Basa Jawa

basa Austronésia
(Kaelih saka Basa Jawi)

Basa Jawa ꧌ꦧꦱꦗꦮ꧍ iku kagolong basa Austronésia, yaiku basa-basa kang dianggo sawarna-warnaning bangsa pribumi ing kapuloan sakidulwetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten, nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basané uga kasebar ing Indonésia, saka Sumatra nganti Papua, uga ing Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao, lan ing Kalédonia Anyar.

Basa Jawa
ꦧꦱꦗꦮ
400 x 300px
"Basa" katulis ngangge Aksara Jawa
AsalJawa (Indonésia)
ÈtnisJawa (Mataram, Using, Tengger, Bawéan, Samin, Cerbon, Banyumas, lsp.)
Panyatur asli
100 yuta (2013)
Rupa purwa
Jawa Kuna (Kawi)
  • Basa Jawa
Aksara Latin
Aksara Jawa
Aksara Arab (Aksara Pégon)
Status resmi
Basa minoritas
diakoni ing
Kodhe basa
ISO 639-1jv
ISO 639-2jav
ISO 639-3Rupa-rupa:
jav – Basa Jawa
jvn – Basa Jawa Karibia
jas – Basa Jawa Kalédonia Anyar
kaw – Kawi
Glottologjava1253[1]
Javanese language distribution.png
Ijo tuwa: papan basa Jawa minangka basa mayoritas. Ijo enom: papan basa Jawa minangka basa minoritas.
Artikel iki ngandhut simbul-simbul fonètis IPA. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, panjenengan namung bakal weruh simbul pitakon, kothak, utawa liyané, nanging dudu karakter Unicode.

Basa Jawa dadi salah sawijining panyumbang kang gedhé dhéwé kanggo panuwuhaning basa Indonésia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamrintahan, basa Jawa nduwé prabawa sing luwih akèh tinimbang basa-basa laladan liyané, kaya ta ing tetembungan, lan istilah-istilah kang kadhangkala nganggo tembung Jawa.

Peta iki gambar laladan basa Jawa dianggo ing pasrawungan. Ijo tuwa tegesé basa Jawa basa mayoritas, banjur ijo enom tegesé basa Jawa basa minoritas.

Basa Jawa iku péranganing sub-cabang Sundik saka kulawarga basa Indo-Polinesia Kulon saka pang basa Indo-Polinesia kang gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sadulur cedhak basa Malayu, basa Sundha, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.

Basa Jawa digunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan, lan uga pasisir lor Jawa Kulon, banjur ing Madura, Bali, Lombok, lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon. Basa Jawa uga diterapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing karaton Palembang, Sumatra Kidul, sadurungé karaton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping 18.

Basa Jawa bisa kaanggep salah sawijining basa klasik ing donya. Basa iki nduwé sajarah kasusastran kang wis lawas banget, punjul 12 abad. Para nimpuna basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang urutan:

Basa Jawa bisa ditulis mawa aksara Jawa, (turunaning aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pégon) lan aksara Latin [2].

Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia kang akèh dhéwé cacahing panutur ibuné.[3] Basa iki dituturaké lan dingertèni déning kurang luwih 80 yuta wong. Kurang luwih 45% kang ndunungi nagara Indonésia tedhak turuning wong Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh présidhèn Indonésia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku ibuné priyayi Jawa). Dadi, ora nggumunaké, basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing pikembanganing basa Indonésia.

Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung carabasa utawa basawangsa (rumpun) utama: cara Jawa Kulon, cara Jawa Tengah, lan cara Jawa Wétan. Ing pulo Jawa, ana kang diarani dialect continuum (sasambunganing carabasa) saka Banten, ing ujung kulon, tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh carabasa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (Ing: mutually intelligible).

FonologiBesut

Foném basa Jawa modhèren lan baku iku:

Swara (vokal)Besut

Ngarep Tengah Wuri
Katutup i     u
Setengah katutup e ə o
Setengah kabukak (ɛ)   (ɔ)
Kabukak   a  

Pangucapan swara-swara iki rada njlimet. Ciri utama iku yèn ing basa baku Mataraman, /a/ ing wanda mawa posisi kabukak ing posisi pungkasan lan sadurungé pungkasan, diucapaké kaya déné [ɔ].

Wyanjana (konsonan)Besut


Osthya Dantya Murdhanya Talawya Kanthya Wisarga
Sigegan p b̥ t d̥ ʈ ɖ̥ dʒ̊ k g̊ ʔ
Usma   s (ʂ)     h
Ardaswara w l r   j    
Anuswara m n (ɳ) ɲ ŋ  

Pènget: Foném mawa tandha kurung iku alofon.

Carabasa-carabasa JawaBesut

Basa Jawa iku akèh banget cara pituturané. Ana carabasa parisaba kang dipara miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi:

Ana basa kang mligi kanggo keprelon resmi karaton:

  • Bagongan (dianggo ing kraton Ngayogyakarta adiningrat)
  • Kedhaton (dianggo ing kraton Surakarta adiningrat)

Kajaba iku, ana carabasa kang didhasarké dening tlatahé, lan ora sakabèhé carabasa Jawa dimangarteni déning kabèh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawatara juru basawidya Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Kajaba iku, uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan carabasa Jawa. Pamérangan para nimpuna iki rada séjé, lan ora sarujuk siji lan sijiné.

Pamérangan PoerwadarmintaBesut

Miturut Poerwadarminta ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa[4], carabasa-carabasa ana:

  1. Carabasa Banten[4]
  2. Carabasa Cirebon[4]
  3. Carabasa Banyumas lan Tegal[4]
  4. Carabasa Bagelèn[4]
  5. Carabasa Ngayogyakarta lan Kedhu[4]
  6. Carabasa Surakarta, Madiyun lan Semarang[4]
  7. Carabasa Muria Agung (Pati, Kudus, Jepara, Rembang)[4]
  8. Carabasa Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)[4]
  9. Carabasa Malang-Pasuruhan[4]
  10. Carabasa Banyuwangi[4]

Pamérangan UhlenbeckBesut

Carabasa-carabasa iku miturut juru basawidya Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), diklumpukaké dadi 3 (telung) wangsa (rumpun) ya iku:

Klumpukan ing nduwur iku lumrahé ingaran basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.

Kelompok ing nduwur kaé lumrahé ingaran basa Jawa baku.

Kelompok ing ndhuwur iku lumrahé diarani basa Jawa wétanan.

Pamérangan Wurm lan HattoriBesut

 
Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)

Wurm lan Hattori (1983:39) mérang carabasa-carabasa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 pérangan:

  1. Carabasa Banten
  2. Carabasa Lor-Kulonan
  3. Carabasa Manuk
  4. Carabasa Cerbon
  5. Carabasa Kulonan-Tengah
  6. Carabasa Wétanan
  7. Carabasa "Laladan Jawa ing Banyuwangi"[5]

Pamérangan unggah-ungguh basa JawaBesut

Basa Jawa iku bisa dipérang miturut unggah-ungguhé utawa uga diarani register. Manut undha usuk utawa unggah-ungguhé iku dadi

  • Basa Ngoko
  • Basa Madya
  • Basa Krama

Banjur uga ana sawatara tetembungan krama inggil lan krama andhap kang bisa dienggo ing saben register.

Gunané krama lan kanggoné kramaBesut

Basa Ngoko

  1. Dienggo wong tuwa marang anaké
  2. Dienggo guru marang murid.
  3. Dienggo déning sepadha-padha kang wis kulina
  4. Dienggo ndhuwuran marang andhahan

Tuladha: Kowé gelem mangan sega lodèh mas?

Basa Ngoko Alus

  1. Dienggo déning wong-wong sapadha-padha kang wis kulina nanging isih ngajèni.
  2. Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajadé luwih dhuwur.

Tuladha: Sampeyan purun nedha sekul lodèh Mas?

Basa Krama

  1. Dienggo déning wong kang durung raket banget.
  2. Dienggo déning wong kang durung tuang.

Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sega lodèh mas?

Basa Krama Inggil

  1. Dienggo déning wong enom marang wong tuwa.
  2. Dienggo déning murid marang guru.
  3. Dienggo déning ngisoran marang dhuwuran.

Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sekul lodhèh Mas?

Dhémografi pisebaring panutur basa JawaBesut

Delengen uga: Wong Jawa

Basa Jawa dicaturaké ing saindhenging Indonésia, nagara-nagara tangga Asia Kidul-wétan, Walanda, Suriname, Kaledonia Anyar, lan nagara-nagara liyané. Populasi panutur gedhé dhéwé tinemu ing enem provinsi Jawa dhéwé, lan ing provinsi tangga Sumatra saka Lampung.

Sawijining tabèl kang nuduhaké gunggung panutur asli ing taun 1980, saka 22 provinsi ing Indonésia (saka total 27 ing wektu iku) kang nuturaké basa Jawa punjul 1%, ya iku:[6]

Provinsi ing Indonésia persèntase pedunung provinsi Panutur basa Jawa (1980)
1. Provinsi Acèh 16.7% 275,000
2. Sumatra Lor 43.0% 5,757,000
3. Sumatra Kulon 38.5% 2.595,000
4. Jambi 29.7% 873,000
5. Sumatra Kidul 27.5% 982,000
6. Bengkulu 35.4% 818,00
7. Lampung 82.6% 8,486,000
8. Riau 28.5% 384,000
9. Jakarta 43.9% 2,694,000
10. Jawa Kulon[7] 28.7% 3,658,000
11. Jawa Tengah 99.0% 36,579,000
12. Yogyakarta 99.6% 5,683,000
13. Jawa Wétan 86.8% 32,726,000
14. Bali 13.1% 108,000
15. Kalimantan Kulon 25.7% 621,000
16. Kalimantan Tengah 10.6% 145,000
17. Kalimantan Kidul 24.7% 297,000
18. Kalimantan Wétan 34.1% 128,000
19. Sulawesi Lor 1.0% 20,000
20. Sulawesi Tengah 2.9% 37,000
21. Sulawesi Kidul-wétan 10.6% 84,000
22. Maluku 31.3% 419,000

Cathetan suku lan réferènsiBesut

  1. Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Javanesic". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History.
  2. Van der Molen (1983:VII-VIII).
  3. Diirit déning,--ora kalebu dhialèk Cina lan basa Indic kanthi status resmi nagara--basa Sundha saka pérangan kulon pulo Jawa
  4. a b c d e f g h i j k Poerwadarminta (1953:2)
  5. Sajatiné kang dikarepaké iku dhialèk Jawa-Using.
  6. Data dijupuk saka sènsus taun 1980 kaya déné kang dicawisaké déning James J. Fox lan Peter Gardiner lan diterbitaké déning S. A. Wurm lan Shiro Hattori, eds. 1983. Language Atlas of the Pacific Area, Part II: (Insular South-East Asia), Canberra.
  7. Ing taun 1980 iki kalebu provinsi Banten, saiki kapisah.

Uga delengenBesut

SumberBesut

  • W.J.S. Poerwadarminta. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff
  • E.M. Uhlenbeck. 1964. A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura. The Hague: Martinus Nijhoff,
  • S.A. Wurm and Shiro Hattori, eds. 1983. Language Atlas of the Pacific Area, Part II (Insular South-east Asia). Canberra.

Pranala njabaBesut

Wikibooks ndarbèni artikel ngenani