Madahab
Madahab (basa Arab:مذهب, madzhab) iku istilah ing basa Arab kang tegesé dalan kang dipecaki lan diliwati, sawijining panggayuh sanyatané lan uga abstrak. Madahab iku karacik saka métodhe (manhaj) saka pamikiran lan panlitèn, banjur wong kang nganut nindakaké kanggo pituduh kang jelas watesané, pérangané, karipta saka paugeman lan aturan.[1]
|
Pangertèn ulama pikih
besutMadahab, miturut ulama pikih, iku métodhologi pikih mirunggan kang dilakoni sawijining ahli pikih mujtahid, kang béda karo ahli pikih liyané, kang nglantaraké milih sawatara ukum ing laladan ngèlmu furu' .
Pamérangan Madahab
besutMadahab kang akèh digunakaké yaiku madahab Kanapi, madahab Maliki, madahab Sapingi dan madahab Kambali saka kalangan Suni. Sawetara ing kalangan Singah nduwé madahab Jampari, Ismailiyah dan Jaidiyah.
Suni
besutSuni utawa luwih lengkapé Ahlus-Sunat wal Jama'ah ing jaman wiwitan nduwé akèh ilèn. Ing sabanjuré, ana patang madahab kang diakoni kanthi wiyar ing antarné muslim suni.
Kanapi
besutMadahab iki dipandhégani déning Abu Hanifah, Madahab Kanapi kalebu paling dominan. Laladan kang antarané nganut madahab iku antarané Asia Kidul (Pakistan, India, Bangladesh, Sri Lanka, lan Maladewa), Mesir sisih lor, saparo Irak, Siria, Libanon lan Palestina (campuran Sapingi lan Kanapi), Kaukasia (Chechnya, Dagestan).
Maliki
besutMadahab Maliki dipandhégani déning Imam Malik, udakara 25% muslim ing donya kang nganut. Madahab iki dominan ing nagara-nagara Afrika Kulon dan Lor. Madahab iki ngrujuk marang tatacara kang dianut warga Madinah.
Sapingi
besutMadahab Sapingi dipandhégani déning Imam Syafi'i lan udakara 28% muslim ing donya nganut. Madahab iki kondhang ing Indonésia, Turki, Irak, Siria, Iran, Mesir, Somalia, Yaman, Thailand, Singapura, Filipina, Sri Lanka lan dadu madahab resmi nagara Malaysia lan Brunei.
Kambali
besutMadahab Kambali disebaraké déning para murid Imam Ahmad bin Hambal. Madahab iki kurang luwih dianut déning 5% muslim ing donya lan dominan ing ujung Arab. Madahab iki dianut ing Arab Saudi.
Singah
besutSingah (lengkapé saka kalimat Syi`ah `Ali) ing awalé akèh alirané. Saiki, mung ana telung ilèn kang akèh dianut, yaiku Itsna 'Asyariah (paling akèh), Ismailiyah lan Zaidiyah. Ing Singah, kapitayan mligi iku yaiku Ali bin Abu Thalib dan anak-cucunya dianggep luwih nduwé hak jumeneng dadi khalifah lan imam kanggo muslim. Ing antarané telung madahab Singah, ana prabédan ngenani sapa kang dadi imam lan ngganti para imam.
Jampari
besutMadahab Jampari utawa Madahab Rolas Imam (Itsna 'Asyariah) iku madahab kang akèh dianut wong Singah. Kanisbataké tumuju Imam angka 6, yaiku Ja'far ash-Shadiq bin Muhammad bin Ali bin Husain bin Ali bin Abi Thalib. Sawisé iku banjur katerusaké tumuju Muhammad al-Mahdi bin Hasan al-Asykari bin Ali al-Hadi bin Muhammad al-Jawad bin Ali ar-Ridha bin Musa al-Kadzim bin Ja'far ash-Shadiq. Iki madahab resmi Nagara Républik Islam Iran.
Ismailiyah
besutMadahab Ismaili utawa Madahab Pitung Imam percaya Ismail bin Ja'far iku imam kang gantèkaké ramané, Jafar as-Sadiq, dudu saduluré Musa al-Kadzim. Imam kanisbataké tumuju Ismail bin Ja'far ash-Shadiq bin Muhammad bin Ali bin Husain bin Ali bin Abi Thalib. Garis Imam Ismailiyah turun-tumurun nganti tekan Imam-imam Aga Khan, kang ngaku dadi keturunané.
Jaidiyah
besutMadahab Jaidi utawa Madahab Limang Imam nduwé panemu yèn Zaid bin Ali iku kang luwih nduwé hak nggantèkaké ramané, Ali Zainal Abidin, tinimbang sadulur kwaloné, Muhammad al-Baqir. Madahab iki ngrujuk marang Zaid bin Ali bin Husain bin Ali bin Abi Thalib. Sawisé imam angka 4, Ali Zainal Abidin, séda, kaimaman katerusaké Muhammad al-Baqir, Ja'far ash-Shadiq. Zaid bin Ali mratélakaké yèn imam iku kudu nglawan panguwasa kang sawenang-wenang kanthi pedhang. Sawisé Zaid bin Ali séda ing jaman Bani Umayyah, kaimaman diterusaké anaké, Yahya bin Zaid.
Kawarid
besutMadahab Kawarid (Khawarij) ngrungkebi sawatara ilèn ing Islam kang wiwitané ngakoni Ali bin Abi Thalib dadi kalipah. Nanging, ing kaanan sabanjuré, wong-wong mau nolak amarga takhrif (bedhamèn/perdamaian) karo Muawiyah bin Abu Sufyan kang dianggep sawenang-wenang. Mula bukané, madahab iki kapusataké ing Irak sisih kidul. Kaum Kawarid lumrahé fanatik lan atos marang apa kang dibéla, sarta sinau Kuran kanthi wantah lan béda karo Suni lan Singah.
Liya-liya
besut- Madahab agama Islam kang paling akèh dianut ing Indonésia iku Madahab Sapingi
- Pangertèn madahab ing Islam ora padha karo denominasi ing Kristen, nanging satingkat ing ngisoré. Denominasi Katulik-Protèstan-Ortodoks luwih pas karo denominasi (firqah) Suni-Singah ing Islam.
- Istilah Madahab, kanthi umum ing basa Indonésia 'Madahab' uga kanggo ilèn tinamtu ing ngèlmu utawa filsafat, upamané Madahab Frankfurt (Madahab Frankfurt).
Réferènsi
besut- ↑ "Apa Itu Madzhab Fiqih?". Dari website www.MediaMuslim.info. Sumber rujukan: Al Madkhal Ila Dirasatil Madarisi Wal Madzahibil Fiqhiyyah, olèh DR. Umar Sulaiman Al Asyqar
Ketahui perbezaan mazhab Archived 2009-06-21 at the Wayback Machine.