205 lukisan[38].
  • Musèum du Vieux Havre[38]
  • Musèum d'histoire naturelle (Museum of Natural History)[38]. Musèum punika inggih risak amargi wonten perang dunya kaping kalih[38]. Museum Natural History punika inggih madeg wonten ing dhaéreh tilas pengadila Le Havre ingkang dipunbangung ing tengahing abad kaping wolulas, ingkang rai ngajeng lan undhak-undhakanipun ingkang monumental kadhaptar dados tandha tilas sujarah[38]. Kolèksi musèum ingkang wonten ing dipunrekonstruksi malih sasampunipun geni ngrisak yasan punika ing taun 1944 nalika kitha punika nembé dipunbom[38]. Museum punika dipunyasa déning pihak kitha ing taun 1838; ingkang nawaraken bab mineralogi, zologi, ornotologi, paleontologi, lan departemèn pra sujarah, saha koleksi lukisan purwaning abad kaping sangalas déning naturalis lokal lan ugi wisatawan Charles-Alexandre Lesueur (1778-1846)[38]. Musèum punika dipunremuk malih kanthi dipunbom saking nginggil ing tanggal 5 September 1944[38]. Perpustakaanipun ical, samanten ugi koleksinipun ingkang wonten ingkang kapérang saking asiling fotografi, pirantos spésimèn kawruh ingkang langka lan arsip[38]. Mineral lan koleksi géologi ingkang wonten ugi remuk, kalebet ugi koleksi spésimèn langka spésimèn mineral lokal Normandia[38]. Anggènipun ngancuraken musiyum punika inggih kiyat sanget, bilih ngantos sadaya katalog, pratélan sumbangan, pratélan asiling bandha ingkang dipuntumbas lan arsip sanèsipun dipuncegah ngantos inventaris ingkag leres saking sadayanipun ugi ical.[38]

Sanèsipun

besut
  • The Shipowner home (dipunyasa ing abad kaping 18)[38].
  • The former tribunal (dipunyasa ing abad kaping 18)[38].
  • The town Hall: belfry modhèren ingkang ngewrat kantor-kantor ing lebetipun[38].
  • Tha "Volcan", punjer budaya ingkang dipunyasa déning Oscar Niemeyer[38].
  • Taman Jepang[38].

Transportasi

besut
 
Gare du Havre.

Le Havre ugi sampun ngginakaken kekiyatan saking kaanan pasisirnipun kanthi radi saé, anangin tetep kémawon laladan punika ugi tetep kalebet laladan ingkang radi dipunisolasi[39]. Perkawis punika ingkang ndadosaken para tiyang ingkang sami netepaken kawicaksanan (déné sapernagan ageng inggih minangka kamar dagang lan indhustri Le Havre) sampun ningkataken akses kitha lan margi dhateng palabuhan saking jalur A131 (E05) ingkang ngubungaken Le Havre dhateng A13 (margi tol Normandi) déning wontenipun Kreteg Tancarville[39]. Lan wekdal ingkang dipunbetahaken dhateng kitha inggih satunggal jam saking Rouen lan sepalih jam saking Île-de-France[39]. Ing wekdal tembe pungkur punika, margi ageng A29 (E44, margi ageng muara) ngubungaken Le Havre aglomerasi ing sisih lor Prancis lan dipunpungkasi ing Pont de Normandie, ingkng lajeng mapanaken Amiens ing sisih wétan radi lor ngantos dangunipun kalih jam lan Caen (saking kidul tumuju kulon]] ing satunggaling wekdal tartamtu[39].

Le Havre sampun ngrembaka kanthi saé saking margi nasional ingkang dipunyasa, jalur sepur lan udaranipun (ingkang kabukti kanthi wontenipun Papan Anggegana Octeville ing Le Havre) lan saged dumugi kitha Paris namung kanthi wekdal kalih jam nitih sepur kanthi pikantuk layanan ingkang rikat dhateng Gare du Havre[39]. Transportasi lokalipun inggih dhedhasar jaringan bis ingkang wiyar lan wiwit sasi Dhésèmber 2012 sampun wonten jaringan trem[39]. Satunggaling layanan kapal feri dhateng Portsmouth ing Inggris ugi lumampah kanthi saé saking terminal de la Citadelle[39]. Layanan punika inggih dipunoperasikaken déning LD Lines[39]. Dangunipun wekdal kanggé nyebrang inggih saking gangsal setengah jam dumugi wolung jam.[40] Jalur alternatif ingkang dipunremeni déning masarakat dhateng laladan-laladan ingkang caket kaliyan LE Havre inggih nglimputi Newhaven tumuju dhateng Dieppe, lan Poole tumuj dhateng Cherbourg[41].

Plabuhan Le Havre inggih minangka palabuhan laut wonten ing toya ingkang paling ageng wonten ing Prancis[39]. Koneksi kapal feri ingkang lintas laladan sesambunganipun kaliyan Portsmouth ing sisih kidul Inggris déning P & O Ferries inggih mandheg ing tanggal 30 September 2005 ingkang badhé dipunpendhet déning LD Lines ingkang sampun ngalami éwah-éwahan ing konfigurasinipun[39]. Kalih link dhateng Portsmouth punika inggih dipunsamektakaken saben dinten[39]. Déné link dhateng pulo Irlandia inggih sampun dipunpindhah dhateng purwakaning palabuhan Cherbourg[39].

 
Ferry (LD Lines) dans le port du Havre.

Jaringan sepur ugi ngrembaka kanthi saé ing kitha Le Havre. Kanthi makaten, TER sampun dipundamel langkung modhèren kanthi dipundamel garis LER ing taun 2001 lan saged nindakaken sesambungan langsung kaliyan Fécamp ing taun 2005[39]. Tigang welas mobil coral utawi kreta coral saking Paris-Le Havre inggih nglayani dhateng stasiun-stasiun sanèsipun kados ta Honfleur-Breaute, Yvetot Rouen, lan saking Saint Lazare[39]. Kajawi punika, TGV ugi paring layanan saben dintenipun ing Le Havre, ingkang ngubungaken kitha Le Havre dhateng kitha Marseille[39]. Wiwit sasi Dhésèmber 2004 stasiun paring layanan dhateng Rouen, [[Gare de Mantes-la-Jolie | Mantes-la-Jolie] ], Versailles, Massy, Part-Dieu, Avignon, Aix-en-Provence, lan saking St Charles[39]. Ing taun 2002, link TGV dhateng Paris saged katingal ing Grand Paris lan mapanaken Le Havre udakawis satunggal jam langkung sak pro sekawan saking kutha krajan kaliyan stasiun terminal baru Pertahanan[41].

Boten wonten jalur sepur ingkang kanthi langsung saged ngubungaken kitha satunggal dhateng papan sanèsipun[39]. Nanging, Le Havre Caen, gadhah kathah proyek kanggé nyamektakaken jalur punika inggih ingkang misuwur kanthi sebutan "garis kidul mangulon", ingkang saged ngubungaken kitha Le Havre tumuju dhateng bank sisih kering ing pérangan kali Seine paling ngandhap saking Rouen, celak kaliyan muara kali, ingkang nembé dipunsinaoni ing sepalih wekdal kaping sangalas lan ing purwakaning kalih dasa, nanging malah punika boten wonten ingkang saged ipuntindakaken amargi kirangipun pepenginan ing babagan pulitik lan minangka asiling prahara saking wontenipun pihak oposiis ingkang kiyat sanget inga pamaréntahan saking otoritas palabuhan Rouen[39]. Déné manawi badhé ngginakaken angkudan umum, saéngga wisatawan saged nelasaken kitha Rouen mawi sepur utawi bis ingkang ngginakaken baris ingkang cacahipun kalih dasa saking bis ingkang ijem. Pelatih klawu dhateng Etretat lan Fécamp lan VTNI kanggé ancas tindakan dhateng lembah Seine lan Roune ugi nyamektakaken layanan ing antawisipun kitah satunggal lan kitha sanèsipun kanthi ngginakaken nama Departemèn Umum (Prancis) saking Seine-Maritime[41]. Ing pungkasanipun, perusahaan AirPlus inggih nyamektakaken angkudan tumuju dhateng stasiun sepur lan papan anggegana Paris[41]. Kanggé transportasi jalur udara, kitha punika gadhah Le Havre Octeville Airport ingkang mapan tebihipun 5 km saking sisih lor ngantos kulon saking Havre wonten ing Prancis umum saking Octeville-sur-Mer, ingkang dipunkelola déning CODAH[42]. Ing taun 2007, cacahipun tiyang ingkang ngginakaken montor mabur kelas bisnis, montor mabur kelas komersial, lan boten komersial inggih ngalami indhak-indhakan[42].

Ancas ingkang paling wigati inggih punika kanggé paltform korespondensi saking Lyon[42]. Kathah papan ingkang asring dipuntuju saben mangsa prèinan ingkang dipuntawaraken inggih punika dhateng Tunisia, Baléares, Portugal, Yunani, Bulgaria, lan sapanunggalanipun[42]. Mawi agen lelampahan lokal inggih saged mawi montor mabur ingkang dipunsewa piyambakan[42]. Kanthi wontenipun dhamé kaliyan Deauville mila lajeng nembé dipuntimbang-timbang kanggé damel punjering papan kanggé latiyan mabur lingkup regional ingkang langkung kiyat[42]. Papan Anggegana punika inggih ingkang asring dipunsebut "Le Havre / Deauville"[42].

Transportasi ing Kitha

besut
 
Mercedes-Benz Citaro
 
Tramway ing Havre.

Kitha lan wewengkon ing metropolitan gadhah jaringan transportasi ingkang padhet[42]. Perkawis punika ingkang lajeng mangsuli pitakèn, punapa kitha punika naté lèrèn, punapa malih kanthi wontenipun kitha ngandhap lan kitha nginggil[42]. Kalih kitha punika anggènipun sami gayutan kedah mawi transportasi ingkang dipunhubungaken déning wontenipun margi ingkang dawa, lajeng dalanipun kathah ingkang punikak, kathah undhak-undhaknipun, wonten tram kabel Havre lan ing pungkasanipun wonten trowongan Jenner[42].

Jaringan transportasi umum ingakng wonten ing komunitas aglomerasi LE Havre utawi CODAH inggih dipunsebat "Lia" ingkang dipunoperasikaken déning Perusahaan Angkudan saking gerbang laut inggih punika CPTO, anak perusahaan saking Veolia Trasportasi[43]. Nalika jaringan bis dipundandosi ing taun 2008, lajeng saged mbiyantu mesthekaken layanan ingkang langkung saé malih kanggé sadaya kitha ingkang wonten ing wewengkon metropolitan[43]. CPTO punika ngoperasikaken jaringan bis ingkang kapérang saking 19 larik jalut kitha reguler lan enem larik ing pérangan dalu ingkang sok diarani bis wengi[43]. Aglomérasi wonten ing Le Havre inggih dipunlayani déning 165 kendharaan lan 41 jalur bis reguler ingkang saben dintenipun rata-rata saged ngangkud penumpang cacahipun 100.00 tiyang[43].

Wiwit sasi Januari 2011, agen transportasi punika nawaraken layanan antar jemput reguler mliginipun kanggé laladan indhustri lan palabuhan Le Havre, saéngga saged nambah layanan VTNI mawi Trans Estuaire[39] Kanthi wontenipun tram kabel havre ingkang dipunyasa wiwit taun 1890 mila lajeng saged damel mungkin wontenipun sesambungan ing antawisipun kitha nginggil dhateng kitha ingkang langkung andhap kanthi wekdal namung sekawan menit mawi kabin ingkang dipungèrèk[44]. Kanthi wekdal langkung saking 75 taun, Le Havre sampun gadhah jaringan trem saking Prancis ingkang paling wiyar lan paling modhèren[44]. Déné ing wekdal punika, masarakat ing laladan kitha sampun ngupiya kanggé ngrembakakaken pasokan transportasi ing laladan kitha[44]. Solusi saking rel trem inggih ingkang dipunpilih kanggé ngrampungaken prakawis ingkang wonten[44]. Rel trem punika wiwit sepisanan mlebet ing layanan inggih ing tanggal 12 Dhésèmber 2012 lan gadhah 23 stasiun ing total dawanipun margi 13 km[45]. Larik ingkang sepisanan ingih ngubungaken pasisir tumuju dhateng stasiun, cacahipun laladan ing pérangan kitha nginggil kaliyan trowongan énggal, celak kaliyan trowongan Jenner, kanggé mérang dados kalih, inggih ingkang setungga arah tumuju dhateng Mont-Gaillard, déné arah ingkang sanèsipun inggih tumuju dhateng Caucriauville[45]. Satunggaling laring ingkang nomer kalih, inggih wonten ing sak ngandhaping panaliten kanggé mecahaken prakawis wontenipun titik bosen saking jalur bis 2 lan kanggé ugi nglayani masarakat pinggiran sisih kidul[45].

Ing pungkasanipun, aglomerasi ing Le Havre wiwit taun 2001 gadhah LER, larik TER ing antawisipun Gare du Havre kanggé Rolleville saking gangsal stasiun sepur ing kitha sanèsipun[45].

Transportasi pribadi

besut

Wiwit taun 2005, sampun dipunrembakakaken wontenipun dalan mirunggan kanggé pit onthèl ingkang proyek punika sampun sami mundhak, kalebet wontenipun koneksi utawi sesambungan dhateng Greenway, déné ingkang dipunjanjikaken inggih gadhah jaringan ingkang kiyat lan kanthi kualitas ingkang saé[27]. Ing antawisipun taun 2007 lan 2011, total dawanipun jalur pit onthèl ingkang dipundamel inggih sampun lipet ping kathah inggih ngantos 46 km total dawanipun margi[27]. Awit saking punika, pramila tiyang badhé langkung gampil kanggé nyéwa pit onthèl ing badan-badan océane bis utawi (Vél-H) ugi dipunsarujuki kanggé dipunampil[44]. Kanggé paring wara-wara bab panyaruwé supados masarakat sami ngginakaken pit onthel ing kitha, mila wonten pakempal pit onthel ingkang asring nyadé pit sabine ingkang dipun-ginakaken kanggé tindak-tindak ing laladan kitha[44]. Satunggaling golongan kanthi nama LH-Velorution ngupiya wiwit purwakaning taun 2012 kanggé ningkataken kasadharanipun masarakat supados sami ngginakaken pit onthèl kanggé tindakan ing laladan kitha lan ugi kanggé nengenaken bab polusi ingkang saweg dados prakawis ing laladan kitha lan ugi wontenipun implementasi kirang saé saking fasilitas ingkang dipunsamektakaken ing pit onthel piyambak[46]. Ing pungkasanipun, namung 140 taksi ingkang dipunoperasikaken wonten ing Le Havre lan kanggé nglayani namung 25 stasiun [47].

Tata ruwang kitha ing Le Havre

besut

Kitha Ngandhap

besut

Kitha dipunyasa malih sasampunipun taun 1945

besut
 
Peta Le Havre lan punjering kitha ingkang dipunyasa malih sasampunipun Perang mondiale

Sapérangan ageng kitha punika inggih sampun remuk ing sadangunipun wonten Perang Dunya kaping kalih. Kitha punika dipunyasa malih jumbuh kaliyan pangangen-angen bengkelipun Auguste Perret ing antawisipun taun 1945 lan 1964[48]. Namung Hotèl Le Havre lan Greja St Joseph ing Le Havre ingkang dhuwuripun dipunrancang ngantos 107 mèter déning arsitèk Auguste Perret[48]. Piyambakipiun lajeng dhateng kanggé muji asiling pakaryan kanggé yasa malih yasan punika, lan déning UNESCOlajeng kitha ngandhap ingkang dipunrekonstruksi malih punika inggih wonten ing punjering kitha Le Havre punika ing tanggal 15 Juli 2005 saged mlebet Pratélan Warisan Dunya[48]. Ruangan punika inggih ingkang gadhah amba ngantos 133 hèktar inggih minangka situs kontemporèr ingkang kacathet wonten ing Éropah[48]. Arsitèktur laladan punika inggih dipuntandhani déning dipun-ginakakenipun beton, pre pabrikasi, tata cara urutan ngginakaken kerangka modular ingkang dawanipun 6,24 mèter lan garis jejeg[48] · [49].

Karya arsitèktur sanèèsipun ingkang ugi misuwur inggih punika punjering griya budaya ing Le Havre, ingkang dipunyasa malih ing taun 1982 déning arsitèk saking Brasil inggih punika Oscar Niemeyer lan salajengipun dipunsebut volcano awit saking wujudipun yasan ingkang kados gunung geni[50].

Ing taun 2012, yasan punika inggih nembé dipundandosi malih lan ing sak njawining ruangan ugi nembé dipunéwah-éwahi kanthi langkung tumemen lan sampun dipunsarujuki déning arsitèk ingkang yasa yasan punika ugi kanthi damel papan ingkang langkung kebikak ingkang radi ageng dhateng sak njawining plaza[50]

Ing sakiteripun Notre Dame lan Perrey ugi sampun dipun-ginakaken masarakat minangka papan dumunungipun warga[50]. The Halles inggih minangka salah satunggaling punjering kitha ingkang radi komersil[50]. Wondéné dhistrik Saint-François, ugi sampun dipunyasa malih sasampunipun taun 1945, nanging kanthi wujud gaya arsitèktur ingkang béda kanthi sampun ngalami éwah-éwahan ingkang kathah, lan yasan saking watu bata punika gadhah payon ingkang lancip wonten ing slate. Punika inggih kalebet laladan lingkungan rumah makan lan pasar iwak[50].

Lingkungan saking kitha ingkang langkung tuwa

besut
 
Palataran Greja Saint Vincent

Saking sisih wétan tumuju sisih lor kitha ngandhap punika sampun dipunyasa malih sapérangan laladan ingkang sampun tuwa kahananipun inggih ingkang nglimputi lingkungan Danton, Saint Vincent, Graville, Massillon, lan sapanunggalanipun[51]. Bejanipun, yasan punika inggih saged luput saking amuking bom ing perang dunya kaping kalih[51]. Toko-toko ingkang jumèjèr jèjèr wonten ing sapérangan titik margi utama ing lingkungan sakitering bunderan kitha inggih padatanipun dipundamel saking watu bata, mila bangunanipun inggih radi kiyat[51]. Nanging, ing salebeting taun 1990 nan lan 2000 nan, lingkungan punika inggih sampun dados proyèk yasan ingkang badhé dipunyasa malih kanthi béya ingkang ageng, mliginipun kanthi wontenipun OPAH kanggé ndandosi griya ingkang sampun sepuh yuswanipun dhedhasar rehabilitasi ing kitha utawi rekonstruksi kitha ingkang wonten, lajeng dipunyasa ugi fasilitas publik ingkang taksih kirang dipunjangkepi, ugi dipundandosi malih bab tata cara lumakunipun bisnis ingkang kadadosan ing kitha punika[51].

Ing pungkasanipun abad 20 lan ing purwakaning abad 21, stasiun kabupatèn inggih sampun ngalami éwah-éwahan ingkang ageng[51]. Panci leres, sajatosipun stasiun kabupatèn inggih minangka lawang gerbang manawi badhé tumuju dhateng kitha ingkang sami badhé kepanggih wonten ing papan punika lan ugi kanthi wontenipun stasiun sepur ing kitha punika[52]. Yasan-yasan ènggal ingkang sampun sami dipunyasa ing wekdal pungkasan punika inggih kados ta Universitas Le Havre, konservatorium, markas saking SPB (Society Provident Bank) lan General Transatlantic Managemen, hotèl matmut, ingkang ènggal inggih punika kanthi sebatan CCI, ingkang sapèrangan ageng saking yasan punika inggih dipunrancang déning arsitèk ingkang sampun misuwur[52]. Stasiun bis, NF, inggih sampun gadhah sertifikat lan wiwit taun 2005 stasiun punika inggih ugi sampun dipundandosi malih[52]. Ing sisih loripun stasiun, wonten proyèk sanèsipun inggih punika kanthi wontenipun real estate ingkang dipunyasa ing siti tilas papan ingkang sampun bobrok tumemen ing pulo Turgot, Magellan ingkang badhé dipunwedalaken lan dipunkepyakaken ing taun 2013 punika kalebet kantor kanthi amba 12.500 m2 lan ugi hotèl kanthi tingkat wolu ingkang sampun jangkep kaliyan wontenipun toko-toko ingkang pating jlèntrèk jumèjèr ing tingkat paling ngandhap yasan punika[52].

Distrik-dhistrik ing sisih kidul

besut
 
Laladan komersial Docks Vauban, 2009, sisih pérangan kidul

Distrik-dhistrik ingkang mapan wonten ing sisih kidul saking kitha Le Havre punika inggih dipuntandhani kanthi wontenipun kegiyatan indhustri lan palabuhan[53]. Wonten set bata saking set watu bat ingkang ageng ing Chicago, kitha tenaga makarya, usaha alit, gudhang, dermaga lan fasilitas palabuhan, utawi infrastruktur transportasi[53].

Distrik-dhistrik ing pérangan sisih kidul ing sadangunipun mapinten-pinten taun ingkang sampun ngalami éwah-éwahan ingkang ageng kanthi surung pambiyantu béya saking Éropah[53]. Kegiyatan punika lajeng dipunrembakakaken maih kegiyatan ingkang tersier ingkang sampun langkung rumiyin dipunlirwakaken déning kegiyatan indhustri[53]. Kanthi makaten, dermaga punika saèstu saged dados punjering papan ulah raga lan wontn ing adicara Dock Océane, ing punjering papan kanggé blanja ing Docks Vauban lan ugi paméran Docks Café[53]. Les Bains des Docks dipunrancang déning arsitèk Jean Nouvel[53]. Ing pungkasanipun taun 2012, mahasiswa saking Ilmpu Pulitik Éropah Asia lan INSA ingkang sampun kagabung dados yasan énggal ing sandhingipum Institut Tinggi Studi Logistik lan ENSM mangsa sangajengipun (École Nationale Supérieure Maritime)[53].

Punjering papan medis ingkang énggal ingsakitering griya sakit énggal ingkang wonten ing Prancis, inggih punika des Ormeaux ingkang dipunyasa ing sakiteripun lingkungan wonten ing pundi kathah griya ingkang ugi badhé dipunyasa malih kanggé ancas badhé dipunpromosikaken ing ancas campuran sosial[54]. Kitha Cité de la Mer lan pangyasa ingkang badhé terus-terusan dipunyasa ingkng badhé dipunadani ing sakitering menaralogam ingkang dhuwuripun satus mèter ingkang dipunrancang déning Jean Nouvel[54]. Proyek punika lajeng dipunmandhegaken ing taun 2007, nanging sampun makarya kanthi tumemen malih ingkang kedah dipunwiwiti malih ing taun 2013[54]. Déné pamaréntah kitha kanthi wontenipun renovasi punika lajeng pengunjung ingkang cacahipun 300.000 tiyang saben taunipun kedah dipuntarik supados boten dhateng yasan punika malih[55].

Kitha Nginggil

besut
 
Pasaréyan Sainte-Maria

Pérangan kitha nginggil inggih kapérang saking tigang pérangan, inggih punika pérangan pasisir, dhistrik pinggiran kitha ing dataran inggil, lan set perifer ingkang ageng[56]. Lingkungan ingkang wonten ing sandhingipun tebing inggih punika satunggaling komplèks griyanipun warga ingkang langkung gampil dipundamel ing pérangan sisih kulon inggih punika wonten Les Ormeaux, Rue Felix Faure lan ingkang kitha prasaja inggih wontenipun kitha St Cecilia, Aplemont[56]. Lajeng trowongan Jenner ingkang wonten ing sak ngandhaping pasisir lan ngubungaken kitha nginggil lan kitha ngandhap[56]. Ing laladan pasisir ugi kapanggih kalih wujud kitha ingkang kiyat inggih punika bènteng Sainte-Adresse lan Tourneville lan wontenipun pasaréan Sainte-Marie[56]. Kanthi ambrukipun fungsi militèr kitha, mila kitha punika kanthi sakedhik maka sakedhik lajeng dipundandosi, kados ta Fort Sainte-Adresse ingkang lajeng dipun-gantos Taman gantung Le Havre, lan ugi kanggé bètèng Tourneville ingkang dados griya utama ing taun 2013 kanggé wontenipun Tetris Project, inggih punika satunggaling punjering papan kanggé latiyan musik kontemporer kanthi wontenipun gedhong konser lan studio kanggé gladhèn[56].

Déné ing sisih lor dipunrembakaken wonten ing sepalih wekdal sepisanan saking abad sangalas, inggih punika dipundamel kabupatèn pinggiran kitha, kados ta Rouelles, St Cecilia, Mare au Clerc Sanvic, Bléville lan Dollemard[56]. Ing sisih lor radi kulon, ing antawisipun Belville lan papan anggegana Octeville, ugi wonten laladan ingkang nembé dipunyasa, inggih punika kitha Les Hauts de Belville[57]. Laladan punika inggih minangka dhistrik eco ingkang kapérang saking baku griya kanggé warga ingkang kedah gadhah kualitas lingkungan ingkang saé utawi ingkang asring dipunsebut High Quality Environments (HQE), satunggaling BIA lan sekolah ingkang kedah konversi total cacahipun 1000 dhateng laladan ing griyanipun warga[57].

Laladan ing sakitering pinggiring kitha inggih saged tuwuh ing wekdal sasampunipun rampung perang[57]. Punika inggih minangka satunggaling padamelan ingkang ageng saking Caucriauville, Kayu Belville, Mont-Gaillard lan Mare-merah ingkang titik fokusipun dhatng cacahipun warga ing kitha punika kirang ngasilaken asil ingkang patos saé[57]. Ing sasi Oktober 2004, Badan Nasional Kitha (ANRU) inggih nindakaken renovasi ingkang dipuntapakasmani kaliyan punggawa kotamadya Le Havre kanthi asling serat kekancingan ingkang sepisanan inggih punika kanggé paring sumbang surung bab wragat kanggé yasa ulang yasan ingkang sampun tuwa umuripun ing kitha punika[57]. Serat kekancingan punika inggih saged medalaken arta sumbangan ingkang agengipun 340 yuta kanggé yasa golongan ageng ing dhistrik sisih inggil, minangka griya kanggé 41.000 tiyang[57] Sumbangan wragat punika lajeng saged mratah kanggé dipunwedalakenipun Grand Project de Ville (GPV)[57]. Mila, prakawis punika ingkang saged ndadosaken langkung gampil kanggé yasa malih kitha nginggil ingkang cacahipun 1700 griya énggal[58].

Toponomi

besut

Nama kitha punika inggih sampun dipunbuktèkaken ing taun 1489, lan ugi ing wekdal sadèrèngipun inggih sampun natè dipundhirikaken déning Francis I minangka satunggaling rahmat lan dados kitha grace[59]. Ing taun 1516, kalih taun sadèrèngipun sampun madeg yayasan punika kanthi resmi[59]. Nama ilmiah lan samantaranipun kanggé kitha p[unika inggih asalipun saking Franciscopolis[59]. Kualifikasi punika mbok bilih inggih ngrujuk dhateng wontenipun kapèl bunda Maria, ingkang mapan wonten ing katedra Notre Dame ing Le Havre[59]. Katedral punika inggih gadhah nama ingkang sami kaliyan Our Lady Grace ingkang sampun kacathet minangka satunggaling kapel ing muara sanèsipun[59].

Ulah raga

besut
 
Plabuhan Vauban.

Kitha Le Havre inggih minangka kitha papanipun klub ulah raga ingkang paling sepuh ingkang wonten ing Prancis, inggih punika Le Havre Rowing Society (1839)[60], Ragatta Society of Le Havre (1838) lan Le Havre Athletic Club (1872), dekan klub bal-balan Prancis lan rugby[61] · [62] · [63]. Kitha punika inggih minangka papan kempalipun tim pakempalan bal-balan saking klub Le Havre AC, ingkang mangsa tandhing liga taun 2011-2012 tandhing ing Liga kaping kalih, nomer kalih saking bal-balan Prancis[60]. Klub bal-balan punika inggih dipundhirikaken ing taun 1872, ingkang dadosaken klub punika dados klub bal-balan ingkang paling sepuh wonten ing pakempalan klub bal-balan ing Prancis[60].

Papan ulah raga ingkang taksih gesang ing Le Havre inggih dipundominasi déning tigang tim olahra profésional, tim bal-balan ingkang sepisanan inggih punika CDT ingkang maén tandhing ing liga 1 kanggé ing wekdal pungkasan taun 2008-2009 lan ing wekdal salajengipun inggih tandhing ing liga nomer kalih[60]. Papan punjering pelatiyan ingkang dipunanggep sampun maujud ing Prancis ing ranah internasional ing antawisipun inggih punika Vikash Dhorasoo, Julien Faubert, Jean-Alain Boumsong, Lassana Diarra utawi Steve Mandanda, ingkang kanthi ajeg tetep saged mlebet ing ranking sedasa ageng klub ing Prancis[60]. Tim ageng ingkang angka kalih inggih punika Saint-Thomas Basket), ingkang minangka jawara basket Pro A ing Prancis[60]. Klub punika inggih saged dados jawara lan ngrebat gelar nasionalipun ingkang sepisanan inggih wonten ing kompetisi Coupe de France ing taun 2006[60]. Klub atletik rugby Le Havre ingkang minangka klub éwah-éwahan saking fédheral 3 ing liga champions Prancis (ingkang mèh sami kedhudhukanipun kaliyan divisi gangsal)[60]. Klub hoki ing Havre inggih sampun ngrembaka sanget ing tingkat nasional wonten ing urut-urutan nomer sekawan kanggé mangsa tandhing 2008-2009, mila tim punika asring dipunsebut Dock Le Havre[64]. Minangka kitha maritim mila kathah kapanggih jinising ulah raga ingkang gayut kaliyan kaanan alam ingkan kados makaten, kados ta tradisi prau layar[60]. Ing tanggal 29 Juli 1840, dipunadani tetandhingan ingkang sepisanan saking ulah raga prau layar punika[61]. Ing wekdal sapunika, Le Havre inggih sampun misuwur dados stasiun tiya lan resor[61]. Plabuhan pasisir ingkan wonten ing pasisir punika inggih dipunyasa nalika jaman taksih kadadosan perang, lan sapunika sampun dados palabuhan maritim ingkang paling ageng[16]. Cacahipun 200 ali tambahan inggih ugi sampun dipunpasang wonten ing laladan cekungan Vauban ing taun 2011-2012[65].

The Havraise Rowing Society inggih sampun nglatih sapérangan para atlit dayung ingkang inggil, kados ta Thierry Renault[66]. Klub nautique Le Havre (CNH) inggih minangka punjering saking papan renang lan polo ing toya kanggé papan renangipun tiyang jaler[66]. Le Centre Nautique Paul Vatine inggih minangka klub nomer gangsal wonten ing cacahipun lisensi ulah raga ing nagara mau ingkang pikantuk ranking nomer kalih ing divisi liga champions noler 1 ing klub catamarans Prancis[66].

Kitha punika ugi sampun naté dados tuan rumah kanggé Olimpiade Layar ingkang dipunadani ing mangsa panas ing tetandhingan Olimpiade mangsa panas taun 1900 lan wonten ing olimpiade layar mangsa panas taun 1924[66].

Ékonomi

besut

Ing taun 2006, pajeg penghasilan saben griya ing Prancis saged ngasilaken arta ngantos dumugi 14.667 euro [67]. Sanajan ta ékonomi lokal ing laladan punika saged ngrembaka lan gadhah rupa ingkang kathah, nanging tetep kémawon sadaya asiling padamelan gumantung kaliyan papan lokasi indhustri mau wonten, inggih kalebet ing golongan internasional punapa usaha alit-alitan kémawon[67]. Aluring mlampah babagan ékonomi ing Le Havre inggih tebih saking papan punjering damel kaputusan ingkang mapan wonten ing laladan Paris[67]. Awit saking punika, prakawis punika nedahaken bilih wonten kamungkinan bilih kitha punika gadhah representasi ingkang andhap saking bab ékonomi kejawi sapérangan ékonomi ingkang saged kasil saé, kados ta distributor furnitur interior, ingkang gadhah prusahaan pelayaran, Delmas (ingkang sahamipun nembé kémawon dipunkuaosi déning golongan CMA-CGM[67].

Pengusaha Mayor ing laladan Le Havre
Nama Kitha Séktor
Renault Sandouville Sandouville Otomotif
Griya Sakit Umum Le Havre kasarasan
Kitha Havre Le Havre Administrasi publik
Cacahipun Gonfreville Refining
Plabuhan Le Havre Le Havre Layanan palabuhan
Aircelle Gonfreville Manufaktur montor mabur
Total Pétrokimia Gonfreville Pétrokimia
SNCF Le Havre transportasi
Dresser-Rand Le Havre Pirantos mékanik
Chevron Gonfreville Pétrkimia

Plabuhan

besut

Kanthi saged nampun barang ingkang cacahipun dumugi 68,6 yuta ton ing taun 2011, mila Plabuhan Le Havre inggih dados palabuhan bisnis ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis lan nomer seket palabuhan paling ageng ing dunyaref>PDF World Port ranking 2010 sur http://aapa.files.cms-plus.com/</ref>. Nanging punika nembé 60% saking lalu lintas kontèner kanthi mèh sami kaliyan 2,2 yuta EVP ing taun 2011[68]

Ing tingkat Èropa, palabuhan punika dados palabuhan nomer wolu ingkang paling sibuk ing pérangan lalu lintas kontènèr, lan dados nomer enem manawi dipuntétang saking kathahipun ingkang lalu lintasi ing palabuhan punika[69]. Plabuhan punika inggih nampi sapérangan ageng lisah mentah ingkan cacahipun dumugi 37,5 yuta ton lan 1,7 yuta ton produk ingkang sampun dipunolah ing taun 2011[68]. Lan ing pungkasanipun taun 2010, cacahipun kendharaan ingkang liwat terminal pelabuhan dumugi 340.500 kendharaan[69]. Ing palabuhan punika wonten 75 jalur pelayaran règulèr ingkang saged ngladosi 500 palabuhan ing sadaya pérangan dunya[69]. Kathah-kathahipun mitra dagang ingakng paling ageng ing palabuhan Le Havre inggih asalipun saking bawana Asia lan manawi dipunétang cacahipun 58% saking ngimpor barang lan 39,6% kanggé ngekspor barang[69]. Déné turahan arus lalu lintas ing palabuhan Le Havre inggih dipuntujokaken dhateng arah Éropah lan Amérika[69].

Le Havre inggih mapan wonten ing sisih lor saking muaranipun kali Seine[70]. Papan punika inggih sanget damel untung pamaréntah Le Havre kanthi mapinten-pinten alsesan[71]. Ingkang sepisanan, amargi kali Seine inggih minangka papan ingkang misuwur ing dunya, lajeng papan punika minangka palabuhan ingkang paling sepisanan lan kaping pungaksan madeg ing Èropa sisih lor[72]. Lan ugi palabuhan punika minangka pérangan paling ngajeng kanthi sak pro sekawan padamelan dol tinuku dagang maritim ing Èropa inggih dipuntindakaken ing mriki[73].

Menara Kembar

besut

Le Havre inggih minangka kitha kembar utawi gadhah satunggaling sedhèrèk kitha putri sanèsipun ingkang kembar kaliyan kitha Le Havre punika:[74]

Tokoh

besut

Le Havre inggih minangka kitha miyosipun para tokoh-tokoh ingkang misuwur kados ing ngandhap punika[1]:

Gladri

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g [1] Archived 2014-01-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 21/04/2013)
  2. a b c d Editorial, CODAH
  3. a b c d e f g h "Narrative of Le Moyne-TheNewWorld.us". TheNewWorld.us. Diarsip saka sing asli ing 27 September 2013. Dibukak ing 14 April 2013. {{cite web}}: Text "dipunundhuh tanggal 14 April 2013" ignored (pitulung)
  4. a b c d e f g h Ambrose, Stephen. Citizen Soldiers, kaca 274-277.
  5. a b c d e f g h i (Kuhl, Lowis & Thiel-Siling 2008, kaca 61)
  6. a b c d e f g h i j k l (UNESCO 2005, kaca 5)
  7. a b c d e f g h i j k l m n (Collins 2004, kaca 273)
  8. a b c d Claire Etienne-Steiner, Frédéric Saunier, Le Havre un port des villes neuves, Paris, 2005, kaca 21
  9. a b C. Étienne-Steiner, Le Havre. Ville, port et agglomération, Rouen, 1999, kaca 15
  10. Isabelle Letélié, Le Havre, itinéraires insolites, Louviers, 2010, kaca 14
  11. J. Ragot, M. Ragot, Guidé de la nature en pays de Caux, 2005, kaca 6
  12. a b c d e P. Auger, G. Granier, Le guidé du Pays de Caux, 1993, kaca 33
  13. "Insee-Thèmes-Territoire-DUIC-Agglomération (unité urbaine): Le Havre". Insee.fr. {{cite web}}: Unknown parameter |dipunundhuh tanggal= ignored (pitulung)
  14. [2] Alam ing kali Seine (dipunundhuh tanggal=19/07/2012)
  15. "Weatherbase". June 2011. Diarsip saka sing asli ing 4 April 2012. Dibukak ing 20 April 2013. {{cite web}}: Unknown parameter |dipunundhuh tanggal= ignored (pitulung)
  16. a b c d e f Chiffres clés et statistiques, Le Havre Développement Archived 2013-08-07 at the Wayback Machine.
  17. a b Cap de la Hève, Seine-Maritime (76), 100m-[1961-1990], Infoclimat
  18. Pierre Le Hir, Ricardo Silva Jacinto, « Courants, vagues et marées: les mouvements de l'eau », Ifremer Archived 2013-07-18 at the Wayback Machine.
  19. Météo en Seine-Maritime, Météo France Archived 2007-12-02 at the Wayback Machine.
  20. P. Auger, G. Granier, Le guidé du Pays de Caux, 1993, kaca 42
  21. a b c d e Données nature et paysage sur l'estuaire de la Seine, Carmen, Haute-Normandie
  22. Cap de la Hève, Seine maritime(76), Cithakan:Unité-[1961-1990] sur Infoclimat
  23. Gaëlle Dupont, « Il est difficile de mobiliser les politiques sur le problème de la pollution de l'air »
  24. Laurence Perrin, « L'heure du bilan carbone », dans Océanes Le Havre, Cithakan:Numéro, décembre 2011-janvier 2012, kaca 31
  25. a b Lutter contre le changement climatique, Ville du Havre Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.
  26. a b c Résultats de mesures 2011, Air Normand Archived 2013-07-26 at the Wayback Machine.
  27. a b c d e Rapport annuel du développement durable de la ville du Havre 2010-2011, Ville du Havre Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.
  28. a b c d La plage du Havre denouveau certifiée Pavillon bleu Archived 2012-07-19 at the Wayback Machine.
  29. [3] Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine. Préserver la biodiversité, les écosystèmes et les milieux naturels (dipunundhuh tanggal=21/04/2013)
  30. a b c d e f [4]|76351 Le Havre (dipunundhuh tanggal=21/04/2013)
  31. Insee-Résultats du recensement de la population-2009-Le Havre, INSEE[pranala mati permanèn]
  32. Insee-Résultats du recensement de la population-2009-Le Havre, INSEE[pranala mati permanèn]
  33. In Le Havre(dipunundhuh tanggal 22 April 2013)
  34. a b c d e f "Archive copy". Diarsip saka asliné ing 2005-10-13. Dibukak ing 2005-10-13.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  35. [5]
  36. [6]
  37. a b c d e "Archive copy". Diarsip saka asliné ing 2006-07-23. Dibukak ing 2006-07-23.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  38. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s “Koleksi Musèum Biologi sadèrèngipun kènging memala ing tanggal 5 Septembre 1944.” Buletin Géological Society of Normandia and Frinds of Museum Le Havre. Volume 40. 1936-1950. Kaca 12, 17, 22.
  39. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Réseaux de communication Archived 2013-08-07 at the Wayback Machine.
  40. "Le Havre Portsmouth Timetables | Cross Channel Ferry". LD Lines. {{cite web}}: Unknown parameter |dipunundhuh tanggal= ignored (pitulung)
  41. a b c d [7] Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.Le Havre, métropole d'avenir(dipunundhuh tanggal=21/04/2013)
  42. a b c d e f g h i j [8] Archived 2011-02-23 at Wikiwix Rapport d'activité 2007 (dipunundhuh=21/04/2013)
  43. a b c d sommes-nous ? (dipunundhuh tanggal=22/04/2013)
  44. a b c d e f Guide de la mobilité 2011, Ville du Havre Archived 2014-01-16 at the Wayback Machine.
  45. a b c d Les chiffres-clés, Le site du tramway de l'agglomération du Havre Archived 2010-05-23 at the Wayback Machine.
  46. Site LH-Vélorution
  47. Océanes Le Havre, n°156, mai 2012, kaca 14
  48. a b c d e Le Havre, la ville reconstruite par Auguste Perret, UNESCO
  49. Isabelle Letélié, Le Havre, itinéraires insolites, Louviers, Ysec éditions, 2010, kaca 31
  50. a b c d e Isabelle Letélié, Le Havre, itinéraires insolites, Louviers, Ysec éditions, 2010, kaca 32
  51. a b c d e Un centre ancien en cours de rénovation, Ville du Havre Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.
  52. a b c d Ilot Turgot Magellan par le cabinet d'architectes Paumier Archived 2013-05-16 at the Wayback Machine.
  53. a b c d e f g Parcs et jardins de la ville du Havre, Sciences Po et l'INSA Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.
  54. a b c Gras 2010, p. 238
  55. Gras 2010, p. 239
  56. a b c d e f Le fort de Tourneville, Ville du Havre Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.
  57. a b c d e f g L'éco quartier « Les Hauts de Bléville », Ville du Havre
  58. Elisabeth Ridel, les Vikings et les mots: L'apport de l'ancien scandhinave à la langue française, éditions errance, Paris, 2009, kaca 203-226-227-228.
  59. a b c d e François de Beaurepaire (préf. Marianne Mulon), Les Noms des communes et anciennes paroisses de la Seine-Maritime, Paris, A. et J. Picard, 1979, 180 p. (ISBN 2-7084-0040-1) (OCLC 6403150), kaca 92-93
  60. a b c d e f g h i Depuis 1838, Société française de l'Aviron Archived 2013-08-14 at the Wayback Machine.
  61. a b c Plaquette Nautisme, havredeveloppement.com Archived 2013-10-01 at the Wayback Machine.
  62. Archives municipales du Havre, Ville du Havre. Consulté le 23/04/2013 Archived 2019-07-08 at the Wayback Machine.
  63. Coll., 1872-1972, centenaire Havre Athletic Club, Le Havre, HAC, 1972, kaca 19–23
  64. Présentation du club, FFHG Archived 2010-02-12 at Archive-It
  65. Océanes Le Havre, avril 2011, Cithakan:Numéro, kaca 30
  66. a b c d Présentation, centre nautique Paul Vatine Archived 2013-08-13 at the Wayback Machine.
  67. a b c d CC-Résumé statistique/com,dep,zone empl sur site de l'INSEE Archived 4 June 2012 at Archive.is
  68. a b Statistiques définitives, année 2011, Port du Havre[pranala mati permanèn]
  69. a b c d e Le port du Havre, Le Havre développement Archived 2013-07-02 at the Wayback Machine.
  70. Les emplois liés aux activités maritimes et portuaires dans la zone d'emploi du Havre (hors industrie) Archived 2007-10-29 at the Wayback Machine.
  71. Le port de plaisance, Ville du Havre
  72. Economie Renault/Sandouville: jours non-travaillés, Le Figaro
  73. Le port aujourd'hui, Grand Port Maritime du Havre Archived 2007-10-29 at the Wayback Machine.
  74. a b c d e f g h "Le Havre Website-Twin Towns". lehavre.eu. {{cite web}}: Unknown parameter |dipunundhuh tanggal= ignored (pitulung)
  75. "Saint Petersburg in figures-International and Interregional Ties". Saint Petersburg City Government. Diarsip saka sing asli ing 24 February 2009. Dibukak ing 21 April 2013. {{cite web}}: Unknown parameter |dipunundhuh tanggal= ignored (pitulung)