Pananggalan Hijriyah

(Kaelih saka Kalèndher Hijriyah)

Pananggalan Hijriyah utawa Kalèndher Hijriyah utawa Kalèndher Islam (Basa Arab: التقويم الهجري; at-taqwim al-hijri), iku kalèndher kang dipigunakaké déning umat Islam, kalebu sajeroning nemtokaké tanggal utawa sasi kang magepokan karo ngibadah, utawa dina-dina wigati liyané. Ing nagara-nagara kang ndunungi mayoritas Islam, Kalèndher Hijriyah uga minangka sistem pananggalan sadina-dina. Kalèndher Hijriyah migunakaké sistem kalèndher lunar (komariyah).

Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Pananggalan iki dijenengaké Pananggalan Hijriyah, amarga ing taun pisanan kalèndher iki iku taun dumadiné prastawa Ijrah Muhammad saka Makkah menyang Madinah, yakni ing taun 622 M.

Karakteristik

besut

Diwiwitiné dina/tanggal ing Pananggalan Hijriyah béda karo ing Pananggalan Masèhi. Ing sistem Pananggalan Masèhi, sawijining dina/tanggal diwiwiti ing jam 00.00 wektu saenggon. Nanging ing sistem Pananggalan Hijriyah, sawijining dina/tanggal diwiwiti nalika srengéngé angslup ing panggonan mau.

Pananggalan Hijriyah diyasa miturut rata-rata silkus sinodik sasi pananggalan rembulan (qomariyah), duwé 12 sasi sajeroning setahun. Kanthi migunakaké siklus sinodik sasi, wilangan dina sajeroning sataun ana (12 x 29,53059 dina = 354,36708 dina).Bab iki kang njelasaké 1 taun Pananggalan Hijriyah luwih cendhak watara 11 dina tinimbang 1 taun Pananggalan Masèhi.

Faktané, siklus sinodik sasi duwé variasi. Cacahing dina sajeroning sak sasi sajeroning Pananggalan Hijriyah gumantung ing posisi rembulan, bumi lan srengéngé. Umur rembulan kang ngancik 30 dina trep karo dumadiné rembulan anyar (new moon) ing titik apooge, yaiku jarak paling adoh antara rembulan lan bumi, lan ing wektu kang bebarengan, bumi dumunung ing let paling cedhak karo srengéngé (perihelion). Sauntara iku, sak sasi kang lumangsung 29 dina trep karo wektu dumadiné rembulan anyar ing perige (let paling cedhak rembulan karo bumi) kanthi bumi dumunung ing titik paling adoh saka srengéngé (aphelion). Ing kéné katon yèn umur sasi ora tetep nanging owah-owah (29-30 dina) miturut karo kedhudhukan katelu barang langit mau (rembulan, Bumi lan Srengéngé)

Panentuan awal sasi (new moon) ditandhani déning munculé penampakan (visibilitas) Rembulan Sabit pisanan (hilal) sawisé sasi anyar (konjungsi utawa ijtimak). Ing fase iki, rembulan angslup sawatara wektu sawisé angslupé srengéngé, saéngga posisi hilal dumunung ing ufuk kulon. Yèn hilal ora bisa dideleng ing dina angka 29, cacahing dina ing sasi mau dibulatna dadi 30 dina. Ora ana aturan mirunggan sasi-sasi ngendi waé kang duwé 29 dina, lan ngendi kang duwé 30 dina. Kabèh gumantung marang penampakan hilal.

Jeneng-jeneng sasi

besut

Pananggalan Hijriyah dumadi saka 12 sasi:

  1. Muharram
  2. Safar
  3. Rabiul awal
  4. Rabiul akir
  5. Jumadil awal
  6. Jumadil akir
  7. Rajab
  8. Sya'ban
  9. Ramelan
  10. Syawal
  11. Dzulkaidah
  12. Dzulhijjah

Jeneng-jeneng dina

besut

Pananggalan Hijriyah dumadi saka 7 dina. Sawijining dina diwiwiti kanthi angsluping srengéngé, béda karo Kalèndher Masehi kang miwiti dina ing wektu tengah wengi. Ing ngisor iki jeneng-jeneng dina:

  1. al-Ahad (Minggu)
  2. al-Itsnayn (Senèn)
  3. ats-Tsalaatsa' (Slasa)
  4. al-Arba'aa / ar-Raabi' (Rebo)
  5. al-Khamiis (Kemis)
  6. al-Jum'aat (Jemuah)
  7. as-Sabt (Setu)

Sajarah

besut

Kapan diwiwiti taun 1 Hijriyah yaiku 6 taun sawisé séda Muhammad. Sanadyan mangkono, sistem kang ndhasari Pananggalan Hijriyah wis ana wiwit jaman pra-Islam, lan sistem iki direvisi ing taun angka 9 kalamangsa Madinah.

Sistem kalèndher pra-Islam ing Arab

besut

Sadurungé tekaning Islam, ing tanah Arab kaloka sistem pananggalan mawa basis campuran antara rembulan (komariyah) lan Srengéngé (syamsiyah). Ubengé rembulan dipigunakaké, lan kanggo nyinkronaké karo mangsa diayahi penambahan cacahing dina (interkalasi).

Ing wektu itu, durung kaloka penomoran taun. Sawijining taun kaloka kanthi jeneng prastawa kang cukup wigati ing taun mau. Upamané, taun nalika Muhammad lair, kaloka kanthi sebutan "Taun Gajah", amarga ing wektu iku, kadadéan panyerbuan Ka'bah ing Mekah déning wadyabala gajah kang dipanggedhèni déning Abrahah, Gubernur Yaman (salah siji provinsi Karajan Aksum, saiki kalebu wewengkon Etiopia).

Revisi pananggalan

besut

Ing era kenabian Muhammad, sistem pananggalan pra-Islam dipigunakaké. Ing taun angka 9 sawisé Ijrah, mudhun ayat 36-37 Surat At-Taubah, kang nglarang nambahaké dina (interkalasi) ing sistem pananggalan.

Panentuan Taun 1 Kalèndher Islam

besut

Sawisé séda Muhammad, diusulaké kapan diwiwiti Taun 1 Kalèndher Islam. Ana kang ngusulaké taun kelairan Muhammad minangka awal patokan pananggalan Islam. Ana kang ngusulaké uga wiwitan pathokan pananggalan Islam wujud taun wafaté Muhammad.

Pungkasané, ing taun 638 M (17 H), khalifah Umar bin Khatab ngukuhaké wiwitan pathokan pananggalan Islam yaiku taun hijrahé Muhammad saka Mekah menyang Madinah. Panentuan wiwitan pathokan iki diayahi sawisé ngilangaké kabèh sasi-sasi tambahan (interkalasi) sajeroning kalamangsa 9 taun. Tanggal 1 Muharam Taun 1 Hijriyah trep karo tanggal 16 Juli 622, lan tanggal iki dudu tanggal hijrahé Muhammad. Prastawa hijrahé Muhammad kadadéan sasi September 622. Dhokumèn tuwa dhéwé kang migunakaké sistem Kalèndher Hijriyah yaiku papirus ing Mesir ing taun 22 H, PERF 558.

Tanggal-tanggal wigati

besut

Tanggal-tanggal wigati sajeroning Pananggalan Hijriyah yaiku:

Hisab lan Rukyat

besut

Rukyat iku aktivitas ngamati visibilitas hilal, yaiku ngamati penampakan rembulan sabit kang pisanan katon sawisé sasi anyar (ijtima). Rukyat bisa dilakukan nganggo mata wuda, utawa nganggo piranti bantu optik kaya teleskop. Yèn hilal katon, ing soré mau wis lumebu tanggal 1.

Déné hisab iku ngayahi pétungan kanggo nemtokaké posisi sasi kanthi matematis lan astronomis. Hisab minangka piranti bantu kanggo meruhi kapan lan ing ngendi hilal (rembulan sabit pisanan sawisé sasi anyar) bisa katon. Hisab kerep diayahi kanggo mbantu sadurungé rukyat.

Panentuan awal sasi dadi signifikan kanggo sasi-sasi kang magepokan karo ngibadah, kaya sasi Ramelan (yaiku umat Islam nglakoni pasa Ramelan sesasi suwéné), Syawal (yaiku umat Islam ngrayakaké Dina Riyaya Idul Fitri), sarta Dzulhijjah (ana tanggal kang magepokan karo ngibadah Haji lan Dina Riyaya Idul Adha). Panentuan kapan hilal bisa katon, dadi motivasi umat Islam sajeroning babagan astronomi. Iki dadi salah siji panyurung saéngga Islam dadi salah siji pangembang awal ngèlmu astronomi minangka sains, sajabaning astrologi ing Abad Tengahan.

Béda karo Kalèndher Hijriyah kang murni migunakaké visibilitas rembulan (moon visibility) ing panentuan awal sasi (first month), kalèndher Jawa wis ngukuhaké cacahing dina sajeroning saben sasi.

Deleng uga

besut

Pranala njaba

besut
Sasi jroning kalèndher hijriyah

MuharramSafarRabiul awalRabiul akhirJumadil awalJumadil akhirRajabSya'banRamadhanSyawalDzulkaidahDzulhijjah