Prancis

(Kaelih saka France)
République française
Bendera Prancis Lambang Prancis
Sesanti: Liberté, Egalité, Fraternité
(Basa Prancis: Kabebasan, Kaadilan, Paseduluran)
Lokasi Prancis
Basa resmi Basa Prancis
Kutha krajan Paris
Kutha gedhé dhéwé Paris
Présidhèn Emmanuel Macron
Nayakotama Élisabeth Borne
Wewengkon
 -Total1

 -Prancis Metropolitan2

 -% air
Urutan angka 42
674,843 km²
Urutan kaping 47
551.695 km²
543.965 km²
0,26%
Padunung
(1 September 2006)
 -Total1
 -Prancis Metropolitan2
 -Kapadhetan2
Urutan angka 2017

67.186.638
65.058.000
116/km²
PDB (PPP)
 -Total (2003)
 -PDB/wong
Urutan angka 5
$1,661 trilyun
$27.600
Mata uang Euro (€)3, Franc CFP4
Zona wektu
 -dalam mangsa panas
CET (UTC+1)2
CEST (UTC+2)2
Lagu kabangsan La Marseillaise
TLD .fr
Kodhe telepon 33

1 Kabèh wewengkon Républik Prancis, kalebu kabèh departemen lan wewengkon jaban rangkah, ora kalebu Terre Adélie ing Antartika amarga kadhaulatan ditunda wiwit ditapak asmani Persetujuan Antartika taun 1959
2 Metropolitan (pérangan Éropa) saka Prancis waé
3 Kabèh Républik Prancis ora kalebu wewengkon jaban rangkah ing Samodra Pasifik
4 Wewengkon Républik Prancis ing jaban rangkah ing Samodra Pasifik waé

Républik Prancis utawa Parangakik utawa Prasman (basa Prancis: République française, Walanda: Frankrijk) iku nagara gedhé ing Éropa. Kutha krajané Paris. Saliyané ing dharatan Éropa, wewengkoné uga nyakup sawatara pulo lan wewengkon ing bawana liya. Prancis Metropolitan mbentang saka Sagara Tengah nganti Selat Inggris lan Sagara Lor, sarta saka Kali Rhein nganti Samudera Atlantik. Wangun wewengkon iki wujudé segi enem saéngga diparabi l'Hexagone ("Sang Segienem").

Peta pamérangan administratif Prancis miturut région
Peta pamérangan administratif Prancis miturut région

Ing dharatan, Prancis diwatesi déning Belgi, Luxemburg, Jerman, Switserlan, Itali, Monako, Andorra, lan Spanyol. Prancis lan Inggris digayutaké déning Trowongan Channel kang nembus dhasar Selat Inggris. Ing jaba wewengkon metropolitané, Prancis uga nduwé wates karo Brasil, Suriname, lan Antillen Walanda.

Républik iki nganut dhémokrasi kang nganut sistem semi-presidensial. Idhe-idhe pokok kamot sajeroning La Déclaration des droits de l'Homme et du citoyen (Dheklarasi hak manungsa lan warga). Minangka telu nagara gedhé ing Uni Éropa bebarengan karo Karajan Manunggal lan Jerman, Prancis minangka salah siji pangadeg Uni Éropa lan minangka anggota kanthi jembar wewengkon kang paling amba. Prancis uga minangka salah siji pangadeg Perserikatan Bangsa-Bangsa kang dadi salah siji anggota tetep Dewan Keamanan PBB kang nduwé hak véto.

Prancis misuwur kanthi jagad adibusana (fashion), roti, anggur, musik, sepur super rikat TGV, lan resor-resor ski ing Pagunungan Alpen, cedhak tapel wates karo Switserlan. Jeneng "Prancis" marisi jeneng sawijining karajan Jermanik kang wewengkoné tau nyakup laladan iki sawisé runtuh Kasésaran Ngerum, ya iku karajan Franka.

Sajarah

besut

Roma nganti révolusi

besut

Tapel wates Prancis modhèren padha karo Galia kuna, kang dipanggoni déning Galia Kelt. Galia dikuwasani Ngerum déning Yulius Sésar ing abad angka 1 SM, lan Galia migunakaké Basa Ngerum (Latin, ing ngendi tuwuhing basa Prancis) lan budaya Ngerum. Kristen lumebu ing abad angka 2 lan 3 M, lan dikukuhaké ing abad angka 4 lan 5 saéngga St. Jerome nulis yèn Galia siji-sijiné wewengkon kang "bébas saka kapitayan nyimpang".

 
Prancis taun 1477. Garis abang: Tapel wates Karajan Prancis; Biru terang: Domain kraton

Ing abad angka 4 M, pertahanan sisih wétan Galia ing sadawaning Rhine diajuraké déning suku Jermanik, mligi saka Frank, ya saka bab iki asalé jeneng kuna Francie. Jeneng modhèren France asal saka jeneng domain feodal Raja Capetia Prancis ing saubengé Paris. Frank ya iku suku pisanan antarané panguwasa Jermanik ing Éropa sawisé keruntuhan Kesésaran Ngerum lan pindhah agama dadi Kristen Katulik saka kapitayan Arianisme (Raja Clovis pindhah agama ing taun 498); saéngga Prancis olèh jejuluk "Gréja paling anom" (La fille ainée de l’Église), lan Prancis ngowahi jejuluk iku dadi "Karajan Prancis Paling Kristen".

Madeg minangka entitas kapisah diwiwiti kanthi Perjanjian Verdun (843), kanthi pamérangan Kesésaran Karoling Charlemagne dadi Francia Wétan, Francia Tengah lan Francia Kulon. Francia Kulon ya iku wewengkon kang dikuwasani Prancis modhèren lan awal saka Prancis modhèren.

Dinasti Karoling mimpin Prancis nganti 987, nalika Hugh Capet, Duke of France lan Bangsawan Paris, diangkat dadi Raja Prancis. Keturunané, Capetia Langsung, Dinasti Valois lan Dinasti Bourbon, nyawijèkaké nagara liwat manéka perang lan pewarisan wangsa. Monarki iki nggayuh kejayaan sajeroning abad angka 17 lan kakuwasan Louis XIV saka Prancis. Wektu semana Prancis duwé gunggung kang ndunungi gedhé dhéwé ing Éropa (pirsani Dhémografi Prancis) lan duwé prabawa gedhé marang pulitik, ékonomi, lan budaya Éropa. Prancis dadi, lan dikukuhaké sajeroning sawatara wektu, basa umum ing urusan jaban rangkah. Akèh Pencerahan kadadéan ing lingkaran intelektual Prancis, lan akèh panemuan ilmiah asal saka èlmuwan Prancis ing abad angka 18. Saliyané iku, Prancis duwé manéka jajahan ing Amérika, Afrika lan Asia.

Monarki dadi Républik

besut
Saben wong duwé rong nagara, nagarané lan Prancis.
 
 
Panyerangan Bastille tanggal 14 Juli 1789

Karajan mréntah Prancis nganti Revolusi Prancis, taun 1789, Louis XVI lan garwané, Marie Antoinette, dièksekusi (taun 1793), bebarengan karo èwon warga sipil Prancis liyané. Sawisé manéka skéma papréntahan, Napoleon Bonaparte ngrebut papréntahan Républik taun 1799, lan dadi Konsul Pisanan, lan banjur dadi Kaisar, apa kang sekarang kaloka minangka Kamaharajan Pisanan (1804–1814). Sajeroning sawetara perang, pasukané nguwasani sapérangan gedhé bawana Éropa, lan anggota kulawarga Bonaparte dipitaya dadi ratu ing kraton-kraton kang anyar iku.

Sawisé kekalahan pungkasan Napoleon taun 1815 ing Perang Waterloo, monarki Prancis diwangun manèh, nanging kanthi watesan konstitusional anyar. Taun 1830, sawijining pambrontakan warga sipil meksa pambentukan Monarki Juli konstitusional, kang lumaku nganti 1848. Républik Kapindho kang berusia pendek iki berakhir taun 1852 nalika Louis-Napoléon Bonaparte memproklamirkan Kamaharajan Kapindho. Louis-Napoléon mundur sawisé kekalahan dalam perang Prancis-Prusia taun 1870 lan rezimnya digantikan déning Républik Ketiga.

Prancis duwé jajahan kolonial, sajeroning manéka bentuk, wiwit awal abad angka 17 nganti 1960-an. Ing abad kaping 19 lan 20, imperium kolonial seberang sagara globalé gedhé dhéwé kapindho ing donya sawisé Imperium Karajan Manunggal. Ing pucuké, antara 1919 lan 1939, imperium kolonial Prancis kapindho mbentang nganti 12.347.000 kilomèter pasagi (4.767.000 sq mi). Kalebu Prancis Metropolitan, total wewengkon dharatan ing sangisoré kadhaulatan Prancis nggayuh 12.898.000 kilomèter pasagi (4.980.000 sq mi) taun 1920-an lan 1930-an, kang nyakup 8.6% saka total dharatan donya.

Barkas:Schuman Declaration.jpg
Deklarasi Schuman tanggal 9 Mèi 1950 ing Quai d'Orsay ing Paris dianggep dhasar madegé Uni Éropa lan dirayakan saben taun minangka Hari Éropa déning UE.

Sanadyan menang sajeroning Perang Donya I lan Perang Donya II, Prancis ngalami akèh kurban lan rugi material (lan sanadyan mung sapérangan cilik teritoriné dikuwasani sajeroning Perang Donya I, teritori metropolitané dikuwasani kabèh déning Jerman sajeroning perang kapindho). Taun 1930-an ditandhani déning manéka reformasi sosial kang diwanuhaké déning pamaréntah Front Populer. Républik Kapapat diwangun sawisé Perang Donya II lan, saliyané tuwuhing ékonomi kang spektakulèr (les Trente Glorieuses), nagara iki ngupaya nglola status pulitiké minangka nagara bangsa dominan. Prancis ngupaya njaga imperium kolonialé, nanging banjur nuwuhaké masalah. Usaha 1936 kanggo ngrebut manèh kontrol Indocina Prancis ngakibataké Perang Indocina Pisanan, kang wusanané Prancis kalah ing Pertempuran Dien Bien Phu taun 1954. Sawetara sasi sabanjuré, Prancis ngadhepi konflik anyar, lan luwih gedhé ing Aljazair.

Debat ngenani bab mungkin utawa orané njaga kontrol marang Aljazair, kang banjur ‘omah tumrap sak yuta’ penetap Éropa, ngajuraké nagara lan arep ngobaraké perang sipil. Taun 1958, Républik Kapapat kang lemah lan ora stabil owah dadi Républik Kalima, kang duwé kakuwasan Présidhèn luwih dikuwataké. Pemimpin pisanané, Charles de Gaulle ngupaya nyawijèkaké nagara lan mungkasi perang. Perang Aljazair lan perang sipil Prancis-Prancis kang lumaku ing kutha krajan Aljir, rampung kanthi négosiasi damai taun 1962 kang ngasilaké kamardikan Aljazair.

Ing sawatara dekadé pungkasan, rekonsiliasi lan kerjasama Prancis karo Jerman wis mbuktèkaké sentral marang pulitik lan integrasi ékonomi Uni Éropa, kalebu perkenalan euro sasi Januari 1999. Prancis wis mapan ing garis ngarep nagara anggota Uni Éropa kang nyoba manfaataké kasempatan persatuan kauangan kanggo minangka sawijining badan pulitik, pertahanan, lan keamanan Uni Éropa kang luwih nyawiji lan mampu. Elektorat Prancis milih nentang ratifikasi Perjanjian Konstitusional Éropa sasi Mèi 2005, nanging Perjanjian Lisboa diratifikasi déning Parlemèn padha Fèbruari 2008.

Dhémografi

besut
Artikel utama: Dhémografi Prancis

Padunung Prancis cacahé kurang luwih 62 yuta jiwa. Prancis iku nagara paling padhet angka 19 ing donya. Kutha gedhé dhéwé ing Prancis ya iku Paris, Marseille, Lyon, Lille, Toulouse, Bordeaux, Nice, Strasbourg, Nantes lan Rennes.

Taun 2003, tuwuhing kang ndunungi Prancis (ora kalebu imigrasi) nyumbang amèh kabèh tuwuhing kang ndunungi Uni Éropa. Taun 2004, tuwuhing kang ndunungi ya iku 0.68% lan ing taun 2005 gunggung kelairan lan fertilitas terus nambah.

Géografi

besut
Artikel utama: Géografi Prancis

Wewengkon utama Prancis dumunung ing dharatan Éropa Kulon lan ditambah manèh karo sawatara teritori ing Amérika Lor, Karibia, Amérika Kidul, Samodra Hindia pérangan kidul, Samodra Pasifik, lan Antartika. Teritori mau nduwé wangun papréntahan saka tataran département d'outre-mer nganti Pays d'outre-mer. Sacara géografis Prancis kapérang dadi 26 région; 21 ing antarané dumunung ing Prancis Dharatan, 1 ing pulo Korsika, lan 4 ing jaba bawana Éropa. Région kapérang manèh dadi département(96 département ing Prancis dharatan). Département kapérang dadi 329 arrondissement, lan arrondissement kapérang dadi 3,879 canton, banjur kapérang manèh dadi 36,569 komunitas.

Région ing Prancis dharatan lan sebrang sagara, antarané ya iku:

  1. Alsace
  2. Aquitaine
  3. Auvergne
  4. Basse-Normandie
  5. Bourgogne
  6. Bretagne
  7. Centre
  8. Champagne-Ardenne
  9. Korsika (status mirunggan)
  10. Franche-Comté
  11. Haute-Normandie
  1. Île-de-France
  2. Languedoc-Roussillon
  3. Limousin
  4. Lorraine
  5. Midi-Pyrénées
  6. Nord-Pas-de-Calais
  7. Pays de la Loire
  8. Picardie
  9. Poitou-Charentes
  10. Provence-Alpes-Côte d'Azur
  11. Rhône-Alpes

Pranala njaba

besut

Pamaréntah Prancis

Profil