Jawa Tengah

provinsi ing Indonésia
(Kaelih saka Jawa Madya)

Jawa Tengah (Carakan: ꦗꦮꦠꦼꦔꦃ) iku provinsi ing Indonésia. Kutha krajané ya iku Semarang. Jawa Tengah iku salah siji saka enem provinsi kang ana ing pulo Jawa. Kajaba jeneng sawijining provinsi, Jawa Tengah iku uga jeneng tlatah budaya ing Pulo Jawa. Dadi sajatiné Ngayogyakarta iku uga pérangan saka Jawa Tengah, yèn ditilik saka sajarah ya pancèn mangkono. Kosok baliné, tlatah Surakarta sawisé Indonésia mardika dadi pérangan provinsi Jawa Tengah. Tlatah Jawa Tengah iku papan kang wong Jawané manggon akèh dhéwé kanthi kwantitatif. Sesanti provinsi iki uga nuduhaké yèn Jawa Tengah iku "Punjer Budaya Jawa".

Jawa Tengah
ꦗꦮꦠꦼꦔꦃ
Provinsi
Manut dom jam, saka kiwa ndhuwur: Barabudhur, Pura Mangkunegaran, Désa ing Plato Dièng, Kali Serayu, Karimunjawa, Warigaluh ing Rawa Pening, Sawah mawa Gunung Merapi lan Gunung Merbabu ing lataré
Official seal of Jawa Tengah
Lambang
Sesanti: Prasetya Ulah Sakti Bhakti Praja ꧌ꦥꦿꦱꦠꦾꦲꦸꦭꦃꦱꦏ꧀ꦠꦶꦧꦏ꧀ꦠꦶꦥꦿꦗ​꧍
Pernahé Jawa Tengah ing Indonésia
Pernahé Jawa Tengah ing Indonésia
Koordhinat: 7°30′S 110°00′E / 7.500°S 110.000°E / -7.500; 110.000Koordhinat: 7°30′S 110°00′E / 7.500°S 110.000°E / -7.500; 110.000
Nagara Indonésia
Dikukuhaké15 Agustus 1950
Kutha krajan Semarang
Pamaréntahan
 • BodyPamaréntah Jawa Tengah
 • GubernurGanjar Pranowo (PDI-P)
 • Wakil GubernurTaj Yasin Maimoen
Laladan
 • Gunggung32.800,69 km2 (1,266,442 sq mi)
Highest elevation3.428 m (11,247 ft)
Cacah warga (2014)
 • Gunggung33.753.023
 • Urut pepadhetUrut ka-3
 • Pepadhet10/km2 (27/sq mi)
Dhémografi
 • Golongan etnisJawa (98%), Cina (2%)
 • AgamaIslam 95.74%, Kristen 4.95%, Hindhu 0.05%, Buda 0.22%, Konghucu 0.03%, lan Kajawèn
 • BasaIndonésia (resmi), Jawa, Sundha
Zona wektuWektu Indonésia Kulon (UTC+7)
Kodhe pos50xxx, 51xxx, 52xxx
Kodhe wewengkon(62)2xx
Kodhe ISO 3166ID-JT
Tandha tetunggananAA, AD, K, G, H
GRP per kapitaUS$ 2,326
Urutan GRPUrut ka-25
HDIIncrease 0.695 (Sedhengan)
Urutan HDIUrut ka-12
Kutha gedhé dhéwéSemarang-373.78 square kilometres (144.32 sq mi)
Kutha gedhé dhéwe populasinéSemarang-(1.555.984-2010)
Kabupatèn gedhé dhéwéKabupatèn Cilacap-2,124.47 square kilometres (820.26 sq mi)
Kabupatèn gedhé dhéwe populasinéKabupatèn Brebes-(1.733.869-2010)
Situs wèbSitus resmi pamaréntah

Provinsi Jawa Tengah ambané 32,548.20 km²; kurang luwih saprapat saka gunggung ambané pulo Jawa. Sing ndunungi cacahé 31.820.000 jiwa (2005), dadi provinsi iki nomer telu kang gedhé dhéwé ing Indonésia sawisé Jawa Kulon lan Jawa Wétan, lan kurang luwih saprapat saka gunggung cacah jiwa ing Pulo Jawa manggon ing provinsi iki.

Géografi

besut
 
Gunung Merbabu cedhak Salatiga-akèh sesawangan padésan Jawa Tengah didhominasi déning sawah lan pucuk gunung mageni

Jawa Tengah iku papané ana ing satengahé Pulo Jawa lan kaapit déning provinsi Jawa Kulon lan Jawa Wétan. Ana pérangan cilik ing sisih kidul dadi Daerah Istimewa Yogyakarta kang kanthi sakabèhané diubengi déning Jawa Tengah. Ngayogyakarta iku yèn ditilik saka sajarah lan budaya sajatiné pérangan saka Jawa Tengah sanadyan saiki ngadeg dadi provinsi dhéwé. Ing sisih lor, Jawa Tengah winatesan déning Sagara Jawa lan ing sisih kidul déning Samodra Hindia. Provinsi Jawa Tengah uga ngambah sawatara pulo-pulo lepas pasisir: Karimun Jawa ing lor lan Nusakambangan ing kidul-kulon.

Témperatur ing Jawa Tengah iku antara 18–28 drajat celsius lan kadar lembab rélatif antara 73–94 persèn.[1] Sawetawis kadar lembab dhuwur ana ing tlatah ngisor provinsi iki, curah udan cukup gedhé ing tlatah pagunungan.[1] Kadar udan paling dhuwur 3.990 mm karo 195 dina udan tau kacathet ing Salatiga.[1]

Géografi Jawa Tengah bisa kaanggep teratur karo jalur ciyut dataran cendhèk ing pasisir lor lan kidul mawa tlatah pagunungan ing tengah. Ing sisih kulon ana gunung geni aktif, Gunung Slamet, banjur rada mangétan ana komplèks pagunungan Dièng ing dataran tinggi Dièng. Banjur sakidul-wétané ana latar Kedhu kang winatesan déning Gunung Merapi lan Gunung Merbabu ing sisih wétan. Sakiduling Semarang ana Gunung Ungaran lan sawétané ana Gunung Muria. Banjur ing sisih wétan, ing tlatah pawatesan karo provinsi Jawa Wétan ana Gunung Lawu.

Amerga déning sajarah vulkanik lan akibaté awu vulkanik, Jawa Tengah iku papan kang subur banget kanggo tani. Pemandhangan sawah ana ing ngendi-endi, kajaba ing tlatah kidul-wétan saubenging Gunungkidul lan Wanagiri. Sebabé lemahé akèh konsentrasiné gamping lan panggonané pancèn ing tlatah ayang-ayang udan.

Ana loro kali gedhé ing Jawa Tengah; Kali Serayu ing sisih kulon kang mili menyang Samodra Hindhia lan Bengawan Sala kang mili menyang Sagara Jawa, ngliwati Provinsi Jawa Wétan.

Pamérangan administratif

besut
Uga pirsanana Pratélan Kabupatèn lan Kutha ing Jawa Tengah

Jawa Tengah nduwé status Provinsi wiwit jaman Walanda kang katata sajeroning 5 laladan (gewesten) utawa Karésidhènan ya iku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu, Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan ditambah Eks. Karesidenan Surakarta saha Eks. Karesidenan Ngayogyakarta. Sing dadi laladan swapraja (vorstenland) ya iku Kasunanan lan Mangkunagaran saha Kasultanan Ngayogyakarta lan Pakualaman. Saben-saben gewest iku ketata manèh saka kabupatèn-kabupatèn.

Sawise jaman mardika, ing taun 1957, karésidhènan iki dijabel kabèh sawisé pemilu lokal[2].

Saiki Jawa Tengah (tanpa Ngayogyakarta) dipérang dadi 29 kabupatèn lan 6 kutha otonom (sadurungé diarani kotamadya lan kutha pradja ing basa Indonésia). Ing ngisor kabèh kabupatèn lan kutha dipacakaké:

Kabupatèn lan kutha iki bisa dipérang manèh dadi 565 kacamatan. Banjur kacamatan iki bisa dipérang dadi 7.804 désa lan 764 kalurahan[1].

Sajarah

besut

Jaman Prasajarah

besut

Ing jaman prasajarah, Jawa Tengah wis nduwé budaya ya iku budaya purba. Anané Pithecantropus erectus javanicus iku dadi bukti.

Sanadyan candhi Sukuh diyasa wektu prabawa budaya Hindhu wiwit pudar, dadi corak budaya jaman sadurungé dadi bangkit manèh, mulané wujud candhi iki mempèr karo yasan-yasan prasajarah jaman watu gedhé (megalitikum).

Wiwit jaman prasajarah, Jawa Tengah wis dienggoni manungsa purba kang isih nduwé budaya primitif banget. Fosil manungsa kang diarani Pithecantropus erectus utawa Pithecantropus Erectus Javanicus kang urip sakiwa-tengené 750.000 taun sadurungé Masehi iki tinemu ing laladan Sangiran. Situs purbakala Sangiran iki sapérangan ana ing Kabupatèn Sragèn lan sapérangan manèh ing Kabupatèn Karanganyar Jawa Tengah. Situs manungsa purba iki asalé saka kala pleistosen lan tinemu déning Dr. Ralph von Königswald ing désa Ngebung taun 1934. Miturut ketetapan Unesco tanggal 5 Dhésèmber 1996, situs iki dadi warisan èlmu kawruh donya.

Jaman Karajan-Karajan

besut

Udakara taun 78 M (?, kira-kira), miturut lapuran kang ditulis Tim Peneliti Sajarah Galuh (1972), Krajan Galuh Purba wis wiwit diyasa, jeneng kratone ya iku Karajan Galuh Sindula (ana uga naskah kang njenengi Karajan Bojong Galuh). Punjering papréntahan ana ing Medang Gili lan dislirani Ratu Galuh (Ratu kapisan). Kira-kira taun iku uga wulangan Hindhu wiwit lumebu ing Jawa Tengah.

Abad IV-V Karajan Kalingga (Buda) madeg ing sakiwo-tengene Jepara saiki. Abad V-VI Punjering Karajan Galuh Purba ana ing sak udhege Gunung Slamet. Taun 674 M, Karajan Kalingga (Buda) dipandhegani Ratu Sima. Abad VI Punjering Karajan Galuh Purba dipindhah ana ing sacedhake Garut-Ciamis lan yasa Karajan Galuh (Kawali).

Taun 732 M (miturut Prasasti Canggah), Karajan Kalingga (Buda) diowah dadi Karajan Mataram (Hindhu), dipandhegani Raja Sanjaya utawa Rakai Mataram (wiwit Dinasti/wangsa Sanjaya), déné kutharaja ana ing Medang Kamulan. Candhi-candhi Siwa ing Banjarnegara (Dieng) digawé wektu iku. Nalika reh-kaprajan diasta déning Rakai Pikatan (wangsa Sanjaya), Candhi Rorojonggrang utawa Candhi Prambanan wiwit diyasa.

Taun 750-850 M, wangsa Syailendra (Buda) tekan Sriwijaya nguwasani Jawa Tengah. Wangsa Syailendra iki nggawé candhi-candhi: Candhi Borobudur, Candhi Sewu, Candhi Kalasan lan liya-liyané. Kira-kira taun 800 M, Krajan Mataram Hindhu (wangsa Sanjaya) wiwit kedheseg lan nyingkir ing arah wétan. Taun 925 M, punjering papréntahan krajan pindhah ing Jawa Wétan, Jawa Tengah ditinggal.

Sawisé Karajan Majapahit (Hindhu) ambruk (iku sakiwa-tengené taun 1518 M), kraton-kraton Islam katon ing Demak, wiwit iku Agama Islam disebarke ing Jawa Tengah bebarengan punjering kraton mbalik ing Jawa Tengah manèh.

Taun 1569 M, Kasultanan Demak ambruk, punjering Kraton Demak pindhah mring Pajang cedhak Sala, Jaka Tingkir (putra mantune Raja Demak Sultan Trenggana) dadi Ratu Kasultanan Pajang gelare Sultan Hadiwijaya. Wektu peprentahan Sultan Hadiwijaya akèh rerusuh, uga akèh kang mbalela. Perang kang gedhé dhéwé ya iku antarané Sultan Hadiwijaya lawan Haryo Penangsang. Sultan Hadiwijaya ndawuhake Danang Sutawijaya supaya numpes Haryo Penangsang kang mbalela, lan kasil merjaya Harya Penangsang. Sultan Hadiwijaya maringi bebungah awujud lemah ya iku bumi Alas Mentaok (=Mataram; Kuthagedhé, Jogjakarta) mring Danang Sutawijaya. Taun 1575 M, Danang Sutawijaya (Putra Kyai Gede) jumeneng nata kang kapisanan ing Mataram (Islam) kanthi silih asma Kanjeng Gusti Panembahan Senapati Panatagama Kalifathollah Tanah Jawa.

Taun 1582 M, Kasultanan Pajang dikepung Karajan Mataram. Taun 1586 M, punjering Kraton Pajang dipindhah ing Mataram. Taun 1613-1645 M, Reh kaprajan diasta déning Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Pleret (saiki Kacamatan Pleret wewengkon Kabupatèn Bantul). Taun 1755 M, Prajanjian Giyanti, Surakarta Hadiningrat (Kraton Kasunanan) lan Ngayogyakarta Hadiningrat (Kraton Kasultanan) dijumenengake.

Jaman Walanda

besut

Jawa Tengah duwé status Provinsi wiwit jaman Walanda kang katata sajeroning 5 laladan (gewesten) utawa Karesidhenan ya iku Eks. Karesidenan Semarang, Eks. Karesidenan Pati, Eks. Karesidenan Kedu, Eks. Karesidenan Banyumas, Eks. Karesidenan Pekalongan lan Eks. Karesidenan Surakarta. Sing dadi laladan swapraja (vorstenland) ya iku Kasunanan lan Mangkunagaran. Masing-masing gewest iku katata manèh saka kabupatèn-kabupatèn.

Jaman Mardika

besut

Taun 1946 pamerentah Indonésia netepke laladan swapraja Kasunanan lan Mangkunagaran dadi karesidhenan. Taun 1950 liwat Undang-undang laladan-laladan kabupatèn lan kotamadya ditetapke, penetapan undhang-undhang iku saiki dièngeti minangka dina lair Provinsi Jawa Tengah, ya iku tanggal 15 Agustus 1950.

Dhémografi

besut

Miturut cacah jiwa taun 2205, penduduk provinsi Jawa Tengah ana 31.820.000 jiwa. Sadurungé miturut cacah jiwa taun 1990, kang ndunungi 28.516.786 jiwa.[3] Dadi kang ndunungi Jawa Tengah munggah kurang luwih 11,6% ing 15 taun.

Kabupatèn/kutha kang paling padhet ya iku Kabupatèn Brebes (1,767 yuta jiwa), Kabupatèn Cilacap (1,644 yuta jiwa), lan Kabupatèn Banyumas (1,603 yuta jiwa). Suku mayoritas ing Jawa Tengah iku Wong Jawa. Séntra populasi urban kang gedhé iku laladan Semarang Raya, laladan Surakarta Raya lan laladan Brebes-Tegal-Slawi.

Agama

besut
 
Sawijining masjid kas Jawa karo atep wujud Meru (Masjid Sholihin ing Surakarta)

Resminé, ing 1990 mayoritas populasi Jawa Tengah utawa kurang luwih 96%, iku agamané Islam. Sing gedhé dhéwé kapindho iku agama Kristen Protèstan kang dilakoni déning 2% kang ndunungi Jawa Tengah.[4] Sisané manut agama Katulik, Hindhu utawa Buda.

Sanadyan mayoritas kang ndunungi Jawa iku wong Muslim, uga akèh kang manut kapracayan Kajawèn. Clifford Geertz, ing bukuné bab agama Jawa mbédakaké apa kang diarani wong santri lan abangan.[5] Geertz nganggep yèn kaum santri iku wong Muslim tangat lan wong abangan iku wong Jawa kang nominal kang uga nglakoni tradhisi asli luwih akèh.

Wong-wong Walanda uga nyebaraké agama Protèstan lan umaté lumayan akèh. Banjur misionaris Walanda Katholik saka ordho Yésuit, F.G.C. van Lith uga olèh kasil lumayan suksès, mligi ing tlatah Jawa Tengah kidul lan Ngayogyakarta ing awalé abad angka 20.[6] Van Lith disarèkaké ing pasaréan Yésuit ing Munthilan.

Sawisé prastawa G-30-S PKI ing taun 1965, warganagara Indonésia diwajibaké nganut agama supaya ora dicap kuminis déning pamaréntah. Mulané sawisé iku agama Hindhu lan Buda tumuwuh manèh ing Jawa Tengah. Banjur agama Kong Hu Cu uga lumrah ing antarané komunitas Tiong Hoa. Wiwit taun 2006, agama iki uga diakoni dadi agama resmi.

Ètnisitas

besut
Uga pirsana Wong Jawa

Mayoritas populasi ing Jawa Tengah iku wong Jawa. Cacahé kurang luwih 98% saka penduduk total. Banjur saliyané wong Jawa, uga ana kanthong-kanthong komunitas Sundha ing Kabupatèn Brebes lan Cilacap. Toponimi Sundha ing tlatah kéné lumrah tinemu, kaya ta Dayeuhluhur ing Cilacap, Ciputih lan Citimbang ing Brebes lan malahan uga Cilongok kang papané wis cukup adoh ing Banyumas.[7]

Ing punjer-punjer urban, kaum minoritas kaya ta bangsa Tiong Hoa-Indonésia lan Arab-Indonésia uga akèh tinemu. Laladan panggonané wong Tiong Hoa diarani pecinan lan wong Arab akèh manggon ing Kampung Arab. Kampung Arab kang misuwur contoné ing Pasar Kliwon, Surakarta, kutha Surakarta.

Uga pirsana basa Jawa
 
Basa-basa ing Jawa

Amarga penduduk kang paling akèh ing Jawa Tengah iku wong Jawa, mula basa kang utama ya iku basa Jawa. Ing Jawa Tengah ana sawatara dhialèk kang dicaturaké. Ana rong dhialèk utama: "basa Jawa Kulonan" utawa "basa Ngapak" (antarané basa Banyumasan) lan "basa Jawa Tengahan".[8]

Basa Sundha uga dipigunakaké ing tlatah pawatesan provinsi Jawa Kulon, mligi ing Brebes lan Cilacap. Malahan miturut sawatara sumber, basa Sundha dhek mbiyèn dipigunakaké nganti tekan Dièng.[9] Manawa tenan, mantan wates basa Sundha iki kurang luwih sarujuk karo wates isoglos kang mbédakaké dhialèk Jawa Tengahan karo Jawa Wétanan.

Ing tlatah kutha-kutha utawa urban, basa Indonésia lumrah dipigunakaké.

Ékonomi

besut

Pertanian minangka sèktor utama perékonomian Jawa Tengah, dadi panguripan mèh saparo saka penduduk Jawa Tengah.

Kawasan alas nyakup 20% wewengkon provinsi, mligi ing tlatah lor lan kidul. Laladan Blora-Grobogan minangka pangasil kayu jati. Ing Jawa Tengah uga ana sawatara indhustri gedhé lan menengah. Laladan Semarang-Ungaran-Demak-Kudus minangka kawasan indhustri utama ing Jawa Tengah. Kudus kaloka minangka punjer indhustri rokok. Cilacap dadi tlatah indhustri semen. indhustri logam ana ing Ceper lan Tegal.

Blok Cepu ing pinggiran Kabupatèn Blora (tapel wates Jawa Wétan lan Jawa Tengah) ana cadhangan lenga patra kang cukup gedhé, lan kawasan iki wiwit jaman Walanda wis kaloka minangka laladan tambang lenga.

Pusat dagang tekstil kang kondhang mligi bathik ana ing Pasar Klewer Surakarta, uga ana bathik corak pasisir ya iku ing Pekalongan lan Lasem.

Pusat jajanan lan panganan kas Jawa Tengah kang rasané mak nyus meh kabèh kuta ing Jawa Tengah duwé ciri dhéwé-dhéwé. Kaya ta thengkleng Sala, jenang Kudus, sate Tegal, soto Pekalongan lan soto Bangkong ing Semarang.

Budaya

besut
Uga pirsanana Budaya Jawa

Jawa Tengah dianggep dadi jantungé Budaya Jawa.

Pendhidhikan

besut

Ing provinsi Jawa Tengah akèh pawiyatan luhur kang misuwur, mligi ing kutha Semarang lan Surakarta. Pawiyatan luhur nagari antarané: Universitas Diponegoro (Undip), Universitas Negeri Semarang (Unnes), lan Universitas Islam Negeri Walisongo ing Semarang; Universitas Negeri Surakarta (UNS) ing kutha Sala, uga Universitas Jenderal Soedirman (Unsoed) ing Purwokerto.

Universitas swasta kang misuwur antarané Universitas Kristen Satya Wacana (UKSW) ing Salatiga, Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) lan Unika Soegijapranata ing Semarang, Universitas Muhammadiyah Surakarta, uga Universitas Panca Sakti ing Tegal.

Plesiran

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2006-06-29. Dibukak ing 2007-10-30.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. Robert Cribb, Historical Atlas of Indonésia (2000:165)
  3. Kamus Besar Bahasa Indonésia (1997:1249)
  4. Robert Cribb, Historical Atlas of Indonésia (2000:51)
  5. Clifford Geertz, The Religion of Java (1976:121-131), paperback edition
  6. http://www.kompas.com/kompas-cetak/0312/27/natal/768772.htm
  7. Toponimi Sundha lumrahé diawali karo mofem ci-, kang tegesé "kali" utawa "banyu" [1]. Dayeuh uga sawijining tembung Sundha kang tegesé "tlatah", q.v. F.S. Eringa Soendaas-Nederlands woordenboek (1984)
  8. E.M. Uhlenbeck, A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964:62-65)
  9. Robert Cribb, Historical Atlas of Indonésia (2000:33)